Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Roma
Roma
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Biyen ana wong sing jenenge Saulus. Saulus iku melu agama Ibrani, terus nyiksa wong-wong sing percaya nang Yesus. Saulus ngira nek wong-wong iku nyasar pikire. Wong Ibrani orak percaya nek Yesus iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran sing bisa nyepura dusane wong.
Tapi, sak'wijine dina, Yesus nyatak'en Awak'e dewe teka swarga nang Saulus. Terus Saulus dadi percaya temenan nang Yesus. Kisah iku ana ning kitab Riwayate Utusan-utusane Yesus (RUY) pasal 9.
Marine ngono, jenenge Saulus diganti, dadi Paulus. Paulus ngabaren Kabar Apik nek dusa-dusane wong sing percaya nang Yesus mesti disepura. Masia nang endi-endi wong Ibrani gelek nolak Kabar Apik iku, gek akeh wong sing duduk Ibrani ya percaya nang Yesus.
Kurang luwih taun 56 Masehi, pas manggon ning kota Korintus, Paulus nulis surat iki nang wong percaya ning kota Roma, yaiku ibu kotane kerajaan Roma. Njare bisa ana wong percaya ning kota Roma? Bisa dadi pas dina Pentakosta, yaiku riaya panen ning kota Yerusalem (RUY pasal 2) pepirang wong dadi percaya nang Yesus, terus moleh nang Roma. Wong percaya iku nglumpuk dadi umate Yesus ning Roma. Paulus, sing durung tau mrana, nulis surat iki kanggo nyampek'en pesen-pesen sing penting, yaiku:
1. Paulus kepingin mbangun pengertene wong percaya iku ngenek'i isine Kabar Apik.
2. Paulus kepingin ngenalen awak'e dewe nang umate Yesus ning Roma.
3. Paulus kepingin njaluk tulung nang wong-wong sing percaya ning Roma, cekne bisa nerusen mlakune nang Spanyol.
Tema: Kabar Apik ndudohen nek Pengeran mbeneren menungsa sing dusa, terus wong-wong sing dibeneren iku dadi menungsa sing anyar.
Ayat kunci: 1:16-17 - Reang orak isin nang Kabar Apik, merga Kabar Apik iku kuwasane Pengeran sing nyelameten saben wong sing percaya: wong Ibrani sing ndikek, maringono wong sing duduk Ibrani. Ngliwati Kabar Apik, cara Pengeran mbeneren menungsa dinyatak'en. Molai kawitan sampek marine, menungsa dibeneren merga percaya. Iku persis sing wis ditulis ning Kitab Suci, “Wong sing diarani bener bakale urip merga percaya.”
Isine
1. Salam (1:1-17)
2. Kabeh menungsa ana ning isore ukumane Pengeran (1:18 - 3:20)
3. Menungsa bisa dianggep bener ngliwati percaya nang Yesus (3:21 - 5:21)
4. Wong percaya bakal disucek'en ngliwati Roh Suci (6:1 - 8:39)
5. Wong Ibrani bisa mbalik nang Pengeran (9:1 - 11:36)
6. Carane wong percaya kudu urip ning ndunya (12:1 - 15:13)
7. Salam sing pungkasan (15:14 - 16:27)