Welas asih sing sejati
13
Umpamane reang bisa guneman nggawe basane menungsa ambek basane malaekat pisan. Tapi, nek'e reang orak nduweni welas asih, guneme reang iku nanak maknane, pada wae memper unine gong sing kasar utawa bonang sing ngumandang. 2 Umpamane reang nduweni karunia nyampek'en wekasane Pengeran, utawa reang meruhi sak'kabehe rahasia, utawa reang duwe keyakinan sampek bisa ngeleh gunung. Tapi nek'e reang orak nduweni welas asih, kabeh iku nanak gunane blas. 3 Umpamane reang nggewehen kabeh duwenane reang nang wong sing mlarat. Terus umpamane reang masrahen ragane reang kepe diobong. Tapi, nek'e reang orak nduweni welas asih, kabeh iku mau nanak gunane.
4 Welas asih iku sabar.
Welas asih iku loman.
Welas asih iku orak ngepingini duwek'e wong liya.
Welas asih iku orak gendak, ya orak ngapik'en awak'e dewe.
5 Welas asih orak nglakoni paran sing orak pantes.
Welas asih iku orak mentingen awak'e dewe.
Welas asih iku orak gampang memoringan.
Welas asih iku orak nggolek'i salahe wong liya.
6 Welas asih orak seneng nang paran wae sing jahat.
 
Tapi welas asih iku bebungah nang paran sing bener.
7 Welas asih iku ngayomi paran wae.
Welas asih iku percaya paran wae.
Welas asih ngenteni paran wae.
Welas asih iku tetep sabar ngadepi paran wae.
8 Welas asih iku nanak entek'e.
Tapikne kepinteran nyampek'en wekasane Pengeran bakale musnah. Kepinteran guneman gawe basa sing orak tau diweruhi bakale musnah. Pengerten ya bakale musnah pisan. 9 Merga paran sing kene kabeh weruhi sak'iki orak jangkep. Wekasane Pengeran sing kene sampek'en ya orak sempurna. 10 Tapi nek paran sing sempurna wis teka, pas iku paran sing orak sempurna bakale ilang. 11 Biyen, pas reang gek cilik, reang guneman ngentah lare cilik. Reang mikir ngentah lare cilik. Reang nduweni pengerten ngentah lare cilik. Tapi pas reang wis gede, reang ninggalen watek'e lare cilik. 12 Sak'iki kene gek orak jelas nguwasen, ngentah ndeleng barang sing orak jelas ning kaca pengilon. Tapikne nek wayahe wis teka, kene bakale jelas temenan nguwasen, langsung ning ngarepe mripat. Sing tak weruhi sak'iki durung jangkep. Tapikne engko reang bakale weruh sing jangkep, pada karo Pengeran wis sempurna kenal reang.
13 Ana telu sing penting sing kudu kene kabeh duweni, yaiku, percaya, ngenteni janjine Pengeran, karo welas asih. Tapi sing paling gede teka tetelune iku mau, yaiku welas asih.