Njebul ning pulau Malta
28
Sak'marine slamet njebul ning daratan, kene gek weruh nek iku pulau Malta. 2 Masyarakate apik temenan nang kene. Masyarakat iku gawe geni terus ngejak kene mrana merga hawane adem ya ana udane. 3 Paulus nglumpuk'en pange kayu terus dideleh ning duwure geni. Ning pange kayu iku ana ula sing ana upase. Ula iku metu teka geni terus nyokot tangane Paulus. 4 Pas ndeleng ula iku gemantung ning tangane Paulus, masyarakat kono guneman siji nang sijine, “Wong iki mestine tukang mateni uwong. Masia wis luput teka blai ning segara, tapi orak dijaren urip nang Dewi Adil.” 5 Pas iku Paulus ngebasen ula iku nang jerone geni, tapi orak ngrasak'en lara peparan. 6 Wong-wong ning kono ndarak'en nek tangane Paulus bakale abuh utawa Paulus dewe bakale tiba terus mati. Tapi marine radak suwe ngenteni, tibak'e nanak peparan sing kedadean nang Paulus. Dadi, sewalik'e wong-wong kono ndarak'en nek Paulus iku dewa.
7 Ning parek'e enggon kono ana umah karo gagane Pak Publius, yaiku penggedene pulau iku. Publius nerima kene, terus ngladeni apik nang kene sak'wene telung dina. 8 Pas iku bapakne Publius nggletak ning peturone merga lara nggreges karo murus. Dadi Paulus budal ndengok terus ndungak'en wong iku. Maringono ndeleh tangane ning duwure wong iku ambek diwarasen. 9 Sak'marine kedadean iku, ana wong-wong lara liyane ning pulau iku sing pada marek terus diwarasen pisan. 10 Mangkane kene pada diajeni wong-wong kono. Telung wulan marine, pas kene kate budal, wong-wong iku nggawa peparan butuhe kene nang prau.
Paulus budal nang kota Roma
11 Maringono kene budal teka kono terus nunggang prau gede sing maune budal teka kota Aleksandria. Prau iku meneng ning kono sak'wene musim adem. Ning ngarepe prau iku ana lambang dewa kembar, yaiku Dewa Kastor karo Dewa Poluks. 12 Maringono praune kene mampir ning plabuhan Sirakusa, terus meneng telung dina ning kono. 13 Teka kono kene nyabrang maneh sampek njebul ning kota Regium. Sisuk'e ana angin teka kidul. Mangkane kene nyabrang maneh terus oleh rong dina njebul ning Plabuhan Putioli. 14 Ning kono kene campuh karo pepirang wong sing percaya nang Yesus. Wong-wong iku njaluk kene manggon ning kono suwene sak'minggu. Marine iku kene budal nang kota Roma.
15 Wong-wong percaya ning Roma wis ngrungok'en kabare kene. Wong-wong iku mapak kene sampek ning kota Pasar Apius karo kota Penginepan Telu. Pas ndeleng wong-wong iku, Paulus nedanerima nang Pengeran terus atine dadi kuwat.
16 Bareng njebul ning Roma, Paulus diolehi manggon dewe, ambek dijaga siji prajurit.
Paulus njebul ning Roma (28:16)
Paulus guneman karo wong Ibrani ning Roma
17 Telung dina marine, Paulus nyeluk kabeh pemimpine wong Ibrani. Bareng wis nglumpuk Paulus guneman, “He, dulur-dulur Ibrani! Reang orak gawe salah nang bangsane kene ya orak nyalahi adate mbah buyute kene. Tapi reang dicekel ning kota Yerusalem terus dipasrahen nang wong-wong Roma. 18 Sak'marine dipreksa, wong-wong Roma iku kepingin mbebasen reang, merga nyatane reang orak nglakoni salah peparan sing pantes diukum pati. 19 Tapi wong Ibrani orak setuju. Merga iku gelem-orak-gelem reang njaluk diadili ning ngarepe Raja Gede Roma. Tapi maksute reang duduk kanggo wadul bangsane reang dewe nang Raja Gede. 20 Dadi rika kabeh dijaluk mrene cekne bisa ngrungok'en reang. Na, kepe weruh, reang dirante kaya ngene iki merga percaya nang paran sing dienteni bangsa Ibrani, yaiku tekane Raja Pilihane Pengeran, ya wong mati bisa diuripen maneh.”
21 Terus pemimpin-pemimpin Ibrani iku guneman, “Kene gek durung oleh surat teka dulur Ibrani ning daerah Yudea ngenek'i masalahe sira iku. Terus ya nanak sesijia dulur teka kono sing mrene nyampek'en wadulan, utawa guneman elek ngenek'i sira. 22 Tapi kene kepingin ngrungok'en pikire sira. Kene kepingin weruh merga krungu wuruk'an anyar sing dianut sira iki dilawan ning endi-endi.”
23 Dadi pemimpin-pemimpin iku nentok'en dina kanggo ketemu Paulus. Bareng wis wayahe, luwih akeh maneh wong sing nglumpuk ning enggone Paulus. Molai isuk sampek sore Paulus njelasen ambek nyeritak'en Kerajaane Pengeran. Gawe ayat-ayat ning Hukume Nabi Musa, karo kitabe nabi-nabi liyane, Paulus usaha mbuktek'en nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran. 24 Ana sing dadi percaya nang gunemane Paulus, tapi ana pisan sing orak percaya. 25 Dadi wong-wong iku pada orak sepakat. Tapi sak'durunge wong-wong iku budal, Paulus guneman, “Rohe Pengeran pancen bener pas guneman nang mbah buyute kene. Biyen Rohe Pengeran tau guneman ngliwati Nabi Yesaya ngene,
26 ‘Budala nang bangsa Ibrani terus ngomonga,
“Sira bakale teterusan krungu, tapi orak ngerti.
Sira bakale teterusan mandeng, tapi orak weruh.
27 Merga atine bangsa iki wis atos,
kupinge orak gelem ngrungok'en,
mripate orak gelem melek.
Umpamane bangsa iki bisa ndeleng gawe mripate,
bisa krungu gawe kupinge,
bisa ngerti gawe atine,
mestine bisa mbalik nang Reang,
terus bakal Tak warasen.” ’ ” (Yesaya 6:9-10)
28 Terus Paulus guneman maneh, “Dulur kabeh kudu weruh nek dalan slamet teka Pengeran wis disampek'en nang wong-wong sing duduk Ibrani. Wong sing duduk Ibrani iku bakale nerima kabar iku.” [ 29 Sak'marine guneman ngono, wong Ibrani iku pada budal ambek bengkerengan siji nang sijine.]a
30 Maringono sak'wene rong taun Paulus manggon ning umah sing disewa dewe. Paulus seneng nerima kabeh wong sing ndengok ning umahe. 31 Gawe cara sing wani, Paulus nyampek'en Kerajaane Pengeran ambek njelasen nek Gusti Yesus iku Raja Pilihane Pengeran. Terus nanak sing ngalang-ngalangi.