Paribasane gaga sing diparok'en
12
Maringono Yesus mulang nggawe paribasan nang kabeh ketuane pengarepe sembahyang, ahli agama Ibrani karo sesepuh ning kono. Yesus guneman ngene, “Ana wong sing manja wit anggur ning gagane. Gagane digawe'en pager mubeng ya digawek'en enggon kanggo meres wohe anggur. Terus digawe'en pisan menara sing duwur kanggo njaga gagane teka duwuran. Terus tandurane diparok'en nang wong-wong sing gelem nggarap. Maringono sing duwe gaga iku budal nang negri liyane sing adoh. 2 Pas wayahe panen, sing duwe gaga ngongkon koline budal nang wong-wong sing nggarap gagane, cekne digenehi bageane teka asile. 3 Nyatane koline iku dicekel, digepuk'i, terus dikongkon moleh tapi orak digenehi peparan.
4 “Sak'wise iku sing duwe gaga ngongkon koli liyane maneh. Koli iku ya digepuk'i ndase terus dinyek entek-entek'an. 5 Maringono sing duwe gaga ngongkon koli liyane maneh tapi koline iku dipateni. Sak'teruse ya akeh sing digepuk'i ya ana sing dipateni. 6 Sampek sak'mono sing duwe gaga iku gek kari wong siji wae, yaiku anak'e dewe sing ditresnani. Ahire anak'e iku ya dikongkon budal ambek mikir, ‘Wong-wong sing nggarap iku mesti ngajeni anak'e reang dewe.’
7 “Tapikne pas ndeleng anak'e sing duwe gaga teka, wong-wong sing nggarap pada guneman nang kancane, ‘Iki lare sing bakale oleh warisan. Ayo dipateni wae, cekne kene sing oleh warisane.’ 8 Maringono anak'e sing duwe gaga iku dicekel, dipateni, terus mayite diuncalen metu teka gagane iku.”
9 Terus Yesus takon, “Paran sing bakale dilakoni sing duwe gaga nang wong-wong sing nggarap iku? Sing duwe gaga bakale teka, terus mateni wong-wong sing nggarap iku. Maringono gaga iku bakal dipasrahen nang wong-wong liyane. 10 Apa sira durung maca tulisan ning Kitab Suci sing unine ngene?:
‘Watu sing dibuang nang tukang-tukang bangunan,
wis dadi watu ancer-ancere umah.a
11 Gusti Pengeran sing ndadek'en iku ngono,
penggaweane Pengeran iku nggawok'i kene.’ ” (Masmur 118:22-23)
12 Pemimpin-pemimpin Ibrani sing ana ning kono weruh nek paribasan sing diceritak'en Yesus iku pancen ditujok'en nang wong-wong iku. Sidane pada ngrekadaya njare carane kanggo nyekel Yesus. Tapi merga wedi nang wong akeh sing ana ning kono, pemimpin-pemimpin iku budal ninggalen Yesus.
Tetakonan ngenek'i pajek nang Raja Gede Roma
13 Maringono pepirang wong Farisi karo golongane wong sing melu Raja Herodes dikongkon njebak Yesus nggawe tetakonan. 14 Wong-wong iku marani Yesus terus guneman, “Guru, kene kabeh weruh nek'e Rika iku wong sing jujur ya orak mbeda-mbedak'en wong. Paran sing diomongen Rika iku pancen nurut kekarepane Pengeran, orak mung kanggo nyenengen atine uwong. Nek ngono, kene kate takon. Nurut rika, apa tah wong Ibrani kudu mbayar pajek utawa orak nang Raja Gede Roma?”b
15 Tapi Yesus weruh nek wong-wong iku mek apen-apen apik. Terus Yesus guneman, “Ngapa sira kok kate njebak Reang? Pane dudohna nang Reang picis perak sak'dinar.”
16 Terus wong-wong iku ndudohen picis perak sak'dinar.
Yesus takon, “Ning picis iku ana gambar karo jenenge sapa?”
Wong-wong iku njawab, “Iki gambar karo jenenge Raja Gede Roma.
17 “Nek ngono,” semaure Yesus, “genehana nang Raja Gede Roma paran sing dadi duwek'e Raja Gede Roma, terus genehana nang Pengeran paran sing dadi duwek'e Pengeran.”
Kabeh wong pada gawok ngrungok'en jawabe Yesus iku.
Ning picis iku ana gambar karo jenenge sapa? (12:17)
Apa wong sing mati bakale diuripen maneh?
18 Marine iku ana wong-wong golongane Saduki teka nang Yesus. (Na, wong Saduki iku orak percaya nek'e kabeh wong sing mati bakale urip maneh.) Wong-wong iku takon nang Yesus ngene, 19 “Guru, biyen Nabi Musa wis nulis ning Kitab Suci ngene: ‘Nek'e ana wong lanang mati, terus sing wedok gek durung duwe anak, dulure lanang iku sing mati iku kudu rabi karo lanjar iku, cekne sing mati mau tetep duwe keturunan.’ 20 Tau ana wong lanang pitu sak'duluran. Sing nomer siji rabi terus mati, tapi orak duwe anak. 21 Terus sing nomer loro rabi karo lanjar iku tapi mati pisan sak'durunge duwe anak. Maringono sing nomer telu ya pada wae. 22 Teterusan sampek sing nomer pitu ya rabi karo lanjar mau tapi ya pada matine. Masia ngono, nanak sesijia sing duwe anak. Ahire lanjar mau ya mati pisan. 23 Mbesok sak'marine kiamat, nek'e kabeh wong diuripen maneh, nurut Rika sapa ning antarane wong lanang pitu iku sing dadi bojone lanjar iku? Merga wong lanang pitu iku wis tau ngrabi lanjar iku mau.”
24 Yesus njawab, “Sira keliru merga orak ngerti nang isine Kitab Suci karo kuwasane Pengeran. 25 Pas wong mati wis diuripen maneh, nanak sing bakale rabi utawa dirabek'en maneh. Uripe wong-wong iku bakale entah malaekat ning swarga. 26 Terus, ngenek'i tangine wong teka pati, sira orak tau maca tah ning hukum agama Ibrani pas ceritane wit sing murup merga ana genine? Ning kono ana sabdane Pengeran sing unine ngene: ‘Reang iki Pengerane Abraham, Pengerane Isak karo Pengerane Yakub.’ 27 Dadi, Pengeran iku duduk Pengerane wong sing mati, tapikne wong sing urip. Dadi sira iku bener-bener keliru.”
Prentahe Pengeran sing paling penting
28 Maringono ana ahli agama Ibrani sing marek terus ngrungok'en wong Saduki bebantahan karo Yesus. Wong iku weruh nek jawabane Yesus mau pancen tepak temenan. Terus wong iku ya takon nang Yesus, “Nurut Rika, teka sak'kabehe prentahe Pengeran, prentah endi sing paling penting?”
29 Yesus njawab, “Prentah sing paling penting yaiku ngene:
‘Rungokna he wong Ibrani, Gusti iku Pengerane kene. Gusti iku tunggal.
30 Welas asihana Gusti Pengerane sira nggawe
sak'kabehe atine sira,
sak'kabehe jiwane sira,
sak'kabehe pikirane sira,
ambek sak'kabehe kekuwatane sira.’ (Ulangan 6:4-5)
31 “Terus sing nomer loro ngene:
‘Welas asihana dulure sirac entah sira welas nang awak'e sira dewe.’ (Imamat 19:18)
“Nanak prentah liyane sing luwih penting teka rong prentah iku mau.”
32 Wong iku njawab, “Guru, gunemane Rika iku tepak temenan. Pancen bener sing Rika omongen nek Pengeran iku tunggal, nanak Gusti liya sak'liyane Pengeran dewe. 33 Pancen wong kudu welas asih nang Pengeran nggawe sak'kabehe atine dewe, sak'kabehe pikirane dewe, ambek sak'kabehe kekuwatane dewe, maringono kudu welas asih nang dulure dewe entah welas nang awak'e dewe. Rong prentah iku luwih penting ketimbang sak'kabehe sesajen obongan karo korban-korban liyane nang Pengeran.”
34 Yesus weruh nek jawabane wong iku bijak temenan. Terus Yesus guneman nang wong iku, “Sira meh dadi warga Kerajaane Pengeran.” Mari iku nanak sing wani takon paran wae nang Yesus maneh.
Raja Daud karo Raja Pilihane Pengeran
35 Pas Yesus gek mulang ning Umahe Pengeran, Yesus takon, “Njare kok ahli-ahli agama guneman nek'e Raja Pilihane Pengeran iku anak'e Raja Daud biyen? 36 Nyatane pas dituntun Sang Roh Suci, Raja Daud tau guneman:
‘Gusti Pengeran wis ngomong nang Gustine reang ngene,
“Lungguha ning sisih tengene Reang,
sampek Reang ndeleh musuh-musuhe Sira ning isore sikile Sira.” ’(Masmur 110:1)
37 “Nek'e Daud dewe ngarani Raja Pilihan iku ‘Gustine reang,’ njare kok bisa dadi anak'e Daud?”
Wong akeh sing ana ning kono seneng temenan ngrungok'en wulangane Yesus.
Pesene Yesus ngenek'i kelakuane ahli-ahli agama Ibrani
38 Pas gek mulang wong akeh, Yesus guneman, “Sira kudu sing ati-ati nang ahli-ahli agama. Merga wong-wong iku seneng pamer jubahe sing dawa kanggo ndudohen jabatane, ya kepingin diajeni wong pas mlaku ning pasar. 39 Wong-wong iku seneng lungguh ning ngarepan pas ana ning balai agama utawa ning slametan. 40 Apa maneh ya gelek nipu kanggo ngrampas umahe randa-randa, terus dungane didawa-dawak'en cekne nutup srakahe iku mau. Wong-wong sing entah iku bakale nerima ukuman sing abot temenan.”
Randa mlarat sing nggewehi paling akeh
41 Maringono pas ana ning Umahe Pengeran, Yesus lungguh ngadep nang wadah kotak kanggo wong nggewehi picis nang Pengeran. Yesus nguwasen njare wong-wong nglebok'en picis nang kotak iku. Akeh wong sugih sing nglebok'en akeh picise. 42 Yesus ya nguwasen salah sijine randa mlarat. Randa iku mek nglebok'en rong picis logam sing paling cilik.
43 Maringono Yesus guneman nang murid-muride, “Gunemane Reang iki bener temenan, randa mlarat iku sing paling akeh nglebok'en picis timbangane kabeh wong liyane. 44 Merga wong kabeh iku nggenehi teka dunyane sing kakehan, tapikne randa mlarat iku nggenehi kabeh keduwenane, yaiku sing dibutuhen kanggo uripe.”