Kabar Apik nurut
Matius
Bebuka
Ngapa kok Kitab iki ditulis?
Kabar Apik iki ditulis Matius, yaiku salah sijine muride Yesus. Ning kitab iki Matius nyaksek'en nek Yesus iku anak putune Raja Daud sing dijanjek'en dadi Kristus, utawa Raja Pilihane Pengeran. Ning kitab iki Yesus gelek diarani “anak'e Raja Daud” utawa “anak putune Raja Daud” (1:1; 9:27; 12:23; 15:22; 20:30-31; 21:9, 15; 22:41-45). Apa maneh, Matius gelek nulis nek paran sing Yesus nglakoni kedadean cekne sing ditulis ning Kitab Suci biyen dijangkepi (1:22-23; 2:5-6, 15, 17-18, 23; 3:3; 4:14-16; 8:17; 12:17-21; 13:35; 21:4-5, 16; 26:31; 27:9-10).
Tema: Yesus iku Raja Pilihane Pengeran sing njangkepi kabeh isine Kitab Suci biyen.
Ayat kunci: 5:17 - “Ajo sampek sira nyangka, nek'e Reang wis teka kanggo ngilangen hukum agama Ibrani utawa wuruk'ane nabi-nabi. Reang teka orak gawe ngilangen wuruk'an-wuruk'an iku, tapi gawe njangkepi.”
Isine
1. Ceritane pelairane Yesus ambek kawitane penggaweane (1-4)
2. Wulangane Yesus ning duwure pusung (5-7)
3. Ceritane mujijat-mujijat sing ndudohen kuwasane Yesus (8:1 - 9:34)
4. Wulangane Yesus nang murid-muride (9:35 - 11:1)
5. Ceritane sing mbuktek'en Yesus iku Raja Pilihane Pengeran (11:2 - 12:5)
6. Wulangan ngenek'i pepirang paribasane Kerajaane Pengeran (13:1-52)
7. Ceritane Yesus ning daerah Galilea (13:53 - 17:27)
8. Wulangan ngenek'i njare carane wong sing melu Yesus kudu urip (18)
9. Ceritane Yesus mlaku nang Yerusalem terus nglawan pemimpin agama (19-23)
10. Wulangane Yesus ngenek'i wayah sing bakale teka (24-25)
11. Ceritane Yesus dipateni terus diuripen maneh (26-28)