Yesus diuripen maneh
16
Sak'marine dina Sabat, Maria Magdalena, Maria emakne Yakobus, ambek Salome, tuku ramuan kanggo budal nang kuburane Yesus, kate nglengani mayite. 2 Isuk-isuk, pas dina Minggu, sak'marine sengenge munggah, wong-wong wedok iku pada nyekar. 3 Maringono pada guneman siji nang sijine, “Sapa sing bakal nulung nginggiren watu gede tutupe kuburan cekne kene bisa mlebu?”4 Tapikne pas wis parek, ketok nek watu tutupe kuburan iku wis mari di'inggiren. 5 Sekala iku uga wong-wong wedok iku pada mlebu nang njerone kuburan. Ning kono ana wong enom sing nggawe jubah putih, terus lungguh ning sisih tengen. Ndeleng iku wong-wong wedok pada temenggengen.
6 Tapi wong enom iku guneman, “Ajo wedi! Sira sak'iki nggolek'i Yesus wong Nasaret sing disalib iku. Yesus nanak ning kene. Yesus wis diuripen maneh! Delengen! Ikilo enggone mayite digletak'en. 7 Sak'iki, budala! Sampekna nang kabeh muride ambek Petrus ngene, ‘Yesus wis ndikik'i sira nang Galilea. Sira bakale ndeleng Yesus ning kana, persis sing wis disampek'en nang sira maune.’ ”

Wong enom iku guneman, “Ajo wedi!” (16:7)
8 Maringono wong-wong wedok iku gawok campur temenggengen metu ninggalen kubur iku. Nanak sing wani guneman peparan nang sapa wae merga saking wedine.
Yesus munggah nang swargaa
[ 9 Sak'marine Yesus urip maneh, isuk-isuk, pas dina Minggu, Yesus kawitane ngetok'en awak'e nang Maria Magdalena. Maune Yesus tau nundung pitung roh jahat teka Maria. 10 Terus Maria budal ndongengen kedadean iku nang wong-wong sing maune melu Yesus. Pas iku wong-wong gek susah, ya nangis merga patine Yesus. 11 Tapi pas krungu nek Yesus wis urip maneh, karo wis dideleng Maria, wong-wong iku pada orak percaya.
12 Sak'marine iku Yesus ngetok'en awak'e nggawe cara liayane, nang muride loro sing gek mlaku metu teka kota Yerusalem. 13 Mari iku murid loro iku mbalik terus ndongengen nang kanca-kancane, tapi nanak sing percaya.
14 Ahire Yesus ndudohen awak'e nang sewelas muride pas gek pada mangan. Yesus nuturi murid-muride iku merga atine atos ya orak percaya masia wis ndeleng dewe nek Yesus urip maneh.
15 Maringono Yesus ngomong nang murid-muride ngene, “Budala nang sak'kabehe ndunya. Mbritakna Kabar Apik nang sak'kabehe makluk. 16 Sapa wae sing percaya ambek dibaptis bakal dislameten. Tapi sapa sing orak percaya bakal diukum. 17 Iki tetenger sing bakal mbarengi wong-wong sing percaya iku:
bakale nundung roh jahat katek jenenge Reang,
bakale guneman katek basa-basa sing orak diweruhi maune,
18 bakale njukuk ula,
bakale ngombe racun tapi orak ngengapa,
bakale ndeleh tangane ning duwure wong lara, terus wong iku bakale waras.”
19 Sak'wise guneman ngono nang murid-muride, Gusti Yesus diunggahen nang swarga, terus lungguh ning sisih tengene Pengeran. 20 Maringono murid-muride budal nyeritak'en Kabar Apik nang sak'kabehe enggon. Ngliwati murid-muride iku Gusti gawe akeh tetenger kanggo ndudohen nek sing disampek'en wong-wong iku pancen bener.]