Yesus ning ngarepe Gubernur Pilatus
15
Isuk-isuk, ketua-ketuane pengarepe sembahyang, sesepuhe wong Ibrani, ahli-ahli agama Ibrani, ambek sak'kabehe Mahkamah Agama pada rembukan. Wong-wong iku naleni Yesus gawe rante terus dipasrahen nang Gubernur Pilatus.a2 Terus Pilatus takon nang Yesus ngene, “Bener tah, Sira iki Rajane wong Ibrani?”
Yesus njawab, “Rika dewe sing guneman ngono.”
3 Maringono ketua-ketuane pengarepe sembahyang ndarani Yesus sing nemen.
4 Pilatus takon maneh nang Yesus, “Ngapa kok Sira orak semaur? Delengen! Wong-wong iku wis akeh-akeh ndarani Sira.”
5 Tapi Yesus mek meneng wae sampek Pilatus gawok.
6 (Na, biasane saben riaya Paskah, ana salah sijine wong tahanan sing diculen teka bui, nurut penjaluk'ane wong akeh. 7 Pas iku ana wong tahanan sing jenenge Barabas. Wong iku ambek pepirang wong liyane dilebok'en bui merga nglawan pemrentah Roma. Pas kisruh iku wong-wong sing melu sampek mateni wong.)
8 Maringono wong Ibrani sing akeh pada nekani Pilatus terus njaluk cekne ana wong tahanan sing diculen entah biasane.
9 Pilatus takon nang wong-wong iku, “Apa sira kabeh gelem reang ngeculen ‘Rajane wong Ibrani’ iki?” 10 (Sak'jane Pilatus weruh nek ketua-ketuane pengarepe sembahyang iku masrahen Yesus merga iri.)
11 Tapikne ketua-ketuane pengarepe sembahyang iku ngojok-ngojok'i wong akeh cekne njaluk Barabas wae sing diculen.
12 Sidane Pilatus takon maneh, “Nek ngono, paran sing kudu tak lakoni nang Wong sing sira arani ‘Rajane wong Ibrani’ iki?”
13 Wong-wong iku pada bebengok, “Saliben Wong iku! Pakuen Wong iku nang kayu salib!”
14 Terus Pilatus takon maneh nang wong-wong iku, “Tapi jahate paran sing wis dilakoni Wong iki?”
Tapikne wong-wong iku tambah banter bebengok, “Salibna! Pakuen awak'e nang kayu salib!”
15 Pilatus kepingin nyenengen atine wong akeh iku. Sidane Pilatus ngeculen Barabas nang wong-wong iku. Maringono Yesus digawa cekne dipecuti terus dipasrahen kanggo diukum pati.
Yesus dinyek
16 Prajurit-prajurit Roma nggawa Yesus nang njero kratone gubernur, yaiku enggon kanggo ngadili wong. Terus prajurit kabeh pada diceluk cekne nglumpuk ning kono. 17 Sak'wise iku prajurit-prajurit molai ngenyek Yesus. Yesus digawek'en jubah ungu entah sandangane raja, terus ana mahkota sing digawe teka pange eri. Mahkota iku dideleh ning ndase Yesus.

“Salam, ya Rajane wong Ibrani” (15:20)
18 Marine ngono prajurit-prajurit iku apen-apen ngajeni Yesus ngene, “Salam, ya Rajane wong Ibrani!” 19 Teruse ndase Yesus digepuk'i gawe tongkat, ya di'idoni. Maringono pada apen-apen sujud nyembah nang Yesus. 20 Sak'marine ngenyek Yesus, jubah ungu iku diutak terus klambine sing mau digawek'en maneh.
Yesus dipaku nang kayu salib
Maringono Yesus digawa nang njabane kota cekne diukum pati ning kayu salib. 21 Pas iku ana wong teka Kirene sing liwat ning kono, jenenge Simon. (Simon duwe anak jenenge Aleksander karo Rufus.) Wong iku gek entas teka desa, kate mlebu nang kota, tapi dipeksa mikul kayu salibe Yesus.b
22 Yesus digawa nang enggon sing diarani ‘Golgota,’ sing tegese ‘Enggone Rongkong.’ 23 Prajurit-prajurit iku nggenehi anggur campur menyan nang Yesus, tapi Yesus orak gelem. 24 Maringono Yesus dipaku nang kayu salib, terus salib iku dideken. Prajurit-prajurit iku pada ngopyok undian kanggo nentok'en sapa sing olehi sandangane Yesus.
25 Yesus dipaku ning kayu iku pas jam sanga isuk. 26 Ning duwure kayu salib iku ana tulisan paran sing didarak'en nang Yesus. Tulisan iku unine:
‘Rajane Wong Ibrani.’
27 Ana rampok loro sing diukum pati ning salib bareng Yesus pisan. Siji disalib ning kiwane Yesus, sing sijine disalib ning tengene Yesus.
[ 28 Kedadean iku njangkepi ramalan ning Kitab Suci biyen sing unine, ‘Wong iku bakale dianggep pada karo wong-wong sing jahat.’†]c
29 Na, wong-wong sing ngliwat ning kono pada nggodek-nggodek ndase mbarek ngenyek Yesus terus guneman, “He! Sira iki tah sing jerene kate ngrubuhen Umahe Pengeran terus kate dibangun maneh mek sak'njerone telung dina. 30 Ayo wis slametna Awak'e sira dewe, terus muduna teka salib iku.”
31 Ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani sing ana ning kono ya ngono pisan. Wong-wong iku pada ngenyek Yesus mbarek guneman siji nang sijine, “Wong iki wis nyelameten wong liya. Tapi orak bisa nyelameten Awak'e dewe. 32 Nek'e Wong iki pancene Kristus, yaiku Rajane wong Ibrani, kepe ndang-ndang mudun teka kayu iku, cekne kene ndeleng terus percaya.”
Rampok loro sing disalib bareng Yesus iku ya melu-melu ngenyek pisan.
Yesus mati
33 Pas jam rolas awan, memara daerah iku peteng dedet sampek jam telu sore. 34 Kira-kira jam telu sore, Yesus memelung banter, “Eloi, Eloi, lama sabakhtani?” sing tegese “Pengerane Reang, Pengerane Reang, ngapa Rika ninggalen Reang?”†
35 Pepirang wong sing ngadek ning kono krungu suwarane Yesus iku terus pada guneman, “Rungokna! Wong iku nyeluk Nabi Elia!”
36 Terus ana sing mlayu njupuk sepon sing wis dicemplungen ning anggur asam, terus ditaleni nang pucuk'e tongkat. Maringono mbarek nguluren sepon iku nang cangkeme Yesus, wong iku ngomong, “Entenana gek! Pane dideleng, apa ya Nabi Elia bakale teka kanggo ngeduk'en Wong iki teka salibe.”
37 Maringono Yesus memelung banter terus mati. 38 Pas iku slambu geded ning Umahe Pengeran memara sowek dadi loro, teka nduwur sampek ngisor.
39 Ndeleng njare cara patine Yesus mau, perwira sing ngadek ning ngarepe kayu salib iku ngomong, “Wong iki pancen Anak'e Pengeran!”

Perwira sing ngakoni Yesus (15:39)
40 Ning kono ana pisan pepirang wong wedok sing melu nyaksek'en kabeh kedadean iku teka adoh. Ning antarane wong wedok iku ana sing jenenge Maria Magdalena, Maria - emakne Yoses karo Yakobus sing enom, ambek Salome. 41 (Maune pas Yesus gek ana ning Galilea, wong-wong wedok iku ngetuten Yesus ambek ngladeni butuhe Yesus. Akeh wong wedok sing melu nang Yerusalem ana ning kono pisan.)
Mayite Yesus dikubur
42 Pas iku wis kawit peteng, kabeh wong Ibrani ndang-ndang marek'en nyiapen sembarang kalir kanggo tekane dina Sabat. 43 (Na, ana wong sing jenenge Yusuf sing asale teka kota Arimatea. Masia Yusuf diajeni dadi anggotane Mahkamah Agama, Yusuf ngenteni wayahe Kerajaane Pengeran dinyatak'en.) Merga dina Sabat meh molai, Yusuf nekat ngadepi Gubernur Pilatus cekne njaluk mayite Yesus ndang-ndang diduk'en teka kayu salib.
44 Krungu nek Yesus wis mati, Pilatus dadi gawok, terus ngongkon wong nyeluk Perwira sing mimpin prajurit-prajurit mau. Pilatus kate takon apa bener orak, Yesus wis mati. 45 Sak'marine nerima lapuran teka perwira iku nek Yesus wis mati, Pilatus ngolehi Yusuf cekne nggawa mayite Yesus.
46 Maringono mayite Yesus diduk'en teka salib, terus dibuntel lawon putih sing dituku Yusuf maune. Terus mayit iku dilebok'en ning kuburane sing digawe ning njerone pusung watu. Sak'wise iku ana watu gede sing digulingen cekne dadi tutupe kuburan iku. 47 Maria Magdalena karo Maria, emakne Yoses, nguwasen enggone mayite Yesus didelehen.