Karunia-karunia sing digewehi Rohe Pengeran nang umate Yesus
12
Dulur kabeh, reang kepingin nggenehi weruh ngenek'i karunia-karunia sing digewehi Rohe Pengeran sing suci. 2 Ilinga biyen pas sira gek duduk wong sing percaya nang Yesus. Pas iku sira kenek pengaruh kanggo nyembah reca dewa sing orak bisa guneman iku. 3 Dadi, reang kepingin sira weruh nek nanak wong sing dipimpin Rohe Pengeran bisa nyedani Yesus. Sewalik'e, nanak sing bisa guneman, “Yesus iku Gusti” nek orak dipimpin Roh Suci teka Pengeran.
4 Ana macem-macem karunia. Tapikne karunia-karunia iku asale teka Roh sing pada. 5 Ana macem-macem cara gawe ngladeni. Tapikne kabeh cara asale teka siji Gusti, yaiku Yesus. 6 Ana pepirang carane Pengeran nyambut gawe ning saben wong sing percaya. Tapikne mek ana siji Pengeran sing nglakoni iku kabeh.
7 Karunia teka Roh Suci digewehen nang kene dewe-dewe kanggo nulungi saben bagean ning ragane Yesus.
8 Nang pepirang wong, Roh Suci ndadek'en wong cekne bisa nyampek'en pesen sing bijak.
Roh sing pada ya ndadek'en wong liya cekne bisa nyampek'en pesen sing akeh pengerten.
9 Roh sing pada ya nggewehi nang wong liyane keyakinan sing kuwat.
Nang wong liyane digewehi karunia marasen wong.
10 Roh iku ya ndadek'en wong liyane cekne bisa gawe mujijat-mujijat.
Nang wong liyane, digawe cekne bisa nyampek'en wekasane Pengeran.
Nang wong liyane, digawe cekne bisa mbedak-mbedak'en roh-roh.
Nang wong liyane, digawe cekne bisa guneman nggawe macem-macem basa sing orak diweruhi sak'durunge.
Terus Roh Suci ndadek'en wong liyane cekne bisa njelasen paran sing diucapen wong sing nggawe basa-basa iku mau.
11 Kabeh karunia iku mau asale teka siji Roh sing pada. Rohe Pengeran nggewehi karunia nang saben wong, nurut sing dikarepi Rohe Pengeran dewe.
Siji raga, tapikne akeh bageane
12 Kene nduwe siji raga, tapikne akeh bageane. Kabeh bagean iku dadi siji raga. Iku ngono pada wae mbarek Kristus. 13 Ngliwati siji Roh, kene kabeh dibaptis ning njerone sak'raga. Orak masalah ya mboh kene iki wong Ibrani utawa duduk Ibrani, budak utawa wong sing bebas. Kene kabeh digewehi ngombe teka Roh sing siji iku. 14 Dadi raga menungsa iku orak mek teka sak'bagean wae. Tapikne raga iku nduweni akeh bagean.
15 Umpamane sikil guneman ngene, “Reang duduk tangan. Dadi reang duduk bageane raga.” Masia guneman ngono, tetep wae sikil iku orak pisah teka ragane. 16 Terus umpamane kuping guneman, “Reang duduk mripat. Dadi reang ya duduk bageane raga.” Guneme iku mau orak bisa ndadek'en kuping iku pisah teka ragane. 17 Umpamane sak'ragane wong dadi mripat tok, ya njare bisa ngrungok'en? Tah umpamane sak'ragane dadi kuping tok, ya njare bisa ngambet? 18 Tapikne Pengeran wis netepen bagean-bageane raga iku persis mbarek kekarepane dewe. 19 Nek kabeh bageane raga iku mau pada, orak kira bisa dadi raga sing wutuh! 20 Dadine, ana akeh bagean, tapikne mek siji raga.
21 Mripat orak bisa guneman ngene nang tangan, “Reang orak mbutuhen sira!” Ndas ya orak bisa guneman ngene nang sikil, “Reang orak mbutuhen sira!” 22 Apa maneh, bagean-bageane raga sing katok'e paling orak kuwat, iku ngono luwih dibutuhen. 23 Bagean-bageane sing nurut awak'e dewe kurang penting, nyatane sing luwih diajeni. Bagean-bagean sing orak pantes dideleng, ya kudu ditutupi cekne sopan. 24 Ya uga bageane raga sing oleh dideleng ya orak perlu ditutupi. Nah, Pengeran wis ngatur kabeh bagean raga iku mau dadi siji raga. Pengeran nglakoni ngono nang bagean-bageane raga sing orak dianggep, cekne bagean-bagean iku luwih diajeni. 25 Dadine ngliwati cara iku mau, bagean-bageane raga orak bakale misah dewe-dewe. Kabeh pada nggatek'en siji nang sijine. 26 Umpamane sak'bagean ngalami sara. Kabeh ya pada ngrasak'en. Umpamane sak'bagean diajeni. Kabeh ya pada melu bungah.
27 Sira kabeh iku wis dadi ragane Kristus. Sira iku siji nang sijine dadi bageane ragane Kristus. 28 Ya ngono Pengeran wis nentok'en wong-wong nurut bageane dewe-dewe kanggo ngladeni umate.
Sing kawitan, utusan-utusan,
Sing ping pindo, wong sing nyampek'en wekasane Pengeran,
Sing ping telu, wong sing bisa mulang,
maringono wong sing bisa gawe mujijat,
wong sing bisa marasen,
wong sing bisa ngrewangi wong liya,
wong sing bisa mimpin, karo
wong sing bisa guneman nggawe macem-macem basa.
29 Apa ya saben wong percaya dadi utusan? Ya orak!
Apa ya saben wong percaya bisa nyampek'en wekasane Pengeran? Ya orak!
Apa ya saben wong percaya bisa mulang? Ya orak!
Apa ya saben wong percaya bisa gawe mujijat? Ya orak!
30 Apa ya saben wong percaya bisa marasen? Ya orak!
Apa ya saben wong percaya bisa guneman nggawe basa sing maune orak tau diweruhi? Ya orak!
Apa ya saben wong percaya bisa njelasen basa iku mau? Ya orak!
31 Tapikne sing paling penting teka iku kabeh, sira kudu nggolek'i temenan karunia-karunia sing paling ana gunane.
Welas asih iku luwih penting
Tapikne sak'iki reang bakal ndudohen nang sira cara sing paling apik timbang kabeh iku mau.