Wulangane Yesus ngenek'i pegatan
10
Maringono, Yesus ninggalen enggon iku terus budal nang daerah Yudea. Njebul ning kono, terus nyabrang nang wetane kali Yordan. Akeh wong pada teka maneh nglumpuk ngubengi Yesus. Entah biasane ya Yesus mulang wong-wong iku.2 Pas iku ana pepirang wong Farisi sing teka kanggo njebak Yesus. Wong-wong iku takon, “Nurut hukum agama Ibrani apa oleh nek wong lanang pegatan karo bojone?”
3 Yesus njawab, “Prentah paran sing wis digewehi Nabi Musa nang sira?”
4 Wong-wong iku guneman, “Musa ngolehi, tapi sing lanang kudu gawe surat pegatan dikek, terus digewehen nang bojone.”
5 Tapikne Yesus guneman nang wong-wong iku, “Musa nulis prentah iku merga atine sira atos temenan. 6 Tapi molai kawitane ndunya iki didadek'en, ‘Pengeran gawe menungsa iku sing lanang karo sing wedok. 7 Merga iku, wong lanang kudu ninggalen bapak makne terus urip bareng bojone. 8 Lelorone bakal dadi siji awak.’ † Lelorone orak dadi loro maneh tapikne dadi siji. 9 Mangkane paran sing wis didadek'en siji nang Pengeran, orak oleh dipisahen nang menungsa.”
10 Pas Yesus karo murid-muride ana ning salah sijine umah, murid-muride pada takon maneh ngenek'i tetakonan iku mau. 11 Mangkane Yesus guneman, “Wong lanang sapa wae sing pegatan karo bojone, terus rabi maneh karo wong wedok liya, wong lanang iku wis gawe jinah nang bojone sing nomor siji. 12 Ya ngono pisan, nek ana wedok sing pegatan karo bojone, terus rabi maneh karo wong lanang liya, ya iku pada wae gawe jinah.”
Yesus mberkahi lare-lare cilik
13 Maringono ana sing nggawa lare-lare cilik nang Yesus. Yesus dijaluk'i nyandak lare-lare iku cekne pada diberkahi. Tapi murid-muride Yesus menggak wong-wong iku.

Lare-lare cilik digawa nang Yesus (10:13)
Ewoh temenan wong sugih melu Yesus
17 Pas Yesus kate budal, ana wong sing mlayu terus sujud ning ngarepe ambek guneman, “Guru sing apik, paran sing kudu tak lakoni cekne bisa oleh urip sing langgeng?”
18 Yesus njawab, “Ngapa kok sira nyeluk Reang apik? Nanak sing apik sak'liyane Pengeran dewe. 19 Sira mestine wis weruh prentah-prentahe Pengeran ning Kitab Suci: ‘Ajo mateni, ajo jinah, ajo nyolong, ajo dadi saksi palsu, ajo nggorohi, terus ajenana wong tuwek'e sira dewe.’ ”
20 Wong iku njawab, “Kabeh iku wis tak lakoni molai gek enom biyen.”
21 Nguwasen wong iku, Yesus rumangsa mesak'en terus guneman, “Gek kari siji maneh sing kudu sira lakoni. Dolen kabeh keduwenane sira terus genehna asile nang wong sing orak duwe. Nek nglakoni ngono, sira bakale nduweni ganjaran ning swarga. Maringono, Renea terus melua Reang.”
22 Ngrungok'en gunemane Yesus, wong iku dadi susah, terus budal mbarek ati sing abot merga akeh dunya branane.
23 Yesus nguwasen murid-muride terus guneman, “Pancen ewoh temenan wong sugih dadi warga Kerajaane Pengeran.”
24 Ngrungok'en iku murid-muride pada gawok. Tapi Yesus guneman maneh, “He anak-anak'e Reang, pancen ewoh temenan dadi warga Kerajaane Pengeran. 25 Luwih gampang unta mlebu ning bolongane dom ketimbang salah sijine wong sugih dadi warga Kerajaane Pengeran.”
26 Murid-murid iku tambah gawok terus guneman siji nang sijine, “Nek ngono, apa ya ana sing bisa dislameten?”
27 Yesus nguwasen maneh nang murid-muride terus guneman, “Paran sing orak kira dilakoni menungsa, bisa dilakoni Pengeran. Merga nanak sing orak kira kanggo Pengeran.”
28 Teruse Petrus guneman, “Delengen! Kene wis ninggalen sembarang kalire kanggo melu Rika.”
29 Yesus guneman, “Gunemane Reang iki bener temenan, sapa wae sing ninggalen umahe, utawa dulur lanange, utawa dulur wedok'e, utawa makne utawa bapakne, utawa anak-anak'e, utawa gagane merga melu Reang karo merga Kabar Apik, 30 wong iku bakale nerima ganjaran sing luwih akeh ning jaman iki. Wong iku bakale oleh balen satus (100) lipete umahe, dulur lanange, dulur wedok'e, makne, anak-anak'e, gagane ya karo ngalami akeh siksaan pisan. Terus mbesok, wong iku bakale oleh urip sing langgeng. 31 Tapikne, akeh wong sing maune kawitan bakale dadi pungkasan. Terus, sing maune pungkasan bakal dadi kawitan.”
Ping telune Yesus ngramalen patine
32 Maringono Yesus ambek akeh wong sing melu pada mlaku munggah nang kota Yerusalem. Pas iku Yesus mlaku ning ngarepan, mangkane murid-muride pada rumangsa gawok, tapi wong akeh sing melu ya pada wedi. Dadi, Yesus nglumpuk'en rolas muride cekne dewean wae. Terus Yesus njelasen paran sing bakal kedadean nang Yesus. 33 Yesus guneman, “Gatekna! Sak'iki kene kate munggah nang Yerusalem. Ning kono, Reang, Rajane Menungsa iki, bakale dipasrahen nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani. Wong-wong iku bakale mutusen cekne Reang diukum pati. Terus Reang bakal dipasrahen nang wong-wong sing duduk Ibrani. 34 Reang bakale dinyek, di'idoni, disiksa terus dipateni. Tapi, pas telung dinane Reang bakale tangi teka pati.”
Penjaluk'ane Yakobus karo Yohanes
35 Maringono Yakobus karo Yohanes, yaiku anak-anak'e Pak Sebedeus, marek'i Yesus terus guneman, “Guru, ana siji penjaluk'ane kene nang Rika. Kene kepingin Rika ngabulen jaluk'an iku.”
36 Yesus takon, “Sira kepingin Reang nglakoni paran nang sira?”
37 Wong loro iku semaur, “Kene njaluk Rika ngestoni cekne bisa lungguh ning sisihe Rika pas Rika dimulyak'en. Siji ning sisih tengene Rika, terus sijine maneh ning sisih kiwane Rika.”
38 Tapi Yesus guneman, “Sira iki orak weruh paran sing dijaluk! Apa sira kuwat ngombe teka cingkir siksaan sing kudu Tak ombe? Apa sira kuwat dibaptis gawe baptisan pati sing kudu Tak alami?”
39 Wong loro iku semaur, “Kene bisa!”
Terus Yesus guneman maneh, “Pancen cingkir sing Tak ombe bakale sira ombe pisan. Sira ya bakale dibaptis gawe baptisan sing kudu Tak alami. 40 Tapikne, sapa sing lungguh ning sisih tengen utawa kiwane Reang, iku duduk pilihane Reang. Enggon lungguh iku wis ditentok'en kanggo wong-wong sing wis dipilih Pengeran.”
41 Pas ngrungok'en iku, sepuluh murid liyane dadi memoring nang Yakobus karo Yohanes. 42 Terus Yesus nyeluk muride kabeh ambek guneman, “Sira lak wis weruh nek pemimpin-pemimpine wong sing duduk Ibrani karo penggede-penggedene seneng nindes wargane. 43 Tapi, sira orak oleh ngono. Sewalik'e sapa wae sing kepingin dadi penggede ning antarane sira, wong iku kudu ngladeni sira kabeh. 44 Sapa wae sing kepingin dadi pengarep ning antarane sira, ya kudu dadi budak kanggo sira kabeh. 45 Merga Rajane Menungsa iki teka nang ndunya, duduk kanggo diladeni, tapi malah kanggo ngladeni. Reang teka kanggo ngorbanen awak'e Reang cekne nebus akeh wong.”
Yesus marasen wong sing picek
46 Maringono Yesus karo murid-muride njebul ning kota Yeriko. Bareng kate metu teka kota iku, akeh wong pada ngetuten Yesus mbarek murid-muride. Pas iku ana wong picek sing lungguh ning pinggire dalan ambek ngemis. Wong iku jenenge Bartimeus, anak'e Pak Timeus. 47 Sita krungu nek Yesus teka Nasaret iku kate ngliwati kono, wong picek iku memelung, “Yesus, anak putune Raja Daud biyen, mesakna reang iki!”
48 Akeh sing menggak nang wong picek iku cekne meneng. Tapikne wong picek iku tambah banter memelung, “Yesus, anak putune Raja Daud, mesakna reang iki!”
49 Maringono Yesus mandek teka lakune terus guneman, “Celuk'en rene wonge!”
Dadi ana sing ngomong nang wong picek iku, “Sing damang ya atine! Ngadek'a. Yesus nyeluk sira.”
50 Wong picek iku mara ngutak jubahe, ndang-ndang ngadek, terus marek'i Yesus.
51 Yesus takon nang wong picek iku, “Sira kepingin Reang nglakoni paran nang sira?”
Wong picek iku njawab, “Guru, tulungen cekne reang bisa ndeleng.”
52 Yesus guneman nang wong picek iku, “Budala. Sira wis slamet merga percaya nang Reang.” Sekala iku uga, wong picek iku bisa ndeleng, terus ngetuten mlakune Yesus ning dalan.