Kabar Apik Nurut
Lukas
Bebuka
Ngapa kok kitab iki ditulis?
Kitab iki nyeritak'en riwayat uripe Gusti Yesus biyen sing bener-bener nyata. Yesus iku dipilih Pengeran dadi Raja sing bakal mrentah ndunya. Tapi sak'durunge mrentah, Yesus kudu disiksa, dipateni, terus urip maneh cekne dusane wong bisa disepura. Kitab iki ditulis Lukas kurang luwih taun 60-61 Masehi.
Paran wae sing ana ning kitab iki?
Perkara-perkara sing ana ning kitab iki:
1. Wong Ibrani wis suwe ngenteni raja sing dijanjek'en Pengeran ewonan taun sak'durunge Yesus teka. Nurut janjine Pengeran, raja iku bakale mrentah ndunya sak'lelawase. Cerita iki njelasen nek Yesus iku pancen raja sing dijanjek'en Pengeran biyen. Sapa wae teka kabeh bangsa ning ndunya sing percaya nang Yesus, dusane disepura terus uripe dianyaren.
2. Yesus merlok'en wong-wong sing pas jaman iku orak dianggep, yaiku wong mlarat, wong pincang, wong dusa, wong wedok, karo wong-wong sing duduk teka suku Ibrani.
3. Yesus gelek njelasen bedane dunya brana ning ndunya karo dunya brana ning swarga.
Tema : Kabeh wong sing orak dianggep bisa dislameten nang Raja Pilihane Pengeran.
Ayat kunci: 19:10 - Yesus guneman, “Pancen Reang iki Rajane Menungsa sing teka nang ndunya kanggo nggolek'i ambek nyelameten wong-wong sing nyasar.”
Isine
1. Bebuka (1:1-4)
2. Laire Yesus karo ceritane pas gek cilik (1:5 - 2:52)
3. Yesus ngawiti penggaweane (3:1 - 4:13)
4. Sing dilakoni Yesus ning Galilea (4:14 - 9:50)
5. Mlakune Yesus nang Yerusalem (9:51 - 19:10)
6. Sing dilakoni Yesus ning Yerusalem (19:11 - 21:38)
7. Patine, tangine teka pati, karo munggahe Yesus nang swarga (22:1 - 24:53)