Utusane Yesus duwe hak nerima buruhan teka penggaweane
9
Apa reang orak bebas? Apa reang iki duduk utusane Yesus? Apa reang durung tau ndeleng Yesus, Gustine kene? Sira kabeh iku bukti teka penggaweane reang sak'njerone Gusti Yesus. 2 Bisa wae wong liya nganggep reang duduk utusane Gusti Yesus. Tapikne kanggo sira, reang iki pancene utusane Gusti Yesus. Sira kabeh iku bukti nek reang iki utusan teka Gusti Yesus. 3 Iku mau jawabane reang nek diadili wong sing jerene reang duduk utusane Yesus.
4 Masak tah kene orak duwe hak digewehi mangan karo ngombe teka wong sing diladeni? 5 Masak tah kene orak duwe hak nggawa bojo sing percaya mbarengi kene pas budal nang endi-endi? Wong nyatane utusan-utusan liyane nglakoni ngono. Dulur-dulure Gusti Yesus karo Petrusa ya nglakoni ngono pisan. 6 Apa maneh, utusan-utasan liyane nerima sumbangan gawe butuhe urip sing cukup. Tapi ngapa kok dukungane reang karo Barnabas orak cukup sampek kene mbelani nyambut gawe kanggo nyukupi? Apa kene orak duwe hak oleh dukungan sing pada karo utusan-utusan liyane?
7 Wong sing nyambut gawe dadi prajurit mestine dibayar. Sing manja wit anggur mestine mangan wohe. Sing angon wedus mestine ngombe susune wedus. 8 Nurut pikirane menungsa pancene pantes wong nerima balesan teka penggaweane. Nyatane hukum agama Ibrani ya muruk'i ngono pisan. 9 Iki sing ditulis ning Hukume Nabi Musa,b “Ajo mbrangus cangkeme sapi sing gek ngidek gandume, cekne bisa mangan pas nyambut gawe.” Pengeran orak mek mikiren sapi tok pas nyampek'en prentah iku. 10 Pancene Pengeran ya mikiren kene, utusan-utusane. Sapa wae sing nggarak gagane ya sing misahen sekem teka gandume mestine duwe arep-arep melu ngrasak'en panenane gandume. Mestine wong sing nyambut gawe iku ya arep mangan teka asile.
11 Kene lak wis manja weneh rohani ning antarane sira. Apa orak pantes tah kene ditulungi sira? 12 Ngapa utusan-utusan liyane duwe hak direwangi nang sira? Apa kene orak duwe hak sing luwih gede ketimbang wong-wong iku? Tapikne kene orak duwe pamrih nang hak iku. Luwih apik kene rugi wae. Kene nglakoni ngono cekne ajo sampek butuhe kene ngalangi sira nerima Kabar Apik teka Kristus.
13 Sira lak wis weruh, nek wong sing ngladeni ning Umahe Pengeran oleh mangan panganan sing digawa nang Umahe Pengeran? Terus, pengarepe sembahyang sing ngobongi korban ning mesbah ning Umahe Pengeran ya oleh mangan teka korban sing diobong ning mesbah iku. 14 Ya ngono pisan Gusti Yesus wis nentok'en nek butuhe kene sing penggaweane nyampek'en Kabar Apik kudu dicukupi nang wong-wong sing ngrungok'en Kabar Apik iku mau.
15 Tapikne reang orak tau gawe sesijia hak-hak iku. Reang orak nulis kabeh iki merga duwe arep sira nggenehi peparan nang reang. Luwih apik reang mati ketimbang kilangan seneng nek reang orak dibayar kanggo nyampek'en Kabar Apik. 16 Merga nek reang nyampek'en Kabar Apik, reang orak bisa ngapik'en paran sing tak lakoni. Reang kudu nyampek'en Kabar Apik merga dikongkon Pengeran. Nek reang orak nyampek'en, sida blaen reang! 17 Umpamane reang nyambut gawe teka karepe reang dewe, reang duwe hak nerima buruhan. Tapikne nek reang nglakoni penggawean sing wis dipasrahen Pengeran nang reang, penggawean iku wis dadi tanggungane reang. 18 Iku balesane reang: reang bisa nyampek'en Kabar Apik masia orak dibayar. Terus reang bisa nglakoni iku kabeh orak gawe hak'e utusan-utusane Yesus.
Paulus bebas ngladeni sapa wae
19 Reang iki bebas! Reang duduk budak utawa duwek'e sapa wae. Tapikne reang wis ndadek'en awak'e reang iki budak kanggo kabeh wong. Kabeh iki tak lakok'en kanggo nyelameten sak'akeh-akehe wong kanggo Kristus.
20 Nang wong Ibrani,
reang entah kaya wong Ibrani
kanggo nyelameten wong Ibrani.
Nang wong sing manut nang hukum agama,
reang ya entah kaya wong sing manut nang hukum agama.
Reang nglakok'en iku, masia reang dewe bebas teka hukum agama. Reang nglakoni ngono kanggo nyelameten wong sing manut nang hukum agama.
21 Nang wong sing orak duweni hukum agama,
reang entah wong sing orak duweni hukum agama,
cekne bisa nyelameten wong sing orak duweni hukum.
Reang nglakok'en iku, masia reang gek manut nang hukume Pengeran, merga reang dikuwasai hukume Kristus.
22 Nang wong sing orak kuwat,
reang entah wong sing orak kuwat,
cekne reang bisa nyelameten wong sing orak kuwat.
Nang kabeh maceme wong,
reang wis dadi entah peparan wae,
cekne reang sak'bisa-bisane nyelameten sak'akehe wong.
23 Kabeh iku tak lakoni cekne Kabar Apik tambah nyebar, ya cekne reang pisan bisa ngrasak'en berkah sing ana ning njerone Kabar iku.
24 Sira lak wis weruh ning njerone lomba mlayu, kabeh wong sing melu mlebu enggone lomba kudu melu mlayu pisan. Tapikne mek wong siji wae sing bakale menang! Merga iku, mlayua sing sak'temene, cekne sira bisa menang! 25 Saben wong sing kate melu lomba kudu latihan cekne bisa nguwasani awak'e dewe sak'njerone sembarang kalir. Wong-wong iku melu lomba cekne oleh mahkota gegodongan sing orak langgeng. Tapikne kene nglatih awak'e kene cekne oleh mahkota sing langgeng.c 26 Merga iku reang orak mlayu sing nanak tujuane. Reang duduk petinju sing sembarangan njotos. 27 Tapikne reang nglatih awak'e reang terus nguwasani ragane reang, cekne sak'marine nyampek'en Kabar Apik nang wong liya, ajo sampek reang dewe ditolak Pengeran.