Yesus diuripen maneh
28
Sak'marine dina Sabat, isuk-isuk dina Minggu, Maria Magdalena ambek Maria sing liyane nyekar nang kuburane Yesus. 2 Mara-mara ana lindu gede, merga malaekate Gusti Pengeran mudun teka swarga, terus gulingen watu gede sing nutupi kuburan iku. Maringono malaekat iku lungguh ning duwure watu iku mau. 3 Rupane memper murupe kilat, sandangane putih memplak ngentah salju. 4 Prajurit-prajurit sing njaga pada gemeter, terus saking wedine tiba persis wong mati.
5 Tapi malaekat iku guneman nang wong-wong wedok iku, “Ajo wedi. Reang weruh sira nggolek'i Yesus, sing dipateni ning kayu salib. 6 Yesus iku nanak ning kene merga wis diuripen. Ayo delengen enggon sing maune mayite dideleh. 7 Terus, budala sing cepet, sampekna nang murid-murid liyane ngene, ‘Yesus wis diuripen teka pepati. Yesus bakal ndikik'i sira nang Galilea. Sira kabeh bakale ndeleng Yesus ning kana.’ Gatekna sing wis tak kandani!”
8 Dadi wong-wong wedok iku ndang-ndang budal gek rumangsa wedi campur bungah temenan.
Tapi, pas gek mlayu kanggo nyeritak'en nang murid-murid liyane, 9 Yesus nyampuhi, terus guneman, “Salam.” Wong-wong wedok iku ngrangkul sikile Yesus ambek nyembah. 10 Maringono Yesus guneman, “Ajo wedi. Budala, sampekna nang dulur-dulure Reang cekne pada budal nang Galilea. Ning kana, murid-muride Reang bakale ndeleng Reang.”
Cerita gorohan teka prajurit sing maune njaga kuburane Yesus
11 Pas wong-wong wedok gek budal, pepirang prajurit sing njaga kuburan iku mbalik nang kota nglapuren nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang kabeh sing gek entas kedadean. 12 Sak'marine iku, sesepuh Ibrani ambek ketua-ketuane pengarepe sembahyang pada rundingan. Wong iku kabeh mutusen nggewehen picis sing akeh nang prajurit-prajurit mau. 13 Wong iku kabeh guneman nang prajurit-prajurit iku, “Sira kudu nggawe dongeng iki, ‘Murid-muride Yesus pada teka pas dalu, terus nyolong mayite Yesus pas kene turu.’ 14 Nek masalah iki sampek diweruhi gubernur, kene iki bakal mbujuk gubernur iku cekne sira gek aman.” 15 Dadi prajurit-prajurit mau nerima picis iku, terus manut nang gunemane iku muka. Sampek dina iki, dongeng nek mayite Yesus dijupuk muride gek dipercaya nang wong-wong Ibrani.
Prentah Agung
16 Maringono sewelas murid iku budal nang Galilea, nang pusung sing wis ditentok'en Yesus. 17 Pas murid-murid iku ndeleng Yesus, ana sing nyembah, tapi ya ana sing bimbang.
18 Maringono Yesus guneman, “Sak'kabehe kuwasa ning swarga ambek ning ndunya wis digewehen nang Reang. 19 Dadi budala nang saben bangsa ning ndunya. Mulanga wong-wong iku cekne dadi muride Reang. Wong-wong iku kudu dibaptis nggawe jenenge Sang Bapak, Sang Anak, karo Sang Roh Suci, 20 ya kudu diwulang cekne manut nang sembarang kalir sing wis Tak prentah nang sira. Terus ajo lali, Reang bakal mbarengi sira saben wayah, ya sampek pungkasane jaman.”
Budala nang saben bangsa ning ndunya (28:20)