Ajo nggawa dulur sak'iman nang pengadilan
6
Nek ana ning antarane sira sing guder, usaha cekne diurus ning ngarepe umat pilihane Pengeran. Ngapa kok kepingin wong sing orak percaya ngadili masalahe sira? 2 Apa sira orak weruh nek umat pilihane Pengeran bakale ngadili ndunya? Terus, nek sira bakale ngadili ndunya, mestine sira ya bisa ngurusi masalah cilik sing orak kosi penting. 3 Apa sira orak weruh nek'e wong percaya bakale ngadili malaekat-malaekat? Apa maneh masalah-masalah biasa ning urip saben dinane! 4 Umpamane sira orak setuju siji karo sijine sak'njerone masalah cilik. Apa sira kate nggawa masalah iku ning ngarepe wong sing orak dianggep umate Pengeran? Ya mestine orak! 5 Reang guneman ngene iki kepe sira isin. Masak nanak tah sesijia wong ning antarane sira kabeh sing bijak, sing bisa marek'en guder ning antarane wong percaya! 6 Masak ana wong percaya sing budal nang pengadilan kanggo nglawan dulure sak'iman! Apa maneh, masalah iku mau digawa ning ngarepe wong sing orak percaya!7 Nek sira nggawa wong percaya liyane cekne diadili, iku pada wae sira wis kalah ning tengah-tengahe perang. Ketimbang sira guder ambek kanca sak'iman, luwih apik sira disalahen wae! Luwih apik sira dirugek'en wae! 8 Tapikne sak'iki sira dewe mbojok mbarek nyalahen. Apa maneh sira nglakoni ngono nang dulur-dulure sira sak'iman!
9 Apa sira orak weruh nek'e wong-wong sing orak adil orak bakal marisi Kerajaane Pengeran? Ajo gelem dibujuk'i. Wong-wong sing nglakoni cabul orak bakal diterima Pengeran. Ya pisan sing nyembah reca dewa utawa nglakoni jinah, wong lanang sing kumpul karo wong lanang liyane, 10 maling utawa wong srakah, wong sing seneng mabuk, sing mitnah, utawa sing mbegal. Wong sing urip ngono iku mau orak bakal marisi Kerajaane Pengeran. 11 Ilinga! Meh kabeh teka sira ya tau urip orak kekaruan memper iku mau. Tapi dusa-dusane sira wis dirijik'i. Sira wis disucek'en. Sira wis dibeneren ngliwati jenenge Gusti Yesus Kristus ambek ngliwati Roh sing teka Pengerane kene.
Wong percaya dadi Ragane Yesus Kristus
12 Ana sing guneman, “Kene kabeh bebas nglakoni paran wae.” Tapikne nurut reang, orak kabeh sing dilakoni ana gunane. Sepisan maneh ana sing guneman, “Kene kabeh bebas nglakoni paran wae.” Tapikne kene ya orak oleh dikuwasai paran wae. 13 Ana pisan sing guneman, “Panganan gawe weteng, ya weteng gawe panganan.” Reang njawab nek lelorone bakal dimusnahen Pengeran. Apa maneh, ragane kene duduk gawe jinah, tapi gawe Gusti Yesus. Ya ngono pisan Gusti iku gawe ragane sira. 14 Pengeran sing nangek'en Gusti Yesus teka antarane wong mati nggawe kuwasane. Pengeran ya bakal nangek'en kene kabeh pisan. 15 Apa sira orak weruh nek'e awak'e sira iku bageane Ragane Kristus? Njare nek reang njupuk sak'bageane Ragane Kristus terus tak gabungen mbarek senok? Ajo sampek ngono! 16 Pas sira kumpul bareng senok iku, sira wis dadi sak'raga ambek senok iku mau. Apa sira orak weruh iki mau? Merga Kitab Suci guneman, “Lelorone bakal dadi sak'raga.” † 17 Tapikne sapa wae sing dadi siji ambek Gusti Yesus, rohe wong iku ya bakal dadi siji ambek Rohe Yesus.
18 Adohana awak'e sira teka dusa cabul. Sak'kabehe dusa liyane dilakoni menungsa ning njabane awak'e. Tapikne dusa cabul iku ya dusa nang awak'e wong dewe. 19 Apa sira orak weruh nek awak'e sira iku Umahe Roh Suci, sing manggon ning njerone sira? Pengeran nggewehi Roh Suci iku nang sira. Sira iku duduk duwek'e sira dewe. 20 Sira wis dituku Kristus. Dadi gawea ragane sira kanggo ngajeni Pengeran.