Karunia teka Rohe Pengeran sing nulung umate Yesus
14
Usahakna temenan welas asih nang wong liya. Terus maneh usaha nduweni karunia-karunia sing digewehi Rohe Pengeran. Sing paling penting, golek'a karunia nyampek'en wekasane Pengeran. 2 Sapa wae sing guneman gawe basa teka Roh Suci, wong iku ngono mek guneman karo Pengeran. Nanak sing ngerteni gunemane iku mau. Sing digunemen ngliwati Rohe Pengeran iku dadi rahasia. 3 Tapi wong sing duwe karunia nyampek'en wekasane Pengeran ndudohen wekasan iku nang menungsa liyane. Wekasan iku disampek'en cekne wong liyane dikuwaten, digewehi semangat, karo nambani atine wong. 4 Sapa wae sing guneman katek basa teka Roh Suci mek nguwaten awak'e dewe. Tapikne wong sing nyampek'en wekasane Pengeran nguwaten umate Yesus. 5 Reang kepingin sira kabeh guneman katek basa teka Roh Suci. Tapikne reang luwih kepingin sira nyampek'en wekasane Pengeran. Wong sing nyampek'en wekasane Pengeran luwih ana gunane timbangane wong sing guneman katek basa teka Roh Suci. Tapikne nek wong iku bisa negesen paran sing digunemen ning basa teka Rohe Suci iku, umate Yesus bisa dikuwaten.6 Dulur kabeh, umpamane reang teka nang sira terus guneman katek basa teka Roh Suci - nanak gunane. Ngapa? Merga sira kabeh orak ngerti, terus orak ditulungi. Reang perlu nyampek'en wuruk'an sing maune orak diweruhi, pengerten sing anyar, ramalan utawa wulangan sing sira bisa ngerteni. 7 Tak gewehi conto. Saben alat musik duwe unine dewe-dewe. Contone suling utawa kecapi. Nek'e mek diunek'en asal-asalan, mestine nanak sing ngerti tembang paran sing diunek'en iku. 8 Nek unine slompret orak jelas, prajurit ya orak bakal siap perang. 9 Pada karo sira. Sira kudu guneman gawe basa sing diweruhi uwong. Nek'e orak, nanak sing weruh paran sing sira gunemen. Iku pada wae sira mek guneman nang angin. 10 Pancene bener ana akeh basa ning dunya iki. Saben basa iku duwe tegese dewe-dewe. 11 Tapikne nek reang orak ngerti paran sing digunemen wong, uwong iku dadi wong asing nang reang. Terus reang dadi wong asing nang wong iku pisan. 12 Pada karo sira. Sira pada kepingin oleh karunia-karuniane Roh. Dadi sing luwih penting: sira nggolek'i karunia kanggo nguwaten umate Yesus.
13 Dadi, gawe wong sing guneman katek basa teka Rohe Pengeran, nek'e orak dingerteni wong liya, wong iku kudu ndunga cekne bisa negesen paran sing digunemen. 14 Nek'e reang ndedunga katek basa teka Roh Suci, rohe reang ndedunga, tapikne pikirane reang orak ngerti. 15 Dadi paran sing kudu tak lakoni? Reang bakal ndedunga katek rohe reang. Tapikne reang ya bakal ndedunga katek pengertene reang pisan. Reang bakal ngidung katek rohe reang. Reang ya bakale ngidung katek pengertene reang pisan. 16 Umpamane sira muji Pengeran ning njerone rohe sira katek basa teka Roh Suci. Terus misale ana uwong sing orak duwe karunia ngerteni sing ngrungok'en sira. Njare wong iku bisa guneman, “Amin” pas sira nedanerima? Wong iku orak bakal weruh paran sing sira gunemen. 17 Masia sira pantes nedanerima, tapikne nanak uwong sing dikuwaten.
18 Reang nedanerima nang Pengeran merga reang bisa guneman katek basa teka Roh Suci luwih akeh ketimbang sira kabeh. 19 Tapi pas ning greja, ketimbang reang ngomong sepuluh ewu (10.000) ucap sing orak dingerteni wong liya, luwih apik reang ngomong limang ucap wae sing dingerteni wong.
20 Dulur kabeh, pikire sira ajo tiru lare cilik. Nek kanggo paran sing jahat ya orak ngengapa sira mikir tiru lare cilik. Tapi nek kanggo sembahyang, sira kudu dadi wong sing wis gede. 21 Ana tulisan ning hukum agama Ibrani,
“Ngliwati basane wong liya karo ngliwati lambene wong njaba,
Reang kate guneman nang umate Reang.
Tapikne umate Reang orak gelem ngrungok'en Reang.”
Ngono iku sing digunemen Gusti Pengeran. (Yesaya 28:11,12)
22 Wong sing guneman katek basa teka Roh Suci iku dadi tenger kuwasane Pengeran nang wong sing orak percaya. Iku duduk tenger nang wong percaya. Tapikne wong sing duwe karunia nyampek'en wekasane Pengeran, nyampek'en wekasan iku kanggo wong sing percaya, duduk kanggo wong sing durung percaya. 23 Umpamane kabeh wong percaya pada nglumpuk, terus kabeh guneman katek basa teka Roh Suci. Terus umpamane ana wong liya utawa wong orak percaya mlebu nang kumpulan iku. Mestine sira didarak'en gendeng mbarek wong-wong sing orak percaya iku. 24 Tapikne umpamane ana wong liya utawa wong sing orak percaya mlebu nang kumpulane sira pas sira kabeh nyampek'en wekasane Pengeran. Wong sing durung percaya iku kate rumangsa salah nang dusane. Wong iku bakale di'ilingen wong kabeh ning kono. 25 Kabeh salahe ning njero atine wong iku bakal keweruhan. Wong iku bakale sujud nyembah Pengeran. Wong iku bakale guneman banter, “Pengeran iku bener-bener ana ning antarane sira!”
Sembahyang kudu diatur
26 Dulur kabeh, paran sing kudu dilakoni pas sembahyang? Pas sira kabeh pada nglumpuk kanggo sembahyang, saben wong pada kepingin guneman. Ana sing ngidung utawa mulang utawa nyampek'en wekasan teka Pengeran. Ana sing nggawa pesen sak'njerone basa teka Roh Suci utawa sing negesen paran sing digunemen sak'njerone basa iku. Kabeh iku kudu dilakoni cekne umate Yesus dikuwaten. 27 Luwih apik mek loro, utawa paling akeh telu, wong guneman katek basa teka Roh Suci. Terus wong-wong iku kudu ngenteni siji nang sijine. Terus wong liyane kudu negesen paran sing digunemen mau. 28 Nek nanak sing bisa negesen basa Roh iku, wong sing kate guneman katek basa Roh kudu tetep meneng cep sak'njerone kumpulan iku. Wong iku bisa guneman nang awak'e dewe karo nang Pengeran ning njero atine.
29 Apik'e nek wong loro utawa paling telu nyampek'en wekasane Pengeran. Terus wong percaya liyane kudu nggatek'en nek sing disampek'en iku mau bener apa orak. 30 Umpamane ana wong sing lungguh ambek ngrungok'en wong liya nyampek'en wekasane Pengeran. Terus, pas sak'mono, nek wong sing lungguh iku nerima pesen anyar teka Pengeran, wong kawitan sing gek guneman kudu meneng dikek cekne kabeh wong bisa ngrungok'en pesen anyar sing kate disampek'en. 31 Wong-wong sing nyampek'en pesene Pengeran kudu gentenan. Ngliwati cara iku, kabeh wong bisa diwuruk'i karo bisa dikuwaten. 32 Wong-wong sing duwe karunia nyampek'en wekasane Pengeran kudu nguwasai karunia iku. 33 Merga Pengeran orak seneng nang paran wae sing kisruh, tapi sing dikarepi yaiku ayem tentrem. Iku sing dipentingen ning antarane kabeh kumpulane umat pilihane Pengeran.
34 Wong wedok-wedok kudu tetep meneng ning sak'njerone kumpulane wong percaya. Wong wedok-wedok iku orak diolehi guneman. Kudu nurut persis paran sing disampek'en hukum agama. 35 Nek ana wong wedok sing kepingin takon soal paran wae, wedok iku kudu takon nang bojone, tapi nek wis ning umahe. Ngisin-isini nek wong wedok guneman pas sembahyang.
36 Apa wekasane Pengeran asale teka wong Korintus? Ye orak! Terus apa wekasane Pengeran mek teka nang sira wae? Ye orak! 37 Sapa wae ning Korintus sing krasa duwe karunia kanggo nyampek'en wekasane Pengeran, utawa krasa duwe karunia liya teka Roh Suci mesti ngakoni nek paran sing tak tulis iki bener. Wong-wong iku mesti bisa ngakoni nek paran sing tak tulis nang sira iki pancene prentah teka Gusti Yesus. 38 Tapi, sapa wae sing orak gelem ngakoni, wong iku ajo digatek'en.