Kabar Apik nurut
Matius
Rentetane mbah buyute Yesus
1
Iki ngono rentetane mbah buyute Yesus Kristus, anak putune Raja Daud, anak putune Mbah Abraham. Teka Mbah Abraham sampek Raja Daud, jeneng-jenenge anak putune ngene:2-6a Abraham,
Isak,
Yakub,
Yehuda ambek dulur-dulure,
Peres karo Serah (emakne sing jenenge Tamar),
Hesron,
Ram,
Aminadab,
Nahason,
Salmon,
Boas (emakne sing jenenge Rahab),
Obed (emakne sing jenenge Rut),
Isai, sing dadi bapakne Raja Daud.
6b-11 Terus teka Raja Daud sampek wayahe bangsa Ibrani ditawan nang Kerajaan Babel, jeneng-jenenge anak putune ngene:
Daud,
Salomo (emakne sing asline bojone Uria),
Rehabeam,
Abia,
Asa,
Yosafat,
Yoram,
Usia,
Yotam,
Ahas,
Hiskia,
Manasye,
Amon,
Yosia,
Yekhonya ambek dulur-dulure.
12-16 Maringono teka wayahe bangsa Ibrani ditawan nang Kerajaan Babel sampek Yesus lair, anak putune Yekhonya ngene:
Yekhonya,
Sealtiel,
Serubabel,
Abihud,
Elyakim,
Asor,
Sadok,
Akhim,
Eliud,
Eleasar,
Matan,
Yakub,
Yusuf, bojone Maria. Terus Maria iku sing nglairen Yesus, sing diarani Raja Pilihane Pengeran.a
17 Dadi teka Abraham sampek Raja Daud: patbelas keturunan.
Teka Raja Daud sampek wayah bangsa Israel dibuang Pengeran nang Kerajaan Babel: patbelas keturunan.
Teka wayah bangsa Israel dibuang nang Kerajaan Babel sampek Yesus lair: patbelas keturunan.
Yesus lair
18 Ceritane Yesus Kristus lair ngene: Makne Yesus, yaiku Maria, pepacangan ambek Yusuf. Tapi sak'durunge rabi, nyatane Maria wis mbobot! Yusuf orak weruh nek bobotane Maria ana teka Rohe Pengeran. 19 Yusuf, sing dadi pacangane Maria iku, duwe ati sing tulus. Mangkane Yusuf orak gelem gawe Maria isin ning ngarepe wong. Dadi Yusuf meneng-menengan milih medot pepacangane iku.
20 Tapikne, pas Yusuf gek mikiren iku, malaekate Gusti Pengeran ngetok nang Yusuf ngliwati ngipi. Malaekat iku guneman, “Yusuf, anak putune Raja Daud, ajo wedi ngrabi Maria dadi bojone sira. Bobotane Maria iku asale teka kuwasane Rohe Pengeran. 21 Maria bakale nglairen anak lanang. Terus sira kudu njenengi bayi iku Yesus,b merga lare iku bakale nyelameten umate teka dusa-dusane.”
22 Kabeh kedadean iku mau dadi kanggo njangkepi paran sing digunemen Gusti Pengeran ngliwati Nabi Yesaya biyen:
23 “Wong prawan bakale mbobot, terus nglairen anak lanang.
Lare iku bakale dijenengi Imanuel,” (Yesaya 7:14)
(Imanuel iku tegese, “Gusti Pengeran mbarengi kene.”)