Kabar Apik nurut
Markus
Bebuka
Ngapa kok kitab iki ditulis?
Nurut wong Kristen sing biyen, salah sijine muride Yesus sing jenenge Markus nulis kitab iki. Markus iku kancane Petrus sing nyaksek'en uripe Yesus. Kitab iki nyeritak'en paran sing diwuruk'i ambek dilakoni Yesus. Yesus iku Raja Pilihane Pengeran sing nggawa Kerajaane Pengeran nang ndunya. Yesus marasen wong lara, nundung roh jahat, terus nglawan pemimpin agama sing orak bener. Masia pemimpin-pemimpin agama iku kepingin mateni Yesus, Yesus orak wedi, ya orak mlayu. Pancene Yesus teka nang ndunya kanggo ngladeni ambek masrahen uripe cekne dusane menungsa bisa ditebus (10:45). Sak'marine Yesus dipateni, Yesus diuripen maneh.
Markus duwe tujuane loro. Sing siji, njelasen nek Yesus iku Anak'e Pengeran sing dadi Raja Pilihane Pengeran ning ndunya iki (1:1,11,24; 3:11: 5:7; 8:29; 9:7; 14:61-62; 15:39). Sing sijine, kene dikandani cekne mantep melu Yesus masia dalane ewoh ambek sara (8:34-38; 10:29-31).
Tema : Yesus, Anak'e Pengeran, masia duwe sak'kabehe kuwasa, teka nang ndunya kanggo ngladeni ambek dadi korban sing nebus dusane menungsa.
Ayat kunci : 10:45 - Merga Rajane Menungsa iki teka nang ndunya, duduk kanggo diladeni, tapi malah kanggo ngladeni. Reang teka kanggo ngorbanen awak'e Reang cekne nebus akeh wong.
Isine
1. Kawitane penggaweane Yesus (1:1-13)
2. Yesus mulang ning daerah Galilea (1:14 - 3:6)
3. Penggaweane Yesus ning daerah Galilea (3:7 - 6:13)
4. Yesus ndudohen kuwasane sampek murid-muride ngakoni nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran (6:14 - 8:30)
5. Yesus mlaku nang Yerusalem cekne dipateni (8:31 - 10:52)
6. Wulangane Yesus ning kota Yerusalem (11-13)
7. Yesus dicekel ambek dipateni (14-15)
8. Yesus diuripen maneh (16)