Yesus nggenehi mangan nang 4.000 wong
8
Orak kosi suwe marine iku, ana wong akeh sing pada teka nglumpuk bareng Yesus. Wong akeh iku orak duwe panganan. Sidane Yesus nyeluk murid-muride ambek guneman, 2 “Reang krasa mesak'en temenan nang wong akeh iku. Wis telung dina pada ngetuten Reang, terus pada orak duwe panganan. 3 Nek'e Tak kongkon moleh pas gek luwe, mesti pada semaput ning dalan. Apa maneh ana pepirang wong mrene teka enggon sing adoh.”
4 Terus murid-murid pada takon, “Enggon iki sepi, ya adoh teka kampung. Njare bisane nggewehi mangan wong akeh iku sampek wareg?”
5 Yesus takon nang murid-muride, “Sira nduweni roti pirang iji?”
Murid-murid njawab, “Mek ana pitung iji.”
6 Maringono, Yesus ngongkon wong akeh iku cekne pada lungguh ning lemah. Terus Yesus njupuk roti pitung iji mau ambek nedanerima nang Pengeran. Mari iku, rotine ditugel-tugel mbarek digewehen nang murid-muride, terus rotine didum nang wong akeh iku. 7 Murid-murid iku ya nduweni iwak cilik, tapi mek setitik wae. Dadi Yesus nedanerima maneh, terus ngongkon murid-muride ngedumi pisan iwak'e nang wong akeh.
8 Wong akeh iku mangan sampek wareg. Sak'wise iku kekarene roti karo iwak sing orak kepangan diklumpuk'en. Sak'kabehe kekarene roti iku ngebek'i pitung wakul. 9 Wong sing mangan iku kurang luwih ana petang ewu (4.000) wong. Terus Yesus ngongkon wong-wong iku moleh.
10 Sekala iku uga Yesus munggah prau bareng murid-muride terus budal nang daerah Dalmanuta.
Wong Farisi nggolek tenger
11 Mari iku ana pepirang wong teka golongane Farisi sing teka terus molai bebantahan karo Yesus. Wong-wong iku mek golek dalan cekne bisa njebak Yesus. Wong iku njaluk Yesus gawe mujijat sing dadi tenger nek Yesus iku pancen utusane Pengeran.
12 Ngrungok'en jaluk'ane wong-wong iku, Yesus ambek'an dawa, terus guneman, “Ngapa kok wong jaman iki nggolek tenger? Gunemane Reang iki bener temenan, nanak sesijia tenger sing bakal digenehi nang wong jaman iki!” 13 Maringono Yesus ninggalen wong-wong iku, terus numpak prau budal nang sabrange ranu.
Ragine wong Farisi ambek Raja Herodes
14 Pas iku murid-muride Yesus lali nggawa panganan, mek ana roti sak'iji sing digawa ning prau.
15 Terus Yesus ngilingen murid-muride ngene, “Sira kudu sing ati-ati, ya kudu sing awas nang raginea wong teka golongane Farisi karo golongane Raja Herodes.”
16 Dadi murid-murid iku pada ngomong siji nang sijine mbarek gunemane, “Yesus paling ngomong ngono merga kene orak nduweni roti.”
17 Yesus ngerti paran sing dibahas murid-muride. Terus Yesus guneman, “Ngapa sira ngomongen masalahe orak nduweni roti? Apa tah sira gek durung ngerti? Pancen atos temenan atine sira iki! 18 Sira nduwe mripat tapi orak bisa deleng, ya nduwe kuping tapi orak bisa krungu. Wis lali tah sira, 19 pas Reang nugel-nugel limang iji roti kanggo limang ewu (5.000) wong, pirang wakul kekarene pangan sing sira klumpuk'en?”
Muride pada njawab, “Rolas wakul.”
20 Yesus takon maneh, “Terus pas Reang nugel-nugel pitung iji roti kanggo petang ewu (4.000) wong iku, pirang wakul bek kekarene pangan sing sira klumpuk'en?”
Muride pada njawab, “Pitung wakul.”
21 Terus Yesus guneman maneh, “Apa sira gek durung ngerti wae?”
Yesus marasen wong sing picek
22 Maringono Yesus ambek murid-muride njebul ning kampung Betsaida. Ning kono ana sing nggawa wong picek nang Yesus. Yesus dijaluk'i temenan nyandak wong picek iku cekne bisa ndeleng. 23 Yesus njupuk tangane wong picek iku ambek dituntun nang njabane kampung. Terus Yesus ngidoni mripate wong picek iku. Maringono ambek ndeleh tangane ning mripate wong iku, Yesus takon, “Apa ana sing wis sira ndeleng?”
24 Wong iku mandeng nang ngarepan mbarek guneman, “Reang ndeleng ana wong, tapi wong-wong iku ngentah wit-witan sing mlaku.”
Yesus ndeleh tangane maneh ning mripate wong picek (8:25)
25 Yesus ndeleh tangane maneh ning mripate wong picek iku. Pas wong iku usaha mbukak mripate, wong iku dadi waras, bisa jelas ndeleng paran wae. 26 Yesus terus ngongkon wong iku moleh nang umahe ambek guneman, “Sira ajo mbalik maneh nang kampung iku.”
Petrus ngakoni Yesus iku Raja Pilihane Pengeran
27 Sak'marine iku, Yesus ambek murid-muride budal nang kampung-kampung ning daerah kota Kaisarea Filipi. Ning tengah dalan, Yesus takon nang murid-muride, “Nek jarene wong-wong, Reang iki sapa?”
28 Murid-muride njawab, “Ana sing ngarani Rika iku Yohanes sing tau mbaptis wong. Ana sing ngarani Rika iku Nabi Elia. Ana pisan sing ngarani Rika iku salah sijine nabi biyen.”
29 Yesus takon maneh nang murid-muride, “Nek nurut sira, Reang iki sapa?”
Petrus nyauri, “Rika iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran.”
30 Tapi murid-muride iku dipenggak cekne orak nyeritak'en nang sapa wae ngenek'i Yesus iku.
Yesus ngramalen patine dewe
31 Maringono Yesus molai mulang murid-muride ambek guneman, “Reang, Rajane Menungsa, kudu ngalami akeh sarane karo ditolak nang sesepuh wong Ibrani, ketua-ketuane pengarepe sembahyang, karo ahli-ahli agama Ibrani. Reang bakal dipateni, tapi bakal urip maneh pas telung dinane.”
32 Yesus nggewehi weruh iku jelas temenan, ya paran anane. Mangkane Petrus narik Yesus nang pinggiran terus guneman, “Rika orak oleh ngomong ngono!”
33 Tapi Yesus noleh nang murid-muride terus mbudeni Petrus, “Budala teka Reang, he Iblis! Sira orak mikiren kekarepane Pengeran, tapi mek karepe menungsa.”
Sing melu Yesus kudu siap mati
34 Sak'marine iku Yesus nyeluk wong akeh mbarek murid-muride terus guneman, “Sapa wae sing kepingin melu Reang kudu mburek'en butuhe dewe, karo siap mati entah wong sing mikul salibe,b terus melu Reang. 35 Merga sapa sing kate njaga uripe, uripe iku bakale ilang. Tapi sapa sing kilangan uripe merga melu Reang, ya merga Kabar Apik, uripe iku bakal slamet. 36 Nanak gunane wong sugih dunya brana sak'isine ndunya tapi uripe orak slamet. 37 Apa wong bisa tuku uripe nek wis ilang? Ya orak bisa! 38 Ajo sampek sira isin nang Reang karo wulangane Reang ning angkatan sing orak setia mbarek sing nglakoni dusa iki. Nek sira isin, Reang, Rajane Menungsa, ya bakale isin ngakoni sira pas Reang teka maneh sak'njerone kamulyane Bapakne Reang ambek malaekat-malaekat sing suci.”