Yesus ngadepi Gubernur Pilatus
27
Sisuk'e, isuk-isuk temenan, kabeh ketuane pengarepe sembahyang karo sesepuh wong Ibrani ngrencanak'en cekne Yesus diukum pati. 2 Yesus ditaleni, terus digawa ngadep Gubernur Pilatus, sing makili Raja Gede Roma ning Yerusalem.Yudas Gantung
3 Yudas, sing masrahen Yesus, weruh nek Yesus digewehi putusan ukuman pati, terus dadi getun. Yudas mbalik'en telung puluh (30) picis perak iku nang ketuane pengarepe sembahyang karo sesepuh Ibrani, 4 terus guneman, “Reang dusa merga masrahen wong sing orak salah cekne dipateni.”
Tapi wong-wong iku semaur, “Paran urusane sira mbarek kene? Iku salahe sira dewe!”
5 Dadi, Yudas nyawaten picis perak iku ning njerone Umahe Pengeran, terus metu nggantung awak'e dewe.
6 Ketua-ketuane pengarepe sembahyang iku njupuk picis iku terus guneman, “Nurut hukum agama Ibrani picis iki orak oleh dilebok'en nang kotak picise Pengeran, merga picis iki nuku getih.” 7 Dadi wong-wong iku mutusen tuku lemah katek picis iku. Lemah iku diarani, “Gagane Tukang Kendi.” Terus gaga iku digawe kanggo kuburane wong manca. 8 Tapi, merga picis sing digawe iku picis sing tuku getih, sampek sak'iki lemah iku uga diarani, “Gagane Getih.”
9 Mangkane sing diguneman Nabi Yeremia atusan taun biyen dijangkepi:
“Wong-wong iku njupuk telung puluh (30) picis perak iku,
iku regane kanggo wong iku sing ditentok'en wong Ibrani.
10 Wong-wong iki gawe picis iku kanggo tuku lemah sing diarani ‘Gagane Tukang Kendi,’
nurut sing dikongkonen Gusti Pengeran nang reang.” (Sakaria 11:12-13)
Gubernur Pilatus mreksa Yesus
11 Na, Yesus ngadep Gubernur Pilatus, terus ditakoni, “Apa tah, Sira Rajane wong Ibrani?”
Semaure Yesus, “Gunemane rika bener.”
12 Tapi pas ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sesepuh wong Ibrani teterusan ndarani Yesus, Yesus meneng wae. 13 Pilatus guneman nang Yesus, “Apa Sira orak krungu sing didarak'en nang Sira?”
14 Tapikne Yesus orak njawab sing didarak'en sesijia, sampek Pilatus iku gawok temenan.
Pilatus orak bisa mbebasen Yesus
15 Saben taun pas riaya Paskah gubernur iku kulina mbebasen wong siji teka bui, nurut kekarepe rakyat. 16 Pas iku ana wong tahanan sing kesuwur jahate, jenenge Barabas. 17 Pas wong akeh iku nglumpuk, Pilatus takon, “Reang kate mbebasen wong tahanan kanggo sira. Sapa sing sira karepen diculen: Yesus Barabas utawa Yesus sing diarani Kristus?” 18 (Pilatus wis weruh Yesus dipasrahen merga pemimpine wong Ibrani iri nang Yesus.)
19 Pas Pilatus gek lungguh ning tahta pengadilan, bojone ngirim pesen nang Pilatus, “Ajo nglakok'en peparan nang Wong bener iku. Mau bengi esun ngipi ngenek'i Wong iku, sampek batine esun wedi temenan.”
20 Tapi ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sesepuh wong Ibrani ngasut wong-wong akeh iku kepe njaluk Barabas dibebasen, terus Yesus cekne dipateni.
21 Semaure Pilatus, “Antarane wong loro iki, sapa sing sira pilih tak culen?”
Semaure wong akeh iku, “Barabas!”
22 Pilatus takon maneh nang wong-wong iku, “Paran sing kudu tak lakoni nang Yesus sing diarani Kristus iki?”
Wong akeh iku semaur, “Saliben Wong iku! Pakuen Wong iku nang kayu salib!”
23 Pilatus takon, “Ngapa sira njaluk Yesus dipateni? Paran salahe Wong iki?”
Tapi wong akeh iku tambah banter memelunge, “Saliben Wong iku!”
Yesus dipecuti
24 Pilatus weruh nek usahane kanggo mbebasen Yesus wis nanak gunane, malah kate ana kisruh. Dadi Pilatus njupuk banyu terus ngisuhi tangane ning ngarepe wong akeh iku, terus guneman, “Getihe Wong iki wis tak rijik'i teka tangane reang. Patine Wong iki wis dadi urusane sira dewe.”
25 Kabeh wong iku semaur, “Kene karo anak'e kene sing nanggung patine Wong iki!” 26 Maringono Pilatus ngeculen Barabas kanggo wong-wong iku, terus ngongkon prajurite ngambleki Yesus nggawe pecut. Sak'marine iku dipasrahen cekne disaliben.
Prajurit ngenyek Yesus
27 Maringono prajurite Pilatus nggawa Yesus nang kratone gubernur, sing dadi pusat markas pisan. Kabeh prajurit ngubengi Yesus. 28 Prajurit-prajurit iku ngutak'i jubahe Yesus, terus gawek'en jubah ungu nang Yesus. 29 Wong-wong iku gawe mahkota teka eri terus ndeleh ning ndase Yesus. Terus digenehi teken ning tangan tengene. Prajurit-prajurit iku sujud ning ngarepe Yesus terus ngolok-ngolok Yesus ngene, “Salam Rajane wong Ibrani!” 30 Maringono ngidoni Yesus, njupuk teken iku, terus nggepuk'i ndase Yesus. 31 Sak'wise mari ngenyek Yesus, prajurit-prajurit iku ngutak'i jubahe ungu iku terus gawek'en maneh jubahe Yesus sing mau. Maringono Yesus digawa cekne disaliben.
Yesus disalib
32 Pas mlaku nang njabane kota, prajurit sing nuntun Yesus campuh wong Kirene sing jenenge Simon. Wong iku dipeksa mikul salibe Yesus.a 33 Ahire rombongan teka markas iku sampek ning enggon sing diarani Golgota (sing tegese, Enggone Rongkong). 34 Ana sing nggenehi anggur sing dicampur empru nang Yesus. Tapikne, mari dicecep titik, Yesus nolak ngombe iku.
35 Prajurit-prajurit iku makuen Yesus nang kayu salib, terus mbuang undian kanggo nentok'en sapa sing nerima jubahe Yesus. 36 Maringono lungguh, terus njaga Yesus.
37 Ning nduwure ndase Yesus ana tulisan ning papan sing mbritak'en ngapa Yesus diukum, yaiku,
“Wong iki Yesus,
Rajane Wong Ibrani.”
38 Pas iku ana wong jahat loro sing disalib bareng Yesus pisan, siji ning sisih tengen, sijine ning sisih kiwa. 39 Kabeh wong sing liwat pada ngeyek-ngeyek Yesus, ya ndase godek-godek, 40 terus guneman, “Jerene Sira kate ngrubuhen Umahe Pengeran, terus kate mbangun maneh sak'njerone telung dina. Sak'iki slametna awak'e Sira dewe! Nek'e Sira iku ‘Anak'e Pengeran,’ muduna teka kayu salib iku!”

Yesus disalib (27:40)
41 Ketua-ketuane pengarepe sembahyang bebarengan ahli-ahli agama Ibrani pada ngenyek Yesus. 42 Wong-wong iku guneman, “Wong iki nyelameten wong liya, tapikne orak bisa nyelameten awak'e dewe! Jerene dadi Rajane Israel! Cekne mudun teka salib iku sak'iki! Nek'e bisa, kene gelem percaya nang Wong iki! 43 Wong iki percaya nang Pengeran. Kepe Pengerane dewe sing nyelameten Wong iki sak'iki, nek'e Pengeran gelem. Merga Wong iki tau guneman, ‘Reang iki Anak'e Pengeran.’ ” 44 Wong jahat sing disaliben bebarengan Yesus ya uga ngenyek Yesus pisan.
Yesus mati
45 Kabeh daerah iku peteng dedet kawit jam rolas sampek jam telu. 46 Kurang luwih jam telu Yesus melung banter, “Eli, Eli lama sabakthani?” sing tegese, “Pengerane Reang, Pengerane Reang, ngapa Rika ninggalen Reang?”†
47 Wong-wong sing ngadek ning kono krungu, terus guneman, “Wong iki nyeluk Nabi Elia.” 48 Sekala iku salah sijine wong iku mlayu terus njupuk sepon, nyelupen ning anggur kecut, ditaleni ning pucuk'e kayu, terus diunggahen nang lambene Yesus. 49 Tapi wong-wong liyane guneman, “Kepe wae. Ayo dideleng nek'e Nabi Elia teka nulungi apa orak.”
50 Sepisan engkas Yesus melung banter, terus masrahen nyawane.
51 Sekala iku slambu gedeb ning Umahe Pengeran kesowek teka duwur sampek isor dadi loro. Terus ana lindu gede, ya pusung-pusung watune pecah. 52 Kuburan-kuburan kebukak, terus wong-wong suci sing maune mati pada diuripen. 53 (Sak'wise Yesus diuripen maneh teka pepati, wong-wong suci sing diuripen iku metu teka kuburane dewe-dewe, terus mlebu nang Yerusalem, kota suci iku, ya ngetok'en awak'e nang wong akeh.)
54 Perwira Roma karo prajurit-prajurite sing njaga Yesus ndeleng lindu karo kedadean sing liyane. Wong-wong iku keweden, terus guneman, “Sak'temene wong iku pancene Anak'e Pengeran!”
55 Akeh wong wedok sing ndeleng kabeh iku teka adoh. Wong-wong wedok iku maune melu Yesus teka Galilea kanggo ngurus kebutuhane Yesus. 56 Ning antarane wong-wong wedok iku ana:
Maria Magdalena,
Maria,c makne Yakobus karo Yusuf,
karo bojone Pak Sebedeus, yaiku makne Yohanes karo Yakobus.
Yesus dikubur
57 Bengi iku ana wong sugih teka kota Arimatea sing jenenge Yusuf. Yusuf iku ya dadi wong sing melu Yesus. 58 Yusuf budal ngadep Pilatus njaluk mayite Yesus. Terus Pilatus ngolehi nang Yusuf. 59 Yusuf njupuk mayite Yesus, terus dibuntel ambek kain lawon sing anyar. 60 Mayite Yesus didekek ning kuburane Yusuf dewe sing anyar, sing gek entas dikeduk ning njerone pusung watu. Maringono digulingen watu sing gede, kanggo nutupi lawange kuburan iku, terus budal. 61 (Ning kana Maria Magdalena karo Maria sing liya lungguh parek ning ngarepe kuburan iku.)
Kuburane Yesus dijaga
62 Dina iku digawe siap-siap kanggo dina Sabat. Sisuk'e ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo wong-wong Farisi budal ngadep Pilatus, 63 terus guneman, “Pak Gubernur, kene iling pas Wong sing kempus iku gek urip jerene ngene, ‘Sak'wise telung dina Reang bakale diuripen maneh.’ 64 Dadi, kongkona prajurit kepe kuburane Yesus iku dijaga temenan sampek telung dinane. Nek orak, bisa dadi murid-muride teka nyolong mayite Yesus, terus guneman, ‘Yesus wis diuripen maneh!’ Nek ngono, omong goroh iku bakale luwih elek ketimbang goroh sing kawitan.”
65 Pilatus guneman nang wong-wong iku, “Gawanen prajurit-prajurit, terus jagaen kuburan iku temenan.”
66 Dadi wong-wong iku budal nang kuburan, nemplek'en segel resmi nang watu sing nutupi lawange kuburan iku, terus pepirang wong prajurit dikongkon njaga lawang iku.