Picis kanggo umate Gusti ning Yerusalem
16
Sak'iki reang kate ngomongen picis kanggo umat pilihane Pengeran ning Yerusalem. Klumpukna picis persis sing wis tak kongkon nang umat pilihane Pengeran ning daerah Galatia. 2 Pas dina Minggu, sira kabeh kudu nglumpuk'en picis. Jumlahe sing kudu digewehen ya sak'mampune awak'e sira dewe, nurut keduwenane dewe-dewe. Simpenen kabeh picise sing wis diklumpuk'en saben dina Minggu, cekne sira orak kosi nglumpuk'en picis maneh pas reang teka. 3 Pas reang teka, sumbangane sira iku bakale dikirim nang Yerusalem. Wong-wong sing tak kongkon nggawa sumbangan iku kudu diestoni kabeh wong. Terus, reang bakale nggewehi surat sing njelasen sapa wae wong-wong sing kate dikongkon iku mau. 4 Nek nyatane apik reang budal pisan, reang bakale ngancani wong-wong iku.
Rencanane Paulus dewe
5 Reang arep teka nang sira ning Korintus, tapi ngliwati Makedonia, merga reang pancen kepingin mampir dikek ning Makedonia. 6 Engko nek wis njebul ning Korintus, reang kepingin radak suwe manggon bebarengan sira, kekirane sampek marine wayah adem. Nek ngono, engko sira bisa nulungi mlakune reang sak teruse, mboh iku nang endi wae. 7 Reang orak gelem mampir dilut wae. Nek Gusti Yesus ngolehi, reang kepingin radak suwe manggon mbarek sira. 8 Tapi sak'ikine reang gek kepingin manggon ning Efesus kene sampek nang riaya Pentakosta.a 9 Ning kene ana akeh dalan kanggo nglakoni penggawean sing apik. Masia ngono ya ana wae wong sing nglawan reang.
10 Timotius kate nyambangi sira. Pastekna Timotius orak kuwatir paran wae pas bebarengan sira, merga dulur iku ya nglakoni penggaweane Gusti Yesus persis reang. 11 Dadi, ajo sampek Timotius orak dianggep nang sapa wae. Tulungana cekne Timotius damang nerusen mlakune sampek mbalik maneh nang reang. Merga reang mbarek kanca-kanca liyane ngenteni tekane Timotius ning kene.
12 Gawe dulure kene, Apolos, reang wis bolak-balik ngongkon Apolos cekne nyambangi sira. Tapi gek orak gelem budal sak'iki. Nek ana wayah sing tepak, Apolos kate mrana.
13 Sira kudu pada jejaga. Percaya'a sing temenan nang Yesus. Dadia wong sing kuwat karo wani. 14 Lakonana paran wae nggawe ati sing welas asih.
15 Sira weruh nek wong-wong percaya sing kawitan ning Akhaya asale teka keluargane Stefanus. Wong-wong iku wis masrahen uripe kanggo ngladeni umat pilihane Pengeran. Dulur kabeh, reang njaluk nang sira, 16 manuta nang wong-wong sing ngetah Stefanus iku. Tutna kabeh wong memper iku, sing susah payah nyambut gawe bebarengan kene. 17 Reang bungah pas Stefanus, Fortunatus mbarek Akhaikus mrene, merga wong-wong iku dadi gantine sira kanggo ngancani reang. 18 Wong-wong iku nyegeren rohe reang, ambek rohe sira. Ajenana wong-wong memper iku.
Paulus nutup surate nggawe salam
19 Kabeh umate Yesus ning propinsi Asia Cilikb ngirimen salam kanggo sira kabeh. Akwila karo Priskila nggewehi salam sak'njerone welas asih sing gede merga sira percaya nang Gusti Yesus. Salam pisan teka wong percaya sing nglumpuk ning umahe. 20 Dulur-dulur sak'iman ning kene ya nggewehi salam pisan. Gewehna salam welas asih sing suci, siji nang sijine.
21 Ikilo salam sing reang nulis dewe kanggo mbuktek'en surat iki asale teka reang, Paulus.
22 Sapa wae sing orak nresnani Gusti Yesus bakale dihukum Pengeran! Mandara Yesus, Gustine kene, ndang-ndang teka!c
23 Mandar muga welase Gusti Yesus mbarengi sira kabeh.
24 Reang nggewehi welas asih nang sira kabeh, yaiku sing dadi siji ambek Kristus Yesus.
Amin.