11
Tirokna nang reang, entah reang niru nang Kristus.
Ajo nirok'en sembahyange agama liya
2 Reang ngalem sira merga sak'sembarang kalire sira iling nang reang. Reang ya ngalem sira merga sira gek setia nang wuruk'ane reang pas reang gek ana ning Korintus biyen. 3 Tapi reang kepingin sira ngerti iki: memper ndase banyu dadi sumbere kali, Kristus iku ‘ndase’ kabeh wong lanang. Terus wong lanang iku ‘ndase’ wong wedok. Terus maneh Pengeran iku ‘ndase’ Kristus. 4 Umpamane ana wong lanang sing ndunga utawa nyampek'en pesen teka Pengeran, tapi nutupi ndase.a Nek nglakoni ngono wong lanang iku wis orak ngajeni ‘ndase,’ yaiku Kristus. 5 Terus umpamane ana wong wedok sing ndunga utawa nyampek'en pesen teka Pengeran, tapi orak nutupi ndase.b Wong wedok iku wis orak ngajeni ‘ndase,’ yaiku wong lanang. Iki ngono pada wae memper wong wedok sing nyukur rambute.c 6 Dadi, nek wong wedok orak gelem nutupi ndase, wong wedok iku kudu nyukur rambute. Tapi nek wong wedok iku isin ndase gundul, apik'e ndase ditutupi wae.
7 Wong lanang orak perlu nutupi ndase merga wong lanang iku gambaran karo kamulyane Pengeran. Tapi wong wedok iku kamulyane wong lanang. 8 Adam iku asale duduk teka Hawa, tapi Hawa iku sing asale teka Adam. 9 Wong lanang orak didadek'en kanggo wong wedok, tapi wong wedok sing didadek'en kanggo wong lanang. 10 Merga iku, wong wedok kudu nutupi ndase dadi tenger kuwasane, ya kanggo malaekat-malaekat pisan.
11 Tapikne, gawe wong-wong sing percaya nang Gusti Yesus, wong wedok orak bisa urip nek nanak wong lanang, ya wong lanang orak bisa urip nek nanak wong wedok. 12 Masia Hawa asale teka Adam, wong lanang ya lair teka wong wedok. Tapikne sembarang kalir asale teka Pengeran.
13 Pikiren! Apa pantes nek wong wedok ndunga nang Pengeran ning kumpulan tapi orak nutupi ndase? 14 Sira ya wis weruh orak pantes nek wong lanang duwe rambut dawa ngentah wong wedok. 15 Tapi nek rambute wong wedok dawa, iku dadi ajine wong wedok. Rambut sing dawa iku digewehen Pengeran nang wong wedok cekne dadi tutupe ndase. 16 Tapi nek ana sing orak setuju nang aturan iku mau, kudu weruh kene orak duwe aturan liyane. Kabeh kumpulane wong sing percaya nang Yesus ya pada melu aturan iku mau.
Cara sing bener kanggo ngrayak'en Perjamuan Suci
17 Teruse, nurut aturan sing kate tak sampek'en iki, reang orak ngalem sira. Reang orak ngalem, merga pas sira nglumpuk orak ngasilen barang sing apik tapikne elek. 18 Sing kawitan, reang krungu nek pas sira nglumpuk kanggo sembahyang, sira kabeh orak rukun, tapi misah dadi macem-macem kumpulan. Reang yakin kabar iku ana sak'bagean sing bener. 19 Pancene sira kabeh kudu misah nang kumpulane dewe-dewe, cekne katok sapa sing sak'temene percaya nang Yesus.
20 Dadi nek ngono, pas sira nglumpuk bareng, asline sing dilakoni iku orak pantes diarani Perjamuan Suci sing sejati. 21 Merga pas perjamuan iku wong-wong mek nggatek'en panganane dewe, kadekna ana sing gek pancet luwe, ya ana sing sampek mabuk. 22 Apa sira orak duwe umah dewe gawe mangan utawa ngombe? Sira ngisin-ngisini dulur-dulure sira ning greja sing orak duwe peparan. Sira ngremehen umat pilihane Pengeran merga ngisin-ngisini wong-wong iku! Reang kudu nuturen njare maneh nang sira? Apa reang iki kudu ngalem nang carane sira ngrayak'en Perjamuan Suci? Orak!
23 Merga paran sing wis tak nyampek'en nang sira, wis tak terima teka Gusti Yesus. Bengine, pas Gusti Yesus dipasrahen, Yesus njupuk roti. 24 Sak'marine nedanerima, Yesus nugel-nugelen roti iku terus guneman, “Iki ragane Reang sing dipasrahen kanggo nyelameten sira. Lakonana iki kanggo iling nang Reang.” 25 Nggawe cara sing pada, sak'marine mangan, Gusti Yesus njupuk cingkir sing ana banyu anggur ambek guneman, “Cingkir anggur iki dadi Janji Anyar sing sah ngliwati getihe Reang. Lakonana ngene saben wayah sira ngombe anggur iki kanggo iling nang Reang.” 26 Merga saben wayah sira mangan roti ambek ngombe anggur, sira wis nyeritak'en patine Gusti Yesus sampek dinane Yesus teka maneh.
27 Dadi sira kudu mangan roti ambek ngombe banyu anggur Perjamuan Suci iku nggawe cara sing bener. Ajo nggawe cara sing orak pantes. Nek sira nglakoni nggawe cara sing salah, sira gawe dusa nang raga ambek getihe Gusti Yesus. 28 Kabeh wong kudu mreksa atine awak'e dewe sak'durunge mangan roti ambek ngombe banyu anggur iku. 29 Sapa wae sing arep mangan utawa ngombe kudu iling nek awak'e dewe wis dadi sak'bagean ning ragane Kristus. Nek orak ngono, wong iku bakale diukum. 30 Merga iku ana akeh wong ning antarane sira sing lesu karo sing lara. Terus ana pepirang wong sing wis mati. 31 Kene kudu mikir luwih ati-ati nang paran sing dilakoni cekne orak kenek ukumane Pengeran. 32 Tapi nek kene kenek ukuman teka Gusti, iku ngono carane ndidik cekne kene orak kenek ukumane wong-wong ndunya sing orak percaya.
33 Dadi, dulur-dulur, pas sira pada nglumpuk, entenana siji nang sijine cekne bisa mangan bareng-bareng. 34 Sapa wae sing luwe kudu mangan dikek ning umahe dewe sak'durunge nglumpuk kanggo mangan bareng. Nek ngono, sira orak nglakoni salah terus kenek ukumane Pengeran. Pas reang teka nang Korintus, reang kate nerusen wulangan iki.