Pesen gawe wong sing wis rabi ambek sing kate rabi
7
Sak'iki reang kate nulis ngenek'i paran wae sing sira takon nang reang maune. Pepirang wong ning antarane sira guneman, “Apik'e nek wong lanang orak turu karo wong wedok.” 2 Tapi cekne orak sampek nglakoni jinah, apik'e saben wong lanang kumpul karo bojone dewe sing wedok. Ya saben wong wedok kumpul karo bojone dewe sing lanang. 3 Kudune wong lanang ngladeni bojone pas sing wedok kepingin turu kumpul. Ngono pisan wong wedok kudu ngladeni bojone, pas sing lanang kepingin turu kumpul. 4 Ragane wong wedok iku duduk duwek'e dewe, tapikne iku ye duwek'e bojone sing lanang. Ya sewalik'e, ragane sing lanang duduk duwek'e dewe, tapi dadi duwek'e bojone sing wedok. 5 Ajo nolak pas wayahe ngladeni bojone dewe, kejaba lelorone sepakat mentingen wayah kanggo dedunga. Marine ngono, nerusen hubungan maneh. Ngliwati cara iku, sira orak bakal diguda Iblis, mergane sira orak bisa nguwasani napsu awak'e dewe.6 Sing tak sampek'en iki mek pikire reang, duduk prentah. 7 Sak'benere reang kepingin sira kabeh dadi wong bujang entah reang. Tapikne sira ya nduweni karuniane dewe-dewe teka Pengeran. Sing siji nduweni karunia dadi bujang, sing liyane nduweni karunia rabi.
8 Gawe wong-wong sing durung rabi, ya gawe randa-randa, apik'e sira kabeh tetep bujang entah reang. 9 Tapikne nek sira orak bisa nguwasai awak'e dewe, luwih apik sira rabi wae, timbangane kalah nang napsune sira dewe.
10 Gawe sing wis rabi, ngene iki prentahe Gusti Yesus, duduk pikire reang dewe. Wong wedok orak oleh ninggalen bojone. 11 Nek wong wedok iku wis ninggalen bojone, wong wedok iku orak oleh rabi maneh. Tapi nek gelem, oleh mbalik maneh nang bojone. Terus wong lanang orak oleh megat bojone.
12 Gawe kabeh wong liya, iki pikire reang, duduk prentah langsung teka Gusti Yesus. Umpamane ana dulur lanang sak'iman sing bojone orak sak'iman. Nek wong wedok iku gelem urip bareng, wong lanang iku orak oleh megat bojone iku. 13 Terus umpamane ana wong wedok sing bojone duduk wong percaya nang Yesus. Nek sing lanang iku gelem urip bareng, orak kudu pegatan. 14 Wong lanang sing orak percaya iku wis disucek'en ngliwati wedok'e. Terus, wong wedok sing orak percaya iku mau wis disucek'en ngliwati lanange. Nek iku orak ngono, anak-anak'e sira orak suci. Tapikne merga salah sijine wong tuwek'e percaya, lelare iku dianggep suci.
15 Tapi nek ana wong lanang utawa wong wedok sing orak percaya Yesus kepingin ninggalen sira sing percaya Yesus, jaren wae wong iku budal. Nek ditinggalen, wong percaya wis bebas, nanak ikatan maneh. Tapi Pengeran kepingin kene urip rukun.
16 Merga kene orak weruh paran sing bakal kedadean. Wong wedok, sira orak weruh nek bojone sira sing orak percaya bakale dislamaten. Wong lanang, sira orak weruh nek bojone sira sing orak percaya bakale dislameten.
Uripa paran anane entah maune pas sira dipilih Pengeran
17 Tapi saben wong percaya kudu urip nurut sing wis ditentok'en Gusti Yesus gawe wong iku. Uripa paran anane persis pas Pengeran milih sira. Iku aturan sing tak gewehen nang kabeh kumpulane wong sing percaya Yesus. 18 Nek ana wong lanang sing wis disunat pas dipilih Pengeran, wong iku ajo ngilangen tengere sunat. Terus, nek ana wong sing orak disunat pas dipilih Pengeran, wong iku ya orak usah disunat. 19 Merga sunat utawa orak disunat iku orak penting. Sing penting, nglakoni paran sing diprentahen Pengeran. 20 Sira kabeh kudu urip paran anane entah maune pas dipilih Pengeran.
21 Apa maune sira dadi budak pas sira dipilih Pengeran? Iku orak ngengapa! Tapikne nek sira bisa dibebasen, ya dadia bebas. 22 Merga wong sing dadi budak pas dipilih Gusti, sak'iki wis dibebasen ning njerone Gusti. Sewalik'e, wong sing bebas pas dipilih, ya dadi budak'e Kristus. 23 Sira wis dituku Yesus, ya wis dibayar lunas. Merga iku ajo dadi budak'e menungsa. 24 Dulur kabeh, uripa ning ngarepe Pengeran paran anane entah maune pas sira dipilih Pengeran.
Pesen gawe wong-wong sing durung rabi
25 Sak'iki reang kate ngomongen wong-wong sing durung rabi. Iki ngono pikire reang, duduk prentah langsung teka Gusti Yesus. Tapi, merga welase Gusti Yesus, reang dipercaya kanggo ngandani sira. 26 Uripe kene ning ndunya sak'iki ewoh. Dadi reang mikir luwih apik nek sira tetep urip paran anane entah sak'ikine. 27 Nek sira wis rabi, ajo kepingin pegatan. Nek sira durung rabi, ya ajo nggolek bojo. 28 Tapi nek sira rabi, sira orak dusa. Terus nek ana prawan sing rabi, prawan iku ya orak dusa. Tapi wong sing rabi bakale nduweni akeh masalah ning ndunya iki. Reang kepingin ngedohen sira teka masalah iku.
29 Dulur kabeh, maksute reang, wektune kene mek titik wae. Molai sak'iki, sapa wae sing wis duwe bojo, uripa ngentah wong sing orak bebojonan. 30 Wong-wong sing susah atine kudu urip ngentah orak duwe susah. Wong sing bungah kudune urip ngentah wong sing orak bungah. Wong-wong sing tuku paran wae kudune urip ngentah wong sing orak nduweni paran sing wis dituku. 31 Wong-wong sing nggawe barang sing ana ning ndunya iki kudu urip ngentah orak tau nggawe barang paran wae. Merga ndunya iki wis molai sirna.
32 Reang orak kepingin sira nguwatiren peparan wae. Wong lanang sing bujang mek mikiren penggaweane Gusti Yesus. Wong iku mek mikiren njare carane bisa urip nyenengen Gusti Yesus. 33 Tapi wong lanang sing wis rabi iku mikiri masalah ndunya. Wong iku kepingin weruh njare carane nyenengen bojone. 34 Pikirane mecah dadi loro. Teruse, wong wedok sing gek prawan mek mikiren penggaweane Gusti Yesus. Wong wedok iku kepingin ngladeni Gusti Yesus nggawe roh ambek raga sing suci. Tapi wong wedok sing wis mari rabi mikiri masalah ndunya. Wong wedok iku kepingin weruh njare carane nyenengen bojone.
35 Reang nyampek'en iku gawe apik'e sira dewe. Maksute reang, orak ngalangi kekarepane sira. Tapi sewalik'e reang kepingin sira urip apik karo bener. Reang kepingin sira mancer ngladeni Gusti Yesus.
36 Umpamane ana wong lanang sing wis nakok'en tapi rumangsa salah merga nunda-nunda orak ndang dirabi sampek prawane dadi tuwek. Nek wong loro iku rumangsa cocok rabi, ya rabia. Iku orak nglakoni dusa. Wong lanang ambek wedok iku kudu rabi. 37 Tapi, umpamane wong lanang iku mantep mutusen orak ngrabi prawan iku mau, iku ya apik pisan. Pokok'e wong lanang iku orak duwe kekarepan sing nemen gawe rabi, terus wong lanang iku mau bisa nguwasai awak'e dewe. 38 Dadi, wong lanang sing ngrabi prawan iku ngono bener. Tapikne wong lanang sing orak ngrabi prawan iku ya nglakoni paran sing luwih apik.
39 Wong wedok kudu urip ambek bojone sak'lawase urip. Nek bojone wis mati, wong wedok iku bebas rabi maneh ambek sapa wae sing dikarepen. Tapi wong lanang sing kate ngrabi iku kudu percaya nang Gusti Yesus. 40 Tapi nurut reang, uripe wong wedok iku bakale luwih enak nek'e orak rabi maneh. Reang ya rumangsa nek reang dipimpin Rohe Pengeran pas nulis iki.