Surate Paulus sing ping pindo
nang umate Yesus ning kota Korintus
2 Korintus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Paulus nulis pepirang surat nang umate Yesus ning kota Korintus. Surat sing kene arani 1 Korintus sak'jane surate ping pindone (Delengen 1 Korintus 5:9). Terus, surat iki sing kene arani 2 Korintus sak'jane surat sing ping papat teka Paulus (Delengen 2 Korintus 7:8) nang wong Korintus. Surat iki ditulis kurang luwih taun 55 Masehi. Ngapa Paulus nulis akeh surat nang umate Yesus ning Korintus? Ana akeh masalah.
1. Paulus diremehen nang utusan palsu sing anggep awak'e dewe luwih penting ya luwih agung timbangane Paulus.
2. Paulus kepingin ngurusi salah sijine wong percaya sing dusa (1 Korintus 5:1). Wong iku diukum nang wong percaya liyane terus Paulus kepingin ukuman iku mau dimarek'en.
3. Wong percaya ning Korintus iku dadi mangkel nang Paulus merga jerene Paulus kate teka, tapi kok orak teka-teka. Paulus kudu mbelani awak'e dewe terus mbuktek'en nek nanak utusan liyane sing luwih welas asih nang wong Korintus timbangane Paulus dewe. Terus Paulus mestek'en nek'e bakale teka maneh.
Tema : Pengeran sing nambani atine kene, merga kuwasane Pengeran disempurnak'en ning njerone kene sing nanak dayane.
Ayat kunci : 12:9 - Tapikne Gusti Yesus guneman nang reang, “Welase Reang cukup kanggo sira. Kuwasane Reang disempurnak'en pas sira nanak dayane.”
Isine
1. Bebuka: Sing nguwaten, yaiku Gusti (1:1-11)
2. Paulus nggenehi weruh ngapa rencanane Paulus malih sampek orak teka nang Korintus (1:12 - 7:16)
3. Paulus nulis ngenek'i sumbangan sing kate dikirim nang Yerusalem (8-9)
4. Paulus mbela awak'e dewe sing dadi utusane Yesus (10:1 - 13:10)
5. Salam sing pungkasan (13:11-13)