Mujijat sing kawitan - banyu didadek'en anggur
2
Rong dina maneh kate ana slametan ning desa Kana, ning daerah Galilea. Emakne Yesus nekani slametan iku. 2 Yesus ambek murid-muride ya diundang pisan nang slametan iku mau. 3 Pas anggure entek, emakne Yesus guneman, “Sing duwe gawe kentek'an anggur.”
4 Semaure Yesus, “Mak, ngapa njaluk nang Reang? Wayahe ndudohen kuwasane Reang gek durung teka.”
5 Tapi emakne Yesus guneman nang sing ngladeni ning hajatan, “Lakonana paran sing diucapen Yesus nang sira.”
6 Ning kono ana kendi gede, enem jumlahe. Saben kendi isine satus (100) liter banyu. Kendi iku dicepak'en gawe ngrijik'i tangan nurut adate Ibrani. 7 Yesus guneman nang sing ngladeni iku, “Kendi-kendi iku isenana banyu.” Dadi sing ngladeni iku mau ngiseni kendi-kendi sampek bek. 8 Terus, Yesus guneman nang sing ngladeni iku, “Sak'iki ciduk'en banyu iku, terus gawanen nang sing ngatur slametan iki.”
Kendi-kendi iku isenana banyu (2:8)
Dadi sing ngladeni iku nglakoni paran sing diucapen Yesus. 9 Terus sing ngatur slametan niliki banyu sing digawak'en iku, tapi banyu iku wis malih dadi anggur. Wong sing ngatur slametan orak weruh teka endi asale anggur iku. Tapikne sing ngladeni iku weruh teka endi asale banyu iku mau. Terus sing ngatur slametan nyeluk kemanten lanang 10 ambek guneman ngene, “Biasane saben wong sing slametan mesti nyuguhen anggur sing luwih apik dikek. Terus, sak'marine dayoh-dayoh pada ngombe sampek towok, mari iku disuguhen anggur sing regane murah. Tapi sira kok nyimpen anggur apik, terus sak'iki gek disuguhen.”
11 Iki ngono mujijat sing kawitan sing dilakoni Yesus. Yesus nglakoni mujijat iku ning desa Kana, ning daerah Galilea. Ngliwati mujijat iki Yesus ndudohen kamulyane, terus murid-muride percaya nang kuwasane.
12 Sak'marine iku, Yesus budal nang Kapernaum mbarek emakne, dulur-dulure, ya murid-muride. Terus ana ning kapernaum pepirang dina.
Yesus nyucek'en Umahe Pengeran ning kota Yerusalem
13 Pas wayah dina Paskah sing dirayak'en wong Ibrani wis parek, Yesus budal nang Yerusalem. 14 Ning Umahe Pengeran Yesus nyampuhi wong sing dodol lembu, domba, manuk dara. Ana pisan wong sing ngijolen picis sing lungguh ning kana. 15 Yesus gawe pecut teka tali terus nundung wong-wong iku, ya uga domba ambek lembu cekne ninggalen latare Umahe Pengeran. Picise wong dodol karo wong tuku sing ana ning kono, mbarek meja-mejane diorat-arit nang Yesus. 16 Yesus guneman nang wong sing dodolan manuk dara, “Metua kabeh teka kene. Umahe Bapakne Reang ajo didadek'en panggonan dodolan.” 17 Terus murid-muride iling nek ana sing tetulis ning Kitab Suci, “Atine Reang dibarak'en merga Reang nresnani temenan Umahe Pengeran.”
18 Pepirang pemimpin Ibrani guneman nang Yesus, “Buktekna nek'e sira nduweni hak nundung kabeh iku. Tenger paran sing bisa sira dudohen nang kene?”
19 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Ajurna Umahe Pengeran iki! Reang kate ngedeken maneh telung dina suwene.”
20 Wong-wong iku guneman, “Petang puluh enem (46) taun suwene wong mbangun Umah iki, terus sira kate mbangun telung dina lawase?”
21 (Tapi sing dimaksuten Yesus 'Umahe Pengeran' iku duduk gedung tapi ragane Yesus dewe. 22 Sak'marine Yesus urip maneh teka wong mati, murid-muride iling nek'e Yesus wis tau ngucapen iki. Terus wong-wong iku percaya nang Kitab Suci ambek gunemane Yesus.)
23 Yesus ana ning Yerusalem pas riaya Paskah. Akeh wong dadi percaya nang Yesus merga tenger-tenger sing wis dilakoni. 24 Yesus orak masrahen awak'e dewe nang wong-wong iku, merga Yesus wis ngerti kabeh wong. 25 Yesus orak perlu saksi watek'e menungsa, merga Yesus wis weruh isi atine menungsa.