Kabar Apik nurut
Yohanes
Sabdane Pengeran dadi menungsa
1
Kawitane ana Sabda.
Sabda iki bareng Pengeran.
Terus Sabda iku ya Pengeran.
2 Sabda iku bareng Pengeran pas kawitan.
3 Ngliwati Sabda iku sembarang kalir didadek'en.
Nanak sing didadek'en,
nek orak digawe Sabda iku.
4 Panguripan ana sak'njerone Sabda iku,
terus panguripan iku sing madangi menungsa.
5 Padange Sabda iku madangi ning sak'njerone pepeteng,
terus pepeteng orak bisa nglawan.
6 Ana wong sing diutus Pengeran,
jenenge Nabi Yohanes.a
7 Nabi Yohanes teka kate nyaksek'en Padang iku
cekne kabeh wong bisa percaya nang Padang iku ngliwati saksine.
8 Yohanes iku duduk Padang iku.
Yohanes iku mek saksine Padang iku.
9 Padang sejati sing madangi kabeh wong, yaiku Sabda iku mau,
sing teka nang ndunya.
10 Sabda iku ana ning ndunya,
tapi masia ndunya didadek'en nang Sabda iku,
ndunya orak kenal Sabda iku.
11 Sabda iku marek'i wong keduwenane dewe,
tapi wong iku orak nerima Sabda iku.
12 Tapikne, kabeh wong sing terima Sabda iku,
yaiku wong sing percaya nang jenenge,
wong iku digewehi hak dadi anak'e Pengeran.
13 Wong sing percaya iku dadi anak'e Pengeran;
duduk merga lair teka menungsa,
duduk merga kekarepe wong,
terus duduk maneh merga rabi.
Wong iku dadi anak'e Pengeran merga lair teka Pengeran.
14 Sabda iku dadi menungsa,
terus manggon ning antarane kene.
Kene wis ndeleng kamulyane Sabda iku, yaiku Yesus,
Anak'e Sang Bapak sing ontang-anting,
sumbere welas karo paran sing bener.
15 (Nabi Yohanes iku mau nyaksek'en, ya memelung ngene, “Wong iki sing tak maksuten biyen, pas guneman, ‘Ana sing kate teka sak'marine reang, sing luwih penting timbangane reang, merga wong iku wis ana sak'durunge reang.’ ”)
16 Teka Yesus sing dadi sumbere welas,
kene kabeh wis terima welas tambah welas.
17 Merga hukum agama Ibrani teka ngliwati Nabi Musa,
tapi welas karo paran sing bener teka ngliwati Yesus Kristus.
18 Nanak wong sing tau ndeleng Pengeran,
kejaba Sang Anak sing ontang-anting,
sing pancene Pengeran dewe,
sing paling raket ambek Sang Bapak.
Yesus iku sing nyatak'en Pengeran iku nang kene.
Nabi Yohanes iku ngakoni orak dadi Raja Pilihane Pengeran
19 Pemimpin wong Ibrani ngutus pepirang pengarepe sembahyang ambek wong Lewi nang Nabi Yohanes cekne takon sapa Yohanes iku. Iki sing disampek'en Yohanes. 20 Yohanes iku jujur, terus ngakoni, “Reang iki duduk Raja Pilihane Pengeran.”
21 Wong Ibrani takon, “Sapa sira iku? Apa tah sira Nabi Eliasing urip maneh?”
Semaure Yohanes, “Orak.”
Terus takon maneh, “Apa tah sira iku Nabi sing kene enteni?”
Semaure Yohanes, “Orak.”
22 Ahire wong Ibrani iku takon, “Sira iku sapa loh? Kene kudu nggenehi weruh paran nang wong sing ngutus kene. Nurut sira dewe, sira iku sapa?”
23 Yohanes semaur, nggawe tulisane Nabi Yesaya biyen,
“Reang unine wong ning ara-ara amba,
‘Ratakna dalan kanggo Gusti.’ ” (Yesaya 40:3)
24 Ana pisan wong Farisi sing diutus marek'i Yohanes. 25 Wong Farisi iku takon ngene, “Nek sira iku duduk Raja Pilihane Pengeran, ya duduk Nabi Elia, terus duduk pisan Nabi sing kene ngenteni, ngapa kok sira mbaptis wong?”
26 Yohanes semaur, “Reang mbaptis nggawe banyu. Tapi ana wong ning antarane sira sing sira orak weruh. 27 Wong iku sing kate teka sak'marine reang. Nyoplok sandale wae, reang orak pantes.”
28 Kabeh iku kedadean ning daerah Betania, sabrange Kali Yordan. Iku enggone ning endi Yohanes mbaptis wong.
Yohanes nyaksek'en ngenek'i Yesus
29 Sesok'e Yohanes ndeleng Yesus marek'i, terus guneman, “Delengen! Anak Dombane Pengeran sing ngilangen dusane ndunya! 30 Wong iki sing tak maksuten pas guneman, ‘Ana sing kate teka sak'marine reang, sing luwih penting timbangane reang, merga wong iku wis ana sak'durunge reang.’ 31 Maune reang dewe orak kenal wong iku. Tapi, reang teka kate mbaptis wong nggawe banyu cekne wong iki dinyatak'en nang wong Ibrani.”
32 Yohanes nyaksek'en ngene, “Reang ndeleng Roh Suci teka Pengeran mudun teka swarga. Roh iku memper manuk dara sing manggon ning duwure. 33 Reang dewe orak kenal wong iku. Tapi Pengeran sing ngutus reang cekne mbaptis nggawe banyu guneman, ‘Nek sira ndeleng Roh Suci mudun memper manuk dara terus manggon ning duwure wong, tegese Wong iku sing bakale mbaptis nggawe Roh Suci.’ 34 Reang wis ndeleng, terus nyaksek'en nek wong iku Raja Pilihane Pengeran.”
Muride Yohanes melu Yesus
35 Sesok'e, Yohanes gek bebarengan muride loro. 36 Pas ndeleng Yesus mlaku liwat, Yohanes guneman, “Delengen! Wong iku sing dadi Anak Dombane Pengeran!”
37 Mari rungok'en iku, muride Yohanes loro iku melu Yesus.
38 Yesus noleh nang mburi terus takon, “Sira nggolek paran?”
Semaure murid loro iku, “Rabbi (sing tegese Guru), Rika manggon ning endi?”
39 “Renea!” guneme Yesus, “sira bakale weruh.”
Terus wong loro iku melu Yesus sampek umah sing digawe nginep. Dadi molai jam papat sore wong loro iku manggon bebarengan Yesus.
40 Andreas iku dulure Simon Petrus sing dadi salah sijine muride Yohanes. Maune Andreas krungu paran sing digunemen Yohanes ngenek'i Yesus, terus melu Yesus. 41 Andreas iku ndang-ndang nemok'en Simon Petrus, dulure, terus guneman, “Kene wis nemok'en Sang Mesias!” (Maksute Mesias iku Kristus utawa Raja Pilihane Pengeran.)
42 Terus Simon digawa Andreas nang Yesus. Yesus mandeng Simon terus guneman, “Jenenge sira Simon, anak'e Yohanes. Molai sak'iki sira bakal diceluk Kefas.” (Kefas iku tegese, Petrus utawa ‘watu’.)
Yesus nyeluk Filipus ambek Natanael
43 Sesok'e, Yesus mutusen budal nang Galilea. Ning dalan, Yesus nemok'en Filipus, terus guneman, “Melua Reang.”
44 Filipus iku asale teka Betsaida, pada karo Andreas ambek Petrus. 45 Filipus nemok'en Natanael terus guneman, “Kene wis nemok'en wong iku sing diramalen ning kitabe Nabi Musa karo kitabe nabi-nabi liyane, yaiku Yesus teka desa Nasaret, anak'e Yusuf.”
46 Natanael guneman, “Nasaret! Nanak sing apik sing bisa metu teka desa iku!”
“Ayo teka, terus sira bakale weruh!” guneme Filipus.
47 Pas ndeleng Natanael marek'i, Yesus guneman, “Nah, ikilo wong Ibrani sing nanak gorohan blas.”
48 Natanael takon, “Njare Rika bisa kenal reang?”
Yesus semaur, “Maune Reang ndeleng sira pas gek lungguh ning isore wit ara iku, sak'durunge sira diceluk Filipus.”
49 Mangkane Natanael ngakoni ngene, “Rabbi, Rika iku Anak'e Pengeran. Rika iku Rajane wong Ibrani.”
50 Yesus guneman, “Sira percaya merga Reang ngomong nek wis Tak weruh sira ning isore wit ara iku. Pancen sira bakale ndeleng tenger sing luwih gede teka iku.” 51 Yesus nerusen, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, sira bakale ndeleng swarga kebukak, terus malaekate Pengeran munggah mudun liwat Rajane Menungsa.”b