Kabar Apik nurut
Yohanes
Bebuka
Ngapa kok kitab iki ditulis?
Ning kitab iki ana wong loro sing jenenge Yohanes. Sing siji iku Nabi Yohanes sing mbaptis wong. Nabi Yohanes iku sepupune Yesus, ya sak'usia ambek Yesus. Tapi Nabi Yohanes iku dipateni Raja Herodes sak'durunge Yesus mati.
Yohanes sing nomer loro iku muride Yesus sing paling enom, ya muride Yesus sing paling ditresnani Yesus. Yohanes iku sing nulis kitab iki pas uripe meh entek.
Yohanes kepingin wong-wong sing maca kitab iki ngerti Yesus iku pancene Gusti Pengeran sing dadi menungsa. Yohanes bolak-balik nyampek'en cerita-cerita sing ndudohen Yesus ngarani awak'e dewe iku pancene Gusti Pengeran dewe, yaiku ‘Yahweh.’ Yahweh iku ewoh diterjemahen, tapi tegese, “Reang iki Reang” utawa, “Reang Sing Urip” (Keluaran 3:14). Delengen Kitab Yohanes (6:20; 8:24, 28, 58; 13:19; 18:5-6).
Tema : Percaya nek'e Yesus iku Raja Pilihane Pengeran sing bisa nyelameten kabeh wong sing percaya.
Ayat kunci: Yohanes 20:31 - Tapi kabeh iku wis ditulis cekne sira percaya nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran, yaiku Anak'e Pengeran. Nek sira percaya nang Yesus, sira bakal nduweni urip langgeng ngliwati jenenge Yesus.
Isine
1. Bebuka - Yesus iku Sabdane Gusti Pengeran sing dadi menungsa (1:1-18)
2. Yesus ndudohen pitung tenger nang wong Ibrani (1:19 - 12:50)
3. Yesus ndudohen welas asihe nang murid-muride (13:1 - 17:26)
4. Yesus ndudohen welas asihe nang ndunya (18:1 - 20:31)
5. Tutupe - Yesus pamit nang murid-muride sak'durunge mbalik nang swarga (21:1-25)