Yesus mulang soal Umahe Pengeran sing bakale diajuren
13
Pas Yesus metu teka Umahe Pengeran ana muride sing guneman nang Yesus, “Guru, delengen! Umah iki pancen gede temenan ye! Watu-watune apik, enggone ya lenah temenan.”2 Terus Yesus guneman, “Wasenen sing genah bangunan-bangunan sing gede iki! Bakale nanak sesijia watu sing dijaren kesusun ning enggone. Kabeh iki bakale diajuren.”
Yesus mulang soal tengere pungkasane jaman
3 Maringono Yesus ambek murid-muride budal nang pusung Saitun. Teka kono Yesus lungguh dewe, arahe ngadep nang Umahe Pengeran, sing ketok teka adohan. Teruse Petrus, Yakobus, Yohanes karo Andreas takon dewe nang Yesus ngene, 4 “Sing Rika omongen mau iku kapan bakal kedadean? Paran wae tengere nek'e wis wayahe kedadean?”
5 Yesus semaur, “Sira kudu sing awas cekne orak digorohi! 6 Akeh wong kate teka terus ngomong nggawe jenenge Reang ngene, ‘Reang iki Raja sing dijanjek'en Pengeran!’ Wong-wong iku bakale nyesaten akeh wong. 7 Ajo wedi nek'e sira krungu suwarane perang karo kabare wong-wong sing kate perang. Kabeh iku pancen kudu kedadean dikek, tapikne iku gek durung kiamat. 8 Merga bangsa siji bakale perang karo bangsa liyane terus kerajaan siji perang karo kerajaan liyane. Bakale ana lindu ning pepirang enggon ya ana laib gede sampek nanak sing dipangan. Kabeh iku mung gek kawitane sarane menungsa sing bakale ana sak'durunge jaman anyar, entah larane wong sing kate babaran.
9 “Tapikne sira iki kudu sing awas! Sira bakale diserahen nang Mahkamah Agama, ya bakale digepuk'i ning balai-balai agama. Sira bakale digawa nang ngarepe penggede-penggede karo raja-raja merga melu Reang. Pas iku sira bakale dadi saksi kanggo Reang nang wong-wong iku. 10 Tapi sak'durunge iku Kabar Apik kudu disampek'en dikek nang sak'kabehe bangsa. 11 Nek sira dicekel terus digawa kanggo diadili, sira ajo kuwatir nang paran sing kudu sira omongen. Ngomonga paran wae sing bakale digewehen Pengeran nang sira pas iku, merga sing bakale diomongen sira iku duduk omongane sira dewe tapikne teka Rohe Pengeran.
12 “Bakale ana bapak sing nyerahen anak'e dewe, ana dulur sing nyerahen dulure dewe cekne dipateni. Ya ngono uga, lare-lare bakale nglawan wong tuwek'e dewe terus diserahen kanggo dipateni. 13 Sira bakale disengiti nang kabeh wong merga melu Reang. Tapi sapa sing tetep setia nang Reang sampek nang pungkasane, wong iku bakale slamet.”
Siksaan sing paling abot
14 Terus Yesus nerusen gunemane, “Sira bakale ndeleng wong sing jahat ngadek, terus najisen Umahe Pengeran (sing maca kudu nggatek'en maksute). Pas iku wong sing ana ning daerah Yudea kudu mlayu nang pusungan. 15 Sapa sing ana ning duwure umah, ajo sampek mudun njupuk peparan ning njero umah. 16 Sapa sing ana ning gaga, ajo sampek mbalik kanggo njupuk sandangane. 17 Pas iku, mesak'en temenan wong-wong wedok sing gek mbobot ambek sing gek nyusoni bayine merga ewoh mlayu nang endi-endi. 18 Dunga'a cekne iku orak kedadean pas wayah sing adem. 19 Merga pas iku bakale ana kedadean sara temenan sing orak tau diweruhi ning ndunya iki. Pancen molai Pengeran nggawe ndunya iki sampek sak'iki sara sing gede iku orak bakal kedadean maneh. 20 Nek'e dina-dina sing sara iku orak digawe kalong nang Gusti Pengeran, mesti nanak sing bakale slamet. Tapikne merga mesak'en nang umat pilihane, yaiku wong-wong sing wis dipilih, dina-dina iku wis dikalungi.
21 “Pas iku, nek ana wong sing ngomong nang sira, ‘Delengen! Raja Pilihane Pengeran ana ning kene.’ Utawa, ‘Delengen! Raja Pilihane Pengeran ana ning kana,’ ajo sira percaya. 22 Merga raja-raja sing palsu karo nabi-nabi palsu bakale teka. Wong-wong iku bakale nglakoni tetenger ambek mujijat-mujijat cekne nyesaten umat pilihane Pengeran. Tapi orak bisa. 23 Sira kudu jejaga! Ilinga! Kabeh iki wis Tak jelasen nang sira sak'durunge kedadean.”
Wayah tekane Rajane Menungsa
24 “Sak'marine wayah sing sara iku, pas dina-dina iku,
sengenge bakale peteng,
wulan orak ngetok'en padange.
25 Lintang-lintang bakale rotoh teka langit,
kuwasa-kuwasa ning langit bakale goncang.
26 “Pas iku, kabeh wong bakale ndeleng Rajane Menungsa teka ning njerone mendung gawe kuwasane karo keagungane. 27 Rajane Menungsa bakale ngutus malaekat-malaekate kanggo nglumpuk'en kabeh umat pilihane Pengeran teka sak'kabehe enggon ning ndunya iki. Teka wetan, kulon, lor, kidul ya teka pucuk'e ndunya sampek pucuk'e langit.
28 “Wayah tekane Rajane Menungsa iku entah wit ara utawa wit liyane pas wayah ketiga. Nek'e pange wis kawit ngetok'en pupuse, sira mesti weruh nek'e wayahe ketiga meh teka. 29 Ya ngono pisan mbesok nek'e sira ndeleng kabeh kedadean sara sing Tak ceritak'en mau, iku tegese Rajane Menungsa iku wis parek temenan, wis ning ngarepe lawang. 30 Tapi gatekna! Kabeh iku pancen bakale kedadean sak'durunge wong-wong jaman iki mati kabeh. 31 Jagad sak'isine bakale musnah, tapikne wulangane Reang bakale ana sak'lelawase. 32 Tapikne ngenek'i dina utawa wayahe iku, nanak sesijia wong sing weruh. Malaekat-malaekat ning swarga ambek Anak'e Pengeran ya orak weruh pisan. Mek Sang Bapak dewe sing weruh kapan wayahe.”
Sira kudu jejaga
33 “Sira kudu sing awas, ya kudu jejaga'a, merga sira orak weruh kapan iku bakale kedadean. 34 Wayahe iku Tak umpamak'en wong sugih sing budal nang enggon sing adoh. Wong sugih iku ngongkon koli-koline sing ngurusi umahe, ya digewehi penggawean dewe-dewe. Terus ya ana pisan sing dikongkon njaga temenan lawange umahe iku. 35 Ya entah umpama iku mau, sira ya kudu jejaga, merga sira orak weruh kapan sing duwe umah iku bakale moleh. Bisa dadi pas sore, tengah wengi, subuh, utawa isuk-isuk. 36 Nek sing duwe umah mara-mara teka, ajo sampek sira keturon. 37 Paran sing Tak omongen nang sira iki orak mung kanggo sira dewe tapi nang kabeh wong. Sira kudu tetep jejaga!”