Rundingan kanggo mateni Yesus
14
Rong dina sak'durunge riaya Roti sing Nanak Raginea karo riaya Paskah dianak'en, ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani meneng-meneng nggolek dalan cek'ne bisa nyekel ambek mateni Yesus. 2 Wong-wong iku pada guneman, “Ajo dicekel sak'wene riaya, cekne rakyat orak kisruh.”Yesus dilengani ning Betania
3 Pas Yesus ana ning desa Betania, Yesus ambek muride lungguh mangan ning umahe Simon. Simon iki wong sing biyene tau kenek lara kusta. Pas gek mangan, ana wong wedok sing teka nggawa lenga wangi sing asli ning botol marmer. Lenga wangi iku larang temenan regane. Tutupe botole mara dipecahen terus lengane diutahen ning duwure ndase Yesus.
4 Tapi ana pepirang wong ning kono sing memoring mbarek guneman, “Lenga wangi sing larang iku kok dibuang ngono? Eman temenan! 5 Mergane nek didol bisa oleh picis gedene penggawean sak'taun!b Picise iku bisa digewehen nang wong sing orak duwe!” Sidane pada ngelok'en wong wedok iku.
6 Tapikne Yesus guneman, “Jarna wae! Orak usah dipenggak! Wong wedok iki wis nglakoni apik nang Reang. 7 Saben wayah sira bisa ngladeni wong mlarat. Tapikne Reang orak teterusan bebarengan sira. 8 Wong wedok iki wis nglakoni paran sing bisa dilakoni. Ragane Reang wis dilengani dikek cekne mbesok siap dikubur. 9 Gunemane Reang iki bener temenan, Kabar Apik bakal diceritak'en ning endi wae ning sak'kabehe ndunya. Terus paran sing dilakoni wong wedok iki bakale diceritak'en pisan, cekne wong iling nang wong iki.”
Yudas kate masrahen Yesus
10 Maringono Yudas Iskariot, salah sijine teka rolas murid iku, budal nyampuhi ketua-ketuane pengarepe sembahyang kanggo masrahen Yesus nang wong-wong iku. 11 Ngrungok'en iku kabeh, ketua-ketua iku pada bungah temenan ya njanjeni bakal nggewehi picis nang Yudas. Teruse Yudas nggolek wayah sing tepak kanggo masrahen Yesus.
Yesus nganak'en Paskah bareng murid-muride
12 Pas dina kawitan riaya Roti sing Nanak Ragine, wong Ibrani ngorbanen domba Paskah. Pas iku murid-murid takon nang Yesus, “Ning endi Rika kepingin kene nyapak'en mangan kanggo Paskah?”
13 Terus Yesus ngutus muride loro mbarek guneman ngene, “Pas mlebu nang kota, sira bakale campuh karo wong lanang sing nggawa banyu ning kendi gede. Tutna wong iku. 14 Nek'e wong iku mlebu nang umah, mlebua pisan terus ngomonga nang wong sing duwe umah, ‘Gurune reang takon, “Endi enggon kanggo mangan Paskah bareng murid-muride Reang?” ’ 15 Sing duwe umah bakale ndudohen kamar gede sing wis jangkep perabotane. Kamar iku ana ning pinggir duwur. Sira kudu nyepak'en kabeh ning kono.”
16 Dadi murid loro iku budal nang kota. Njebul ning kana nemok'en kabeh sing persis karo gunemane Yesus. Wong loro iku molai nyepak'en pangan kanggo Riaya Paskah.
17 Bengine, pas wayahe kanggo mangan bareng, Yesus karo rolas muride teka nang umah iku.
18 Pas gek pada lungguh mbarek mangan Yesus guneman, “Gunemane Reang iki bener temenan, salah sijine murid sing mangan bareng Reang sak'iki bakale nekong Reang.”
19 Mangkane murid-murid kabeh pada susah atine, terus siji nang sijine pada guneman nang Yesus, “Mestine duduk reang!”
20 Yesus njawab, “Wong iku ya salah siji ning antarane rolas murid iki, yaiku sing nyelupen rotine ning mangkok sing pada bareng Reang. 21 Reang, Rajane Menungsa, pancen bakale budal persis sing wis tetulis ning Kitab Suci. Tapi blai'a wong sing nekong Rajane Menungsa iki. Luwih apik nek wong iku orak tau dilairen.”
Gambaran awak ambek getihe Yesus
22 Pas gek pada mangan, Yesus njupuk roti terus nedanerima nang Pengeran. Maringono rotine ditugel-tugel, terus didum nang murid-muride. Yesus guneman, “Jupuk'en, roti iki nggambaren awak'e Reang.”
23 Sak'wise iku, Yesus njupuk cingkir sing ana anggure, terus nedanerima. Mari iku digewehen nang murid-muride cekne ngombe teka cingkir iku. 24 Yesus guneman, “Anggur iki nggambaren getihe Reang sing bakale diutahen kanggo akeh wong. Getihe Reang iki ndadek'en janjine Pengeran sah.c 25 Gunemane Reang iki bener temenan, Reang orak bakal ngombe anggur iki maneh sampek teka dinane Kerajaane Pengeran dinyatak'en. Pas iku Reang bakal ngombe banyu anggur sing anyar.”
26 Sak'marine nyanyek'en kidung muji Pengeran, Yesus karo murid-muride budal nang Pusung Saitun.
Yesus nggenehi weruh nek bakal orak diakoni Petrus
27 Terus Yesus guneman nang murid-muride, “Imane sira kabeh nang Reang bakale goncang entah sing wis tetulis ning Kitab Suci ngene,
‘Reang bakal nggepuk'i Sing Angon,
terus domba-dombane bakal mlayu buyar.’ (Sakaria 13:7)
28 Tapi sak'marine Reang diuripen maneh, Reang bakal budal ndikik'i sira kabeh nang Galilea.”
29 Petrus guneman nang Yesus, “Masia kabeh kanca iki ninggalen Rika, reang orak kira ninggalen Rika.”
30 Yesus nyauri, “Gunemane Reang iki bener temenan, dina iki, pas bengi, sak'durunge petek kluruk ping pindo, sira bakale orak ngakoni Reang ping telu.”
31 Tapikne Petrus ngomong sing nemen, “Masia reang kudu mati bareng Rika, reang tetep ngakoni Rika.” Kabeh murid liyane ya pada ngomong ngono.
Yesus ndedunga ning taman Getsemani
32 Maringono pada budal nang taman sing diarani Getsemani. Ning kono Yesus guneman nang murid-muride, “Lungguha ning kene, Reang kate ndedunga ning kana.” 33 Terus Yesus budal ngejak Petrus, Yakobus, ambek Yohanes. Yesus krasa susah temenan ya pikire orak anteng. 34 Yesus guneman nang murid telu iku, “Atine Reang susah temenan, sampek kate mati. Menenga wae ning kene ambek jejaga'a!”
35 Maringono Yesus mlaku dewe orak kosi adoh, terus selumkrep nang lemah ambek ndedunga. Yesus ndedunga cekne orak nerima siksaan sing bakale dialami. 36 Dungane ngene, “Duh Abba,d Bapak, nanak sing orak kira kanggo Rika. Cingkir siksaan sing kudu Tak ombe iki, adohna teka Reang. Tapikne Reang pasrah nang kekarepane Rika wae, duduk kekarepane Reang dewe.”

Yesus ndedunga (14:35-36)
37 Maringono Yesus mbalik nang muride telu iku, tapi kabeh pada turu. Yesus ngomong nang Petrus, “Simon, sira turu tah? Apa sira orak bisa jejaga sak'jam wae? 38 Jejaga'a ambek ndedunga cekne masia diguda sira orak gawe dusa. Rohe sira kepingin nglakoni sing apik, tapikne ragane sira orak kuwat.”
39 Sepisan maneh Yesus budal terus ndedunga entah sing diucapen maune. 40 Pas mbalik maneh Yesus nemok'en muride telu iku gek pada turu, saking ngantuk'e. Murid-murid iku ya orak weruh kudu njawab njare nang Yesus.
41 Ping telune Yesus ndedunga, terus mbalik maneh karo ngomong nang muride telu iku, “Sira ya gek pancet turu ambek leren tah? Cukup wis! Wayahe wis teka. Delengen, Rajane Menungsa bakale dipasrahen nang tangane wong-wong sing dusa. 42 Tangia! Ayo pada budal! Sing nekong Reang wis teka!”
Yesus dicekel
43 Pas Yesus gek guneman, Yudas, salah sijine teka rolas murid iku, teka ning kono. Bebarengan Yudas ana pisan sak'grombolane wong sing diutus ketua-ketuane pengarepe sembahyang, ahli-ahli agama Ibrani, ambek sesepuh-sesepuh wong Ibrani. Wong-wong iku nggawa gepuk karo wedung.
44 Na, Yudas, wong sing masrahen iku, wis nggewehi tenger nang kanca-kancane ngene, “Engko sapa sing tak ambung, iku wonge. Cekelen terus gawanen sing ati-ati.”
45 Pas teka, Yudas langsung marani Yesus mbarek guneman, “Guru!” Maringono Yudas nyapa ambek ngambung Yesus. 46 Terus wong-wong iku nyekel ya naleni Yesus. 47 Sidane ana muride Yesus sing njupuk wedunge ambek nyerang budak'e pengarepe sembahyang agung, sampek kupinge ditugel.
48 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Apa Reang iki didarak'en wong jahat tah, sampek sira nyekel Reang ambek nggawa gepuk karo wedung? 49 Saben dinane Reang ana bareng sira, mulang ning latare Umahe Pengeran. Ngapa kok sira orak nyekel Reang pas sak'mono? Tapi iki kelakon cekne ramalane Kitab Suci dijangkepi.”
50 Maringono murid-murid kabeh pada mlayu ninggalen Yesus. 51 Ana wong jaka sing ngetuten Yesus teka mburi. Wong iku mek nggawe sarung tok kanggo nutupi awak'e. Meh wae wong iku kecekel pisan. 52 Tapi pas sarunge kecekel wong iku bisa ucul, terus mlayu muda blejet.
Yesus ning ngarepe Mahkamah Agama
53 Maringono Yesus digawa nang umahe pengarepe sembahyang agung. Ning kono wis nglumpuk sak'kabehe ketuane pengarepe sembahyang, sesepuh Ibrani, ambek ahli-ahli agama Ibrani. 54 Petrus ngetuten Yesus teka adoh sampek mlebu nang latar umahe pengarepe sembahyang agung. Ning kono Petrus lungguh, terus gegeni bareng wong-wong sing njaga.
55 Ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sak'kabehe Mahkamah Agama pada nggolek bukti sing bisa nyalahen Yesus cekne kenek diukum pati. Tapi nyatane nanak sesijia bukti sing ditemok'en. 56 Akeh saksi palsu sing melu nyalahen Yesus, tapi paran sing disampek'en orak cocok siji nang sijine.
57 Ana pisan pepirang saksi sing ngadek terus ndarani Yesus ngene, 58 “Kene krungu wong iki guneman ngene, ‘Reang bakal ngrubuhen Umahe Pengeran sing digawe tangane menungsa iki. Terus sak'njerone telung dina, Reang bakal mbangun umah anyar sing orak digawe tangane menungsa.’ ” 59 Tapi paran sing disampek'en saksi-saksi iku orak cocok siji nang sijine.
60 Sidane pengarepe sembahyang agung ngadek ning ngarepe wong-wong iku terus takon nang Yesus, “Akeh saksi wis ndarani Sira. Ngapa Sira kok orak njawab blas?”
61 Tapikne Yesus mek meneng wae, ya orak semaur peparan.
Sepisan maneh pengarepe sembahyang agung takon, “Apa Sira mikir nek Sira iki Raja Pilihane Pengeran, Anak'e Pengeran sing Maha Mulya?”
62 Yesus njawab, “Ya bener! Sira kabeh bakale ndeleng Reang, Rajane Menungsa, lungguh ning sisih tengene Sing Kuwasa terus mudun teka swarga nang ndunya sak'njerone awan.”
63 Ngrungok'en iku, pengarepe sembahyang agung memoring terus nyowek klambine dewe merga mikir Yesus wis ngenyek Pengeran. Wong iku terus ngomong, “Wis orak perlu ana saksi maneh! 64 Rika kabeh wis krungu dewe nek wong iki mari ngenyek Pengeran. Sak'iki njare keputusane rika kabeh?”
Kabeh pada mutusen nek Yesus kudu diukum pati. 65 Maringono ana pepirang wong sing molai ngidoni Yesus. Ana sing nutupi mripate Yesus ambek dijotos. Wong-wong iku guneman, “Nek'e Sira pancen nabi, pane tebak'en sapa sing mari njotos Sira!” Wong-wong sing njaga ning kono ya melu njotos Yesus.
Petrus orak ngakoni Yesus
66 Pas iku Petrus gek ana ning isoran, yaiku ning latare umah iku. Salah sijine babu wedok marek'i. 67 Wong wedok iku ndeleng Petrus gek gegeni. Mbarek nguwasen praene Petrus, wong wedok iku guneman, “Sira iki kancane Yesus wong Nasaret iku tah?”
68 Tapikne Petrus orak ngakoni ambek guneman, “Ya orak! Reang orak ngerti paran sing sira omongen.” Terus Petrus mlaku nang latar, nang gapurane pager ngarepe umah iku. (Pas iku ana petek sing kluruk).
69 Babu wedok iku nguwasen Petrus maneh, terus guneman nang wong-wong sing ana ning kono, “Wong iki pancen salah sijine sing melu Yesus.” 70 Tapikne Petrus ya orak ngakoni maneh.
Orak kosi suwe, wong-wong sing ngadek ning kono pada ngomong nang Petrus, “Pancene sira iki salah siji teka grombolan sing melu Yesus, merga sira iki wong Galilea.”
71 Sidane Petrus sampek nyedani ambek sumpah, “Reang orak kenal Wong iku sing sira maksuten!”
72 Sekala iku uga ana petek kluruk ping pindone. Petrus dadi iling nang gunemane Yesus maune, “Sak'durunge petek kluruk ping pindo, sira bakale orak ngakoni Reang ping telu.” Petrus mara nangis merga sedih temenan.