Yesus tangi teka pepati
15
Dulur kabeh, reang kepingin ngilingen sira kabeh ngenek'i Kabar Apik sing wis tak sampek'en nang sira. Sira wis nerima ya nemen yakini nang Kabar Apik iku. 2 Ngliwati Kabar Apik iku, Pengeran nyelameten sira, asale sira tetep yakin temenan nang isine Kabar Apik iku. Tapi nek sira orak percaya nang sak'kabehe isine Kabar Apik iku, iku pada wae nanak gunane.3 Kabar Apik sing tak terima iku, ya tak sampek'en nang sira. Yaiku sing paling penting: Kristus wis mati merga dusane kene, persis sing tetulis ning Kitab Suci. 4 Maringono dikubur, terus diuripen maneh teka pepati pas dina ping telune. Kabeh iku persis sing tetulis ning Kitab Suci. 5 Yesus ngatok'en awak'e nang Petrus. Marine ngono ngatok'en awak'e nang rolas utusane iku. 6 Sak'wise iku Yesus ngatok'en awak'e nang luwih teka limang atus (500) dulur-dulure sak'iman pas wektu sing pada. Ning antarane wong-wong iku luwih akeh sing gek urip, tapi ya ana sing wis mati. 7 Terus Yesus ngatok'en awak'e nang Yakobus pisan. Mari iku nang kabeh utusan sing liyane. 8 Pungkasane, Yesus ya ngatok'en awak'e dewe nang reang. Entah bayi sing lair orak pas wayahe, reang dadi wong pungkasan sing ndeleng Yesus dewe.
9 Reang iki sing paling orak penting teka utusan-utusane iku mau. Reang ya orak pantes diarani utusan, merga reang biyen nyiksa umat pilihane Pengeran. 10 Tapikne merga welase Pengeran reang didadek'en utusan entah ngene iki. Welase Pengeran orak disia-siak'en nang reang. Sewalik'e, reang wis nyambut gawe luwih abot timbang utusan-utusan liyane. Tapikne reang orak nglakoni penggawean iku nggawe kuwate dewe. Reang dikuwaten welase Pengeran sing nyambut gawe ning sak'njerone awak'e reang. 11 Orak penting nek reang utawa utusan liya sing nyampek'en Kabar Apik iku. Sing penting sira kabeh dadi percaya.
Wong-wong sing percaya bakale urip teka pati
12 Nek kene ngabaren Kristus wis urip teka patine, njare bisa ana sing gunem nek menungsa orak bisa urip teka pepati? 13 Nek nanak sing urip teka pepati, Kristus ya orak urip teka patine. 14 Apa maneh, umpamane Kristus orak diuripen teka patine, paran sing kene sampek'en iku dadi nanak gunane. Sing sira yakini ya nanak gunane pisan. 15 Luwih elek maneh, umpamane Kristus orak urip teka patine, kene dadi tukang goroh sing nglawan Pengeran. Kene dadi saksi palsu, merga guneman nek Pengeran nguripen Kristus teka pati. Dadi sing kene sampek'en iku orak bener nek'e wong sing wis mati orak bakal diuripen maneh. 16 Umpamane wong mati orak diuripen maneh, Kristus ya orak diuripen maneh. 17 Terus, umpamane Kristus orak diuripen teka patine, sing sira yakini orak dadi peparan. Dusane sira durung disepurani. 18 Apa maneh, dulure kene sak'iman sing wis mati dadi orak slamet. 19 Nek sing dienteni kene teka Kristus mek kanggo urip ning ndunya iki, ya kene dadi menungsa sing uripe paling melas temenan!
Ajo bimbang nek Kristus wis diuripen
20 Tapikne Kristus nyatane diuripen maneh teka pepati! Kabeh wong sing mati bakale diuripen maneh, entah woh sing cukul teka lemah. Kristus iku dadi woh kawitan sing cukul. 21 Siji menungsa nggawa pepati nang ndunya iki. Ya sewalik'e ana siji Menungsa sing nggawa urip teka pepati nang ndunya iki. 22 Merga Adam, kabeh wong ngalami mati. Tapikne merga Kristus, kabeh wong bakale diuripen maneh. 23 Tapi urutane ngene: Kristus iku wong kawitan sing urip teka pepati. Mbesok, pas Kristus mbalik nang ndunya, wong-wong sing dadi duwek'e Yesus bakal diuripen pisan teka pati. 24 Maringono bakale teka pungkasane ndunya iki. Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran, bakale ngajuren kabeh pemrentahan, karo sing duwe kuwasa. Mari iku Kristus bakale masrahen kerajaane nang Pengeran, Bapakne kene. 25 Merga Kristus kudu mrentah sampek Pengeran ndelehen kabeh musuhe ning isore sikile Yesus iku. 26 Musuh pungkasan sing bakale dimusnahen, yaiku pepati. 27 Kitab Suci guneman nek Pengeran “wis ndeleh sembarang kalir ning isore sikile” Yesus.† Nah, sing diucapen “sembarang kalir” wis dideleh ning isore Yesus. Tapikne jelas nek Pengeran orak katut kedeleh ning isore Yesus, mergane Pengeran dewe sing ndeleh kabeh iku mau ning isore Yesus. 28 Nek sembarang kalir wis dideleh ning isore kuwasane Yesus, yaiku Anak'e Pengeran, Yesus ya bakale ndeleh awak'e dewe ning isore Pengeran. Ngliwati cara iku mau Pengeran bakal dadi sak'kabehe njero sembarang kalir.
29 Misale nanak sesijia wong sing bakal diuripen maneh teka patine. Paran gunane wong-wong sing dibaptis kanggo wong sing wis mati? Nek'e nanak sesijia wong mati sing diuripen maneh, ngapa ana wong sing dibaptis gawe wong sing wis mati? 30 Ngapa kene, utusane Yesus, gelem ngadepi macem-macem blai sing ana saben wayah? 31 Sak'temene dulur kabeh, reang ngadepi pati saben dina! Iku bener, pada karo banggane reang bener merga sira wis percaya nang Kristus Yesus, Gustine kene. 32 Biyen, ning kota Efesus, reang dilawan menungsa sing kelakuane persis kewan alas. Masak reang arep-arep ngalami blai! Paran untunge? Nek wong mati orak diuripen maneh, urip iki nanak gunane. Nek ngono, luwih apik kene melu wong ndunya terus nggolek seneng memper guneme iki:
“Ayo mangan karo ngombe,
merga sesok kene bakale mati!” (Yesaya 22:13)
33 Ajo ngejaren uwong liya nggorohi sira nek'e wong mati orak bakal diuripen maneh. “Kanca sing orak bener nggarai wong apik dadi orak bener.” 34 Mestine sira kudu mbalik nang pikire sing waras, terus mandek gawe dusa. Sak'jane sira kudu isin, merga ning antarane sira ana pepirang wong sing orak kenal nang Pengeran!
Raga anyar sing tangi teka pepati
35 Tapikne wong bakale takon, njare wong mati bisa diuripen? Raga macem paran sing kate diduweni ning swarga? 36 Kok goblok temen! Paran sing sira panja orak kira urip nek orak mati dikek. 37 Pas sira manja, sing ditandur iku mek wiji wae, entah wiji gandum utawa weneh sing liyane. Sing dipanja iku duduk sak'kabehe bageane tanduran sing cukul. 38 Tapi sak'marine ditandur, Pengeran nggenehi rupa ‘anyar’ nang weneh iku, nurut kekarepane Pengeran. Nang saben maceme weneh Pengeran netepen rupane dewe-dewe. 39 Ragane sak'kabehe makluk orak pada. Akeh maceme. Ragane menungsa mek ana sak'macem, orak pada mbarek ragane kewan sing akeh maceme. Orak pada mbarek maceme manuk-manuk, ya maceme iwak karo leliyane. 40 Terus ana barang ning langit ya ana barang ning ndunya. Barang-barang ning langit nduweni maceme kamulyan dewe. Barang-barang ning ndunya ya nduweni kamulyan dewe. 41 Sengenge nduweni kamulyan dewe. Mbulan ya nduweni kamulyan dewe. Lintang-lintang nduweni kamulyan liyane maneh. Terus ning antarane kabeh lintang ya nduweni maceme kamulyan dewe-dewe.
42 Kabeh iku mau pada karo ragane menungsa sing bakale diuripen teka pati. Ragane kene sing orak awet iki bakale dipendem, terus raga sing anyar bakale diuripen dadi awet sak'lawase. 43 Pas ragane kene sing teka ndunya iki dipendem, raga iku elek, ya nanak dayane. Tapikne raga sing ping pindone diuripen sak'njerone kamulyan, ya sak'njerone kuwasa. 44 Raga kawitan sing dipendem iku raga teka ndunya. Tapikne raga sing ping pindone diuripen dadi raga rohani. Dadi, ana raga teka ndunya, ya ana pisan raga rohani.
45 Ning Kitab Suci ana tulisan ngene, “Menungsa kawitan, yaiku Adam, dadi menungsa sing urip.”† Tapi ‘Adam’ sing pungkasan, yaiku Kristus, dadi Roh sing nggenehi urip. 46 Duduk menungsa rohani sing kawitan, tapi menungsa sing teka ndunya. Sak'marine iku, menungsa rohani sing teka. 47 Menungsa sing kawitan asale teka lemah. Menungsa sing ping pindone asale teka swarga. 48 Memper Adam sing asale teka lemah, kabeh menungsa ya asale teka lemah. Terus memper Kristus sing asale teka swarga, kene ya pisan asale teka swarga. 49 Kene dilairen persis menungsa kawitan, sing digawe teka lemah. Tapikne kene sing percaya bakale dadi persis Yesus sing teka swarga.
Rahasiane urip teka pati
50 Dulur kabeh, iki sing kate tak sampek'en nang sira. Raga sing digawe teka getih karo daging orak bisa marisi Kerajaane Pengeran. Terus paran sing mati orak bisa marisi paran sing orak bisa mati. 51 Gatekna! Reang kate nggewehi weruh sira rahasia iki. Kene kabeh orak bakale mati, tapikne kene kabeh bakale diubah. 52 Kedadean iku bakale mara-mara nyata, sak'cepete sira ngedipen mripat. Iku bakale kedadean pas malaekate Pengeran munek'en slompret pungkasan. Pas iku wong mati bakale diuripen maneh terus nganggok'en raga sing orak bisa mati. Terus kene kabeh bakale diubah. 53 Ragane kene teka ndunya orak awet sak'lawase. Ragane kene iki kudu diganti karo raga sing awet sak'lawase. Ragane kene sing mestine mati kudu diganti karo raga sing orak bisa mati. 54 Sak'marine raga sing orak langgeng iki diganti karo sing langgeng, pepatah iki bakale dadi nyata, yaiku:
“Pepati wis dilek panguripan.
Pepati wis kalah sak'njerone perang.” (Yesaya 25:8)
55 “He Pepati, ngapa sira kok orak menang?
He Pepati, endi entupe sira?” (Hosea 13:14)
56 Entupe pepati iku dusane kene. Ya kuwasane dusa iku hukum agama Ibrani sing nyalahen kabeh wong. 57 Tapikne ayo kene nedanerima nang Pengeran! Pengeran wis nggenehi menang ngliwati Yesus Kristus, Gustine kene.
58 Dulur kabeh sing tak tresnani, sira kudu kuwat, ya ajo goyah. Terusna nyambut gawe sing mantep kanggo Gusti Yesus. Merga sira weruh penggaweane sira kanggo Gusti Yesus orak bakal sia-sia!