Panganan sing wis dikorbanen
8
Sak'iki reang kate nulis ngenek'i masalah panganan sing dikorbanen nang reca dewa. Kene weruh nek, “Kene kabeh duwe ilmu.” Ilmu nggarai wong dadi gendak, tapikne welas asih nguwaten wong. 2 Nek ana wong sing nganggep awak'e ngerti sembarang kalire, iku tegese wong iku orak ngerti peparan. 3 Tapikne sapa wae sing welas asih nang Pengeran, wong iku ya dikenal Pengeran. 4 Dadi, iki ngono sing tak gunem ngenek'i mangan panganan sing dikorbanen nang reca dewa: Kene weruh nek'e, “reca dewa nanak kuwasane.” Terus kene ya weruh, “Pengeran iku mung ana siji, nanak tunggale maneh.” 5 Masia akeh wong ning ndunya iki nyembah akeh “ilah” karo “gusti” palsu, mboh iku dewa ning swarga utawa ning ndunya, 6 tapikne gawe kene mek ana siji Pengeran, yaiku Sang Bapak. Sembarang kalir asale teka Pengeran, ya kene urip kanggo Pengeran. Mek ana siji Raja, yaiku Yesus Kristus. Sembarang kalir asale teka Yesus, ya merga Yesus kene bisa urip.7 Tapikne orak kabeh wong weruh iki. Ana pepirang dulur sak'iman sing maune ngorbanen kewan nang reca dewa-dewa. Terus sak'iki nek wong-wong iku mangan panganan sing dikorbanen nang dewa-dewa, rumangsa dinajisen merga percayane orak kuwat. 8 Tapikne panganan sing dikorbanen nang reca dewa orak bisa nggawa kene dadi parek nang Pengeran. Nek orak dipangan kene orak rugi, terus nek dipangan, ya orak dadi tambah apik.
9 Sira bebas nglakok'en paran wae. Tapi kudu sing ati-ati cekne sira orak nggarai wong sing orak kuwat percayane sampek nglakoni dusa. 10 Umpamane sira sing kuwat percayane mangan iwak sing dikorbanen ning salah siji umahe dewa ning Korintus. Terus umpamane ana dulur sak'iman sing ndeleng sira mangan, tapi wong iku orak kuwat percayane. Pas ndeleng sira mangan, wong iku bisa dadi nekat terus mangan paran sing wis dikorbanen nang reca dewa. Nek ngono wong iku wis nglakoni dusa ning batine dewe. 11 Kristus wis mati gawe wong iku! Tapi sira gendak merga ngerti kabeh dewa nanak kuwasane. Terus dulure sira sak'iman iku sing orak kuwat percayane, sing gek mikir dewa iku duwe kuwasa, dadi rusak imane.
12 Dadi sira iku nglakoni dusa merga mangan terus nggarai wong sing orak kuwat iku nekat mangan panganan sing dikorbanen nang dewa iku. Sira dadi ngrusak percayane dulur sing orak kuwat iku nang paran sing bener ambek sing salah. Nek ngono, sira wis dusa nang Kristus. 13 Mangkane, nek'e iwak sing tak pangan sampek nggarai dulure reang sak'iman nglakoni dusa, reang bakal orak mangan iwak maneh. Ngliwati cara iki, reang orak bakal nggarai dulur-dulure reang nglakoni dusa ning batine dewe.