9
Maringono, Yesus guneman maneh, “Gunemane Reang iki bener temenan, ning antarane sira ning kene, bakale ana sing orak mati sak'durunge ndeleng Kerajaane Pengeran teka mbarek kuwasane.”
Kamulyane Yesus ning pucuk'e gunung
2 Enem dina marine iku, Yesus ngejak Petrus, Yakobus karo Yohanes munggah nang gunung sing duwur. Ning kono mek ana wong papat iku. Terus Yesus malih rupane ning ngarepe wong telu iku. 3 Sandangane putih ngilap temenan. Nanak sesijia wong sing bisa ngumbah sandangan dadi putih entah iku. 4 Terus memara katok wong loro sing guneman ambek Yesus. Wong loro iku nabi biyen, yaiku Musa karo Elia.
5 Maringono, Petrus guneman nang Yesus, “Guru, kene seneng temenan ana ning enggon iki. Kepe wae tak gawek'en pondok-pondok'an telu ning kene. Siji gawe Rika, siji gawe Musa, terus sijine maneh gawe Elia.” 6 (Petrus ngomong ngono polae orak weruh paran sing kudu diomongen, mergane murid telu iku pada wedi temenan.)
7 Memara ana mendung sing teka nutupi wong-wong iku. Terus krungu suwara teka mendung iku ngene, “Ikilo Anak'e Reang sing Tak tresnani. Rungokna gunemane!”
8 Memara murid telu iku mek ndeleng Yesus dewean ning kono, nanak wong liyane maneh.
9 Pas mudun teka gunung, Yesus menggak cekne murid-muride orak nyeritak'en kedadean iku nang sapa wae sampek Rajane Menungsa urip maneh teka pati.
10 Murid telu iku manut nang pesene Yesus iku mau. Tapi ya pada bebantahan siji nang sijine ngenek'i paran tegese gunemane Yesus, “urip maneh teka pati.” 11 Terus pada takon nang Yesus, “Ngapa kok ahli-ahli agama mulang nek Nabi Elia kudu teka dikek, sak'durunge tekane Raja Pilihane Pengeran?”
12 Yesus njawab, “Elia pancen kudu teka dikek kanggo nyiapen sembarang kalire. Terus ngapa kok tetulis ning Kitab, nek Rajane Menungsa kudu ngalami akeh siksaan, ya bakale dinyek? 13 Tapi rungokna, Elia pancen wis teka, terus wong-wong wis nglakoni kekarepane dewe sing elek nang Elia, persis sing wis tetulis ning Kitab Suci.”
Yesus marasen lare sing klebon roh jahat
14 Maringono Yesus, Petrus, Yakobus, mbarek Yohanes mbalik nang murid-murid liyane. Njebul ning kono pada ndeleng akeh wong wis teka ngubengi murid-muride Yesus. Terus ana pepirang ahli agama Ibrani sing bebantahan karo murid-murid iku. 15 Tapi pas ndeleng Yesus, wong akeh dadi gawok terus pada mlayu nampani tekane Yesus.
16 Yesus takon, “Sira iki bebantahan paran?”
17 Salah sijine teka wong akeh iku guneman, “Guru, anak'e reang iki tak gawa nang Rika. Larene dadi bisu merga klebon roh jahat. 18 Saben wayahe klebon, awak'e dibanting-bantingen nang lemah, cangkeme metu wuntuk'e, untune greget, terus sampek kejer-kejer. Reang wis njaluk muride Rika nundung roh jahat iku, tapi nanak sing bisa.”
19 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Sira kabeh pancene wong-wong sing orak percaya nang Pengeran! Sampek kapan Reang kudu sabar nang sira? Sak'iki gawanen mrene lare iku!”
20 Maringono lare iku digawa nang Yesus. Pas roh jahat iku ndeleng Yesus, memara lare iku dihuyek-huyek'en, dibantingen sampek gemulung ning lemah, terus metu wuntuk'e teka cangkeme.
21 Terus Yesus takon nang bapakne, “Wis pirang suwe larene ngene?”
Semaure, “Kawit gek cilik biyen. 22 Roh jahat iku gelek nyeret lare iki nang njerone geni karo njerone banyu, cekne dipateni. Merga iku, nek'e Rika bisa nglakoni paran wae, reang temenan njaluk tulung mesakna kene.”
23 Yesus guneman, “Ngapa sira guneman nang Reang, ‘Nek'e Rika bisa?’ Nanak sing orak kira kanggo wong sing percaya.”
24 Bapakne lare iku memara memelung, “Reang percaya! Tulungana reang kepe luwih percaya maneh!”
25 Pas iku Yesus nguwasen wong sing nglumpuk ning kono ndang-ndang tambah akeh. Merga iku Yesus ngelok'en roh jahat iku ngene, “He roh sing gawe wong dadi bisu karo budek! Sira Tak kongkon metu teka lare iki, terus ajo sampek mbalik maneh!”
26 Sidane roh jahat iku memelung, larene digawe kejer-kejer, terus metu teka lare iku. Marine iku ketok'e larene entah wong mati, sampek wong-wong ning kono pada guneman, “Lare iku wis mati!”
27 Tapikne Yesus nyekel tangane lare iku terus ditangek'en. Lare iku mara ngadek.
Yesus nyekel tangane lare iku (9:27)
28 Pas Yesus ambek muride ana ning salah sijine umah, nanak wong liya, murid-muride pada takon, “Ngapa kok kene orak bisa nundung roh jahat iku mau?”
29 Yesus semaur, “Roh jahat sing entah iku orak bisa ditundung nek'e sira orak ndedunga.”a
Ping pindone Yesus ngramalen patine
30 Maringono Yesus ambek murid-muride budal teka kono terus mlaku ngliwati daerah Galilea. Tapi Yesus orak gelem ana wong sing weruh. 31 Merga Yesus gek mulang murid-muride ngene, “Reang, Rajane Menungsa, bakale dipasrahen nang kuwasane menungsa. Wong-wong iku bakale mateni Reang. Tapi pas telung dinane Reang bakal urip maneh.” 32 Tapikne murid-muride orak ngerti maksute gunemane Yesus iku, terus ya orak wani takon maksute nang Yesus.
Sapa sing paling duwur derajate?
33 Maringono Yesus ambek murid-muride njebul ning kota Kapernaum. Pas ana ning salah sijine umah, Yesus takon nang murid-muride, “Sira ngomong paran ning dalan iku mau?” 34 Tapi nanak sing njawab merga maune pada bengkerengan soal sapa sing paling duwur derajate.
35 Mari lungguh, Yesus nyeluk rolas murid iku marek. Yesus guneman, “Sapa kepingin dadi kawitan, kudu dadi sing paling pungkasan, ya gelem ngladeni kabeh uwong.”
36 Maringono Yesus ngejak lare cilik terus dikongkon ngadek ning tengahe wong iku kabeh. Yesus meluk lare iku terus guneman, 37 “Sapa wae sing gelem nerima lare cilik entah iki, merga makili Reang, iku pada karo nerima Reang. Terus sapa wae sing nerima Reang, duduk mek nerima Reang dewe, tapi ya nerima sing ngutus Reang pisan.”
Wong sing ngrewangi Yesus
38 Yohanes guneman nang Yesus, “Guru, kene ndeleng ana wong sing nundung roh jahat gawe jenenge Rika. Maringono reang karo murid liyane menggak wong iku merga wong iku orak melu kene.”
39 Tapi Yesus guneman, “Ajo sira penggak. Nek'e ana wong sing bisa nglakoni mujijat nggawe jenenge Reang, wong iku orak bisa memara mbalik ngenyek Reang. 40 Merga sapa wae sing orak nglawan kene, wong iku ngrewangi kene. 41 Gunemane Reang iki bener temenan, sapa wae sing nggewehi banyu sak'cingkir wae nang sira merga melu Reang, Raja Pilihane Pengeran, ganjarane sing apik orak kira ilang.”
42 Terus Yesus guneman maneh, “Ajo sampek ana wong sing njalaren salah sijine muride Reang sing orak kuwat imane, sampek gawe dusa. Nek'e nglakoni ngono, luwih apik wong iku dikalungi watu lumpang sing gede, terus dicemplungen ning njero segara.
43 “Nek'e tangane sira nggarai sira nglakoni dusa, ketok'en wae tangan iku. Luwih apik sira oleh urip sing langgeng masia tangane sira sing siji nanak, ketimbang duwe tangan loro sing apik tapi mlebu neraka, yaiku enggone geni sing barak teterusan. [ 44 Ning kono cacing orak mati, genine barak teterusan.]b 45 Nek'e sikile sira nggarai sira nglakoni dusa, ketok'en wae. Luwih apik sira oleh urip sing langgeng masia sikile sing siji nanak ketimbang duwe sikil loro tapi bakal dibuang nang njerone neraka. [ 46 Ning kono cacing orak mati, ya genine barak teterusan]c 47 Teruse, nek mripate sira nggarai sira nglakoni dusa, cungkilen wae. Luwih apik sira bisa mlebu Kerajaane Pengeran masia mek duwe mripat siji, ketimbang duwe mripate loro tapi dibuang ning njerone neraka. 48 Ning kana, cacing orak mati, ya genine murup teterusan.
49 “Pancene saben muride Reang bakal dimurnek'end memper korban sing diuyahi terus diobong. 50 Uyah iku ana gunane. Tapi nek'e uyah dadi lawar, ya orak bisa diasinen maneh. Dadia wong sing uripe entah uyah, yaiku sing ana gunane, terus uripe rukun siji nang sijine.”