Yesus mlebu kota Yerusalem entah raja
11
Pas mlakune kate marek'i kota Yerusalem, Yesus karo murid-muride njebul ning watese kampung Betfage karo Betania, yaiku ning isore Pusung Saitun. Terus Yesus ngongkon muride loro 2 ngene, “Budala dikek nang kampung sing ana ning ngarepan iku. Bareng mlebu kampung, sira bakale nemok'en kelede enom sing ditaleni ning kono. Kelede iku gek durung tau ditunggangi wong. Culna kelede iku terus gawanen rene. 3 Nek'e ana wong sing takon, ‘Ngapa kok nglakoni ngono?’ semaura, ‘Gusti mbutuhen kelede iki. Nek wis mari, Gusti ndang-ndang bakal ngongkon wong mbalik'en maneh.’ ”
4 Marine ngono murid loro iku budal, terus nemok'en kelede enom ditaleni ning pinggir dalan, ning parek'e lawange salah sijine umah. Terus kelede iku diculen taline.
5 Ana pepirang wong sing ngadek ning kana pada takon, “Lo, ngapa kok ngono? Ngapa kelede iku diculen?”
6 Murid loro iku njawab persis guneme Yesus mau, mangkane wong-wong iku ngejaren wae. 7 Sak'wise kelede mau digawa nang Yesus, wong loro pada ndeleh jubahe ning gegere kelede cekne digawe lemek. Marine iku Yesus lungguh ning nduwure kelede iku. 8 Pas Yesus gek nunggang kelede mau, wong akeh pada mbeber jubahe ning dalan cekne diliwati Yesus. Ana pisan sing mbeber pang-pang sing ana godonge, sing dijukuk teka gagane.a
Yesus diterima memper raja (11:8)
9 Wong sing mlaku ning ngarepe karo ning mburine pada memelung,
“Hosana!b
Raja sing teka makili Gusti Pengeran pancen diberkahi! (Masmur 118:25-26)
10 Raja sing bakale mrentah diberkahi,
memper Raja Daud, leluhure kene!
Hosana, ya Pengeran sing Maha Luhur!”
 
11 Maringono Yesus njebul ning kota Yerusalem terus mlebu nang Umahe Pengeran. Yesus nguwasen kabeh sak'ubenge kono. Merga wis kawit peteng, Yesus mbarek rolas muride budal nang kampung Betania.
Yesus nyedani wit ara
12 Sesok'e, pas gek ning dalan teka Betania nang Yerusalem, Yesus krasa luwe. 13 Teka adohan katok wit ara sing godonge gembel. Yesus marek'i merga kepingin weruh apa ana wohe. Teka kono tibak'e nanak wohe blas, mek gegodongan tok. Pas iku pancen gek durung musime ana woh. 14 Merga iku Yesus nyedani wit iku, “Molai sak'iki, nanak wong sing bakale mangan woh teka wit iki maneh.” Murid-murid kabeh ngrungok'en gunemane Yesus iku.
Yesus mlebu nang Umahe Pengeran
15 Mari njebul ning Yerusalem, Yesus mlebu nang Umahe Pengeran. Terus Yesus molai nundung kabeh wong sing dodolan ning latare Umahe Pengeran. Meja-meja kanggo ngijoli picis diwalik, kursi-kursi kanggo dodol manuk dara ya dirubuhen. 16 Yesus ya orak ngijini wong nggawa barang paran wae ngliwati latare Umahe Pengeran iku.
17 Maringono Yesus mulang wong-wong iku. Yesus guneman, “Sira lak wis weruh ning Kitab Suci nek Pengeran guneman ngene, ‘Umahe Reang bakal diarani umahe dunga kanggo kabeh bangsa?’ Tapikne malah sira ndadek'en enggon singitane rampok.”
18 Ngrungok'en kedadean iku, pengarep-pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani pada usaha njare bisane mateni Yesus. Tapi wong-wong iku wedi nang Yesus merga akeh wong gawok nang wulangane. 19 Pas wis kawit peteng, Yesus mbarek murid-muride metu teka kota Yerusalem.
Kudu percaya nang Pengeran
20 Sesok isuk'e, pas Yesus ambek murid-muride gek ana ning dalan, pada katok nek wit ara mau wis dadi garing sampek nang oyote. 21 Petrus iling nang kedadean wingi iku terus guneman, “Guru, delengen! Wit ara sing Rika sedani iku wis dadi garing!”
22 Yesus nyauri, “Sira kudu percaya nang Pengeran. 23 Sak'temene, sapa wae sing ngomong nang pusung iki, ‘Diunggahen terus dicemplungen nang njerone segara,’ sing diucap iku mesti bakal kelakon. Tapi atine sira kudu orak bimbang ya kudu percaya nek paran sing diucap bakale kedadean. 24 Merga iku rungokna! Paran wae sing sira njaluk pas ndedunga, percaya'a nek iku wis sira tampa. Nek ngono Pengeran bakale nggewehi iku nang sira. 25 Nek'e sira ngadek kanggo ndedunga, sepuranen dikek wong sing nglarani atine sira. Nek ngono Bapakne sira ning swarga bakal nyepura dusa-dusane sira pisan. [ 26 Tapi, nek sira orak nyepura wong, Bapakne sira ning swarga ya orak nyepura dusa-dusane sira.]”
Pemimpin Ibrani takon ngenek'i kuwasane Yesus
27 Maringono Yesus karo murid-muride mbalik maneh nang Yerusalem. Pas Yesus gek mlaku ning latare Umahe Pengeran, ana pepirang ketuane pengarepe sembahyang, ahli agama Ibrani, karo sesepuh sing marek'i Yesus. 28 Pemimpin-pemimpin iku pada takon nang Yesus, “Sira oleh kuwasa teka endi kanggo nglakoni kabeh iku? Sapa sing nggenehi kuwasa iku nang Sira?”
29 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Reang ya kate takon nang sira kabeh. Nek sira njawab, Reang ya bakale nggewehi weruh kuwasa paran sing Tak gawe kanggo nglakoni kabeh iku. 30 Pas Yohanes mbaptis wong sing kepingin tobat, apa Yohanes nggawe kuwasane swarga utawa menungsa? Ayo semaura sira!”
31 Pemimpin-pemimpin iku pada rundingan, terus guneman siji nang sijine, “Nek'e kene njawab, ‘Yohanes iku nggawe kuwasa teka swarga,’ Yesus bakale takon, ‘Ngapa sira kok orak percaya nang Yohanes?’ 32 Tapi masak kene kate njawab, ‘Yohanes nggawe kuwasane menungsa.’ ”
(Pemimpin-pemimpin iku pada wedi wong akeh ning kono bakale ngamuk, merga kabeh wong iku percaya nek'e Yohanes iku nabi.)
33 Ahire pemimpin-pemimpin iku njawab, “Kene orak ngerti kuwasane Yohanes teka endi.”
Sidane Yesus guneman nang wong-wong iku, “Nek'e ngono, Reang ya orak nggewehi weruh nang sira, teka endi kuwasa sing Tak gawe kanggo nglakoni kabeh iku.”