Ilinga sejarahe wong Ibrani
10
Dulur kabeh, reang kepingin ngilingen sira ngenek'i paran sing kedadean nang mbah buyute wong Ibrani. Sak'marine metu teka negara Mesir, wong-wong iku dipimpin Pengeran sing ngrupak'en mendung. Wong-wong iku mlaku ngliwati Segara Abang.† 2 Wong-wong iku dadi muride Musa merga mlebu ning njero segara iku ambek ketutup mendung iku ngentah “dibaptis”. 3 Wong-wong iku kabeh mangan panganan rohani sing pada,† 4 ya ngombe banyu rohani sing pada.† Wong-wong iku ngombe teka watu rohani sing mbarengi wong-wong iku. Watu iku pancene Kristus dewe. 5 Tapikne Pengeran orak seneng mbarek sak'bagean gede teka wong iku merga orak manut. Mangkane akeh sing mati ning ara-ara amba.6 Kedadean iku mau dadi conto gawe kene kabeh, kepe ajo ngepingini paran sing jahat persis wong Ibrani iku biyen.
7 Dadi ajo nyembah sak'liyane Pengeran, persis kaya sing dilakoni sak'bageane wong Ibrani iku. Wis ditulis ning Kitab Suci, “Wong-wong iku lungguh mangan mbarek ngombe. Terus wong-wong iku pada tangi ambek njoget kanggo nyembah reca dewa.” (Keluaran 32:6)
8 Ajo nglakoni jinah, persis kaya sing dilakoni sak'bageane wong iku. Merga sak'njerone sedina ana telulikur ewu (23.000) wong sing diukum Pengeran terus mati.†
9 Ajo njajal kuwasane Gusti, persis kaya sing dilakoni sak'bageane wong Ibrani. Wong-wong iku dipateni mbarek ula sing ana upase.†
10 Ajo ngersula nang Gusti Pengeran. Iku mau sing dilakoni sak'bageane teka wong Ibrani. Wong iku mau ahire dipateni mbarek Malaekat Pepati.†
11 Kabeh kedadean sing dialami wong-wong iku dadi conto ya ditulis kanggo ngilingen kene, merga kene urip ning jaman sing pungkasan. 12 Dadi ati-atia! Ajo ndarak'en imane sira kuwat merga bisa wae sira kejungkel. 13 Coba'an paran wae sing sira alami iku pada wae karo coba'an-coba'an sing dialami menungsa liyane. Tapi Pengeran iku setia. Pengeran orak bakal ngejaren sira ngalami coba'an sing ngluwihi teka kekuwatane sira. Pas kenek coba'an, Pengeran bakale nggewehi sira dalan kepe sira bisa kuwat ngadepi masalah iku.
Ajo melu mangan panganan sing dikorbanen nang reca dewa
14 Merga iku kanca-kanca kabeh, ngedoha teka reca dewa. Ajo nyembah dewa-dewa iku mau. 15 Reang guneman nang sira sing dianggep duwe pengerten. Pikiren dewe paran sing tak omongen iku. 16 Kene nedanerima pas ngombe anggur ning Perjamuan Suci. Jelas kene dadi siji mbarek patine Kristus pas kene ngombe anggur iku. Pas kene mbagi roti, kene ya dadi siji mbarek ragane Kristus pisan. 17 Sing ana ning perjamuan mung roti siji, dadi masia kene akeh tapi ya dadi siji raga. Merga kene kabeh oleh bagean teka roti siji iku mau.
18 Pane delengen wong Ibrani pas nggewehi korban kewan ning mesbah. Wong-wong sing mangan korban iku wis dianggep melu ngladeni ning mesbah. 19 Apa sira ngerti sing tak bahas iku mau? Maksute reang panganan sing dikorbanen nang reca dewa iku asline barang sing orak penting ya nanak kuwasane. 20 Tapi paran sing dikorbanen wong-wong sing nyembah reca dewa iku asline bener-bener dikorbanen gawe Iblis. Iku orak dikorbanen gawe Pengeran. Reang orak kepingin sira dadi siji mbarek Iblis. 21 Sira orak bisa ngombe teka cingkire Gusti Yesus, ya teka cingkire Iblis pisan. Sira orak bisa oleh bagean teka perjamuane Gusti Yesus karo perjamuane Iblis pisan. 22 Apa kene gelem nggawe Gusti Yesus lara atine? Apa kene luwih kuwat teka Gusti Yesus?
Masia bebas, wong percaya kudu mikir dikek
23 Ana ning antarane sira sing guneman, “Kene kabeh bebas nglakoni paran wae.” Tapikne orak kabeh sing kene lakoni iku ana gunane. Sepisan maneh sira guneman, “Kene kabeh bebas nglakoni paran wae.” Tapikne orak kabeh sing kene lakoni bisa nguwaten wong liya. 24 Ajo mek nggolek untunge sira dewe. Sewalik'e, sira kudu nggolek untunge wong liya pisan.
25 Sira oleh mangan paran wae sing didol ning pasar iwak. Tapi orak usah takon apa iwak iku dikorbanen nang dewa utawa orak. 26 Merga ning Kitab Suci wis tetulis, “Ndunya iki duwek'e Gusti Pengeran. Ya ngono pisan kabeh sing ana ning njerone.” †
27 Misale ana wong sing orak percaya Yesus sing ngundang sira mangan bareng, terus sira gelem. Nek ngono mangana paran sing disuguhen ning ngarepe sira. Orak usah sira takon apa tah iwak iku dikorbanen kanggo dewa utawa orak. 28 (Tapi umpamane ana sing guneman nang sira, “Panganan iki wis dikorbanen kanggo reca dewa.” Ajo sira mangan panganan iku mau. Gatekna batine wong sing ndongengi sira. Terus ajo mangan kepe wong iku orak ngrumangsa salah ning batine. 29 Maksute reang, batine wong iku, duduk batine sira.)
Tapi ngapa kok uripe reang sing bebas diakimi nurut batine wong liya? 30 Umpamane reang nedanerima pas reang mangan. Terus ngapa reang kudu disalahen merga panganan? Wong reang wis nedanerima nang Pengeran!
31 Dadi mboh iku mangan utawa ngombe utawa paran wae sing sira lakoni, lakonana iku cekne Pengeran dimulyak'en. 32 Ajo dadi ganjelan ning atine wong, masia wong iku wong Ibrani utawa wong Yunani utawa umat pilihane Pengeran. 33 Elonana cara uripe reang. Reang usaha nyenengen atine kabeh wong ning sembarang kalir. Reang orak nggolek'i untunge reang dewe, tapi untunge wong liya. Reang nglakoni ngono kepe wong-wong iku bisa dislameten.