Tokna wong sing jahat iku!
5
Reang gawok krungu ana dusa jinah sing ana ning antarane sira! Reang digenehi weruh ana wong lanang sing kumpul kebo mbarek emak tirine! Wong-wong sing orak percaya nang Pengeran wae orak nglakoni barang elek kayak ngono! 2 Apa maneh, sira kabeh pada gendak mbarek ngapik'en wong iku entah nanak salahe! Sak'jane sira kudu susah atine! Ngapa kok wong lanang iku durung ditok'en teka grejane sira? 3 Masia awak'e reang dewe orak bebarengan sira sak'iki, reang ya bebarengan sira sak'njerone roh. Dadi reang wis ngakimi wong lanang iku, entahe reang ana mbarek sira sak'iki. 4 Dadi pas sira kabeh nglumpuk sak'njerone jenenge Gusti Yesus, reang ya bakale melu sak'njerone roh. Terus kene kabeh bakale dibarengi kuwasane Gusti Yesus pisan. 5 Sira kudu masrahen wong iku nang Iblis cekne ragane dijuren. Nek ngono rohe bakale dislameten pas wayahe Gusti Yesus teka maneh.
6 Orak apik nek sira gendak soal iki. Dusa iku ngetah ragi. Apa sira orak weruh nek ragi setitik wae bisa ngembangen roti sak'adonan? 7 Ragi sing lawas iku kudu dibuang. Sira bisa dadi adonan anyar sing nanak ragine. Roti sing nanak ragine ya nggambaren sira, yaiku wong-wong sing nanak dusane. Kristus iku memper anak domba sing dikorbanen pas riaya Paskah.a Kristus wis dikorbanen kanggo nyucek'en kene. 8 Dadine, ayo ngrayak'en Paskah iku, tapikne orak ngliwati mangan roti lawas sing nggawe ‘ragi’. ‘Ragi’ nggambaren dusa, memper wong sing sengit, ya wong sing nglakoni paran sing jahat. Dadi ayo pada ngrayak'en Paskah ngliwati mangan ‘Roti Sing Nanak Ragine,’ yaiku urip sing jujur ambek bener.
9 Ning surate reang sing kawitan, reang wis nulis cekne sira ngedoh teka wong-wong sing cabul. 10 Reang orak nduweni maksut cekne sira ngedohi wong-wong sing orak percaya nang Yesus sing nglakoni dusa iku, entah sing srakah, utawa sing seneng nipu, utawa nyembah reca dewa. Nek ngono sira kudu metu teka ndunya iki! 11 Maksute reang ngene: Sira kudu ngedohi sapa wae sing ngaku nek awak'e dulur sak'iman, tapi sing gek seneng nglakoni dusa jinah, srakah, sing nyembah reca dewa, sing ngenyek wong liya, seneng mabuk utawane ngakali wong. Dohana wong sing ngakoni percaya nang Yesus sing entah iku, ya ajo mangan bareng wong-wong iku.
12 Kene orak duwe urusan ngakimi uwong ning njabane kumpulane wong-wong sing percaya nang Yesus. Tapi, kudune kene ngakimi wong sing ana ning njerone umate Yesus. 13 Pengeran bakale ngadili wong-wong ning njabane kumpulane wong sing percaya Yesus. Entah sing tetulis ning Kitab Suci: “Tokna wong sing jahat iku!” (Ulangan 17:7)