Rencana nyekel Yesus
26
Sak'marine Yesus marek'en kabeh wulangan iku, Yesus guneman nang murid-muride, 2 “Sira wis weruh nek emben iku riaya Paskah. Pas iku Rajane Menungsa bakale dipasrahen kanggo dipaku nang kayu salib.”3 Pas dina iku ketua-ketua pengarepe sembahyang karo sesepuh wong Ibrani pada nglumpuk ning kratone Pak Kayafas, yaiku pengarepe sembahyang agung. 4 Wong-wong iku nggolek dalan cekne bisa meneng-meneng nyekel karo mateni Yesus. 5 Tapi wong-wong iku pada ngomong, “Ajo dicekel sak'wene riaya Paskah. Engko rakyat pada memoring, terus dadi kisruh.”
Wong wedok ngesok'en lenga nang Yesus
6 Pas ana ning Betania, Yesus mampir ning umahe Simon, wong sing biyene tau lara kusta. 7 Terus ana wong wedok sing teka, terus nggawa lenga wangi sak'botol sing regane larang temenan. Pas Yesus ngleyeh, wong wedok iku ngesok'en lenga ning ndase Yesus.
8 Nguwasen iku, murid-murid dadi memoring, terus guneman, “Emane, kok mek dibuang ngono! 9 Lenga iku bisa didol larang, terus picise bisa digewehen nang wong sing mlarat.”
10 Yesus ngerti sing diomongen murid-murid iku, terus guneman, “Gawe paran sira nyusahen wong wedok iki? Wong wedok iki nglakoni apik nang Reang. 11 Sira nduwe wektu teterusan kanggo nulungi wong sing orak duwe, tapi Reang orak teterusan bebarengan ambek sira. 12 Wong wedok iki ngesok'en lenga wangi ning awak'e Reang gawe nyepak'en kanggo ngubur Reang. 13 Sak'temene, ning endi wae Kabar Apik disebaren nang sak'kabehe ndunya, ya ning kana paran sing wis dilakoni wong wedok iki bakale teterusan disampek'en. Iku ngono cekne wong bisa iling nang wong wedok iki.”
Yudas masrahen Yesus
14 Maringono, salah siji teka rolas muride Yesus, sing jenenge Yudas Iskariot, budal nemoni ketua-ketuane pengarepe sembahyang. 15 Yudas takon, “Nek'e reang masrahen Yesus nang rika kabeh, reang bakale oleh paran?”
Ketua-ketua iku nggewehi telung puluh (30) picis perak.a 16 Molai iku, Yudas nggolek wayah sing apik gawe masrahen Yesus nang pemimpin Ibrani iku.
Yesus ngrayak'en Paskah
17 Pas dina kawitan riaya Roti sing Nanak Ragine,b murid-muride pada teka nang Yesus, terus takon, “Ning endi Rika kepingin kene nyepak'en panganan Paskah gawe Rika?”
18 Yesus guneman, “Budala nang kota. Ning kana ana wong lanang. Omongna nang wong iku ngene, ‘Guru pesen, “Wayahe wis teka Reang kate ngrayak'en Paskah karo murid-muride Reang ning umahe sira.” ’ ”
19 Sidane murid-muride Yesus iku budal nglakoni paran sing dikongkon Yesus, terus nyepak'en panganan gawe Paskah.
20 Pas bengine, Yesus mbarek rolas muride pada lungguh terus mangan bareng. 21 Bareng gek mangan, Yesus guneman, “Gunemane Reang iki bener temenan, salah sijine teka sira bakale masrahen Reang nang wong sing sengit.”
22 Murid-murid pada susah atine, terus siji teka siji pada guneman nang Yesus, “Guru, sing nekong iku mesti duduk reang!”
23 Saure Yesus, “Wong sing nyelupen roti ning mangkok bareng karo Reang, iku sing bakale nekong Reang. 24 Rajane Menungsa pancen bakal dipasrahen ngentah sing wis ditulis ning Kitab Suci. Tapikne bakale apes wong sing nekong Reang! Luwih apik nek wong iku orak tau dilairen.”
25 Terus Yudas, sing kate masrahen Yesus iku guneman, “Guru, mestine duduk reang sing Rika maksuten!”
Saure Yesus, “Sira dewe sing ngomong ngono.”
Perjamuane Gusti Yesus
26 Pas murid-muride gek mangan, Yesus njukuk roti, nedanerima, terus rotine ditugel-tugel. Maringono roti iku digewehen nang murid-muride ambek guneman, “Jupuk'en roti iki, terus panganen. Roti iki nggambaren awak'e Reang.” 27 Maringono Yesus njukuk cingkir sing ana anggure, nedanerima, terus cingkire digewehen nang murid-muride. Yesus guneman, “Ngombea, sira kabeh. 28 Anggur iki nggambaren getihe Reang, yaiku getih sing dadek'en janjine Pengeranc sah. Getihe Reang diutahen cekne akeh wong bisa disepura teka dusa-dusane.

Ngombea, sira kabeh. (26:28)
30 Sak'marine murid-muride ngidung muji Pengeran katek kidung, kabeh pada budal nang Pusung Saitun.
Yesus bakale orak diakoni nang muride
31 Maringono Yesus guneman nang murid-muride, “Bengi iki sira bakale pada ninggalen Reang. Pancen iku wis tetulis ning Kitab Suci,
‘Reang bakale mateni tukang angon iku,
terus domba-dombane bakale kocar-kacir.’ (Sakaria 13:7)
32 “Tapikne, sak'wise Reang diuripen maneh teka pati, Reang kate ndikik'i sira nang Galilea.”
33 Petrus semaur, “Masia sing liya bakale ninggalen Rika, tapi reang orak bakal ninggalen Rika!”
34 Yesus guneman nang Petrus, “Gunemane Reang iki bener temenan, bengi iki, sak'durunge petek kelorok, sira bakale orak ngakoni Reang sampek ping telu.”
35 Petrus semaur, “Masia reang kudu mati bareng Rika, reang orak ngomong nek orak kenal Rika!”
Kabeh murid ya pada guneman ngono pisan.
Yesus ndedunga dewe
36 Maringono Yesus ambek murid-muride budal nang enggon sing diarani Getsemani. Teka kono Yesus guneman nang muride, “Lungguha ning kene. Reang kate mrana ndedunga.” 37 Yesus ngejak Petrus karo anak-anak'e Pak Sebedeus, yaiku Yakobus karo Yohanes. Yesus molai krasa susah atine, ya pikire orak anteng. 38 Terus Yesus guneman nang muride telu iku, “Atine Reang nemen susahe, sampek rumangsa kate mati. Entenana ning kene, terus jejaga'a ambek Reang.”
39 Maringono Yesus mlaku radak adoh terus sujud ambek ndedunga, “Duh Bapakne Reang, nek'e oleh, adohna sara iki teka Reang!d Tapikne dadia paran sing Rika karepi, duduk kekarepane Reang dewe.”
40 Maringono, Yesus mbalik nang murid telu itu, tapi ketok wis pada turu. Terus Yesus guneman nang Petrus, “Apa sira orak bisa jejaga bareng Reang sak'jam wae? 41 Tangia, terus ndunga'a cekne sira orak kalah pas diguda. Jiwane sira kepingin nglakoni sing bener, tapi ragane sira orak kuwat.”
42 Maringono Yesus budal ping pindone, terus ndedunga, “Duh Bapakne Reang, nek'e nanak maneh dalan gawe Reang ngindari sara iki, kepe wae kekarepane Rika sing kedadean.”e
43 Sak'wise iku Yesus mbalik maneh nang murid telu iku, terus nguwasen murid-murid iku gek turu merga ngantuk nemen. 44 Dadi Yesus ninggalen murid telu iku kanggo ndedunga ping telune. Sing didungak'en iku pada karo maune.
45 Maringono Yesus mbalik nang murid telu itu, terus guneman, “Apa sira kabeh gek pada turu karo leren? Delengen! Wayahe wis teka. Rajane Menungsa kate dipasrahen nang wong dusa. 46 Tangia, ayo kene budal! Delengen! Uwong sing nekong Reang wis teka!”
Yesus Dicekel
47 Pas Yesus gek guneman, Yudas teka. Yudas iku salah siji teka rolas muride Yesus. Yudas teka karo wong akeh sing nggawa wedung karo pentung. Wong-wong iku kongkonane ketua-ketuane pengarepe sembahyang ambek sesepuh wong Ibrani. 48 (Yudas, sing masrahen Yesus iku, wis nggewehi weruh nang pemimpin Ibrani ngene, “Engko, sapa sing tak ambung, iku sing kudu sira cekel. Iku Wonge!”) 49 Bareng teka ngono Yudas marek'i Yesus, terus guneman, “Salam Guru!” terus ngambung Yesus.
50 Saure Yesus, “Kanca, lakonana paran sing kudu sira lakoni.”
Maringono wong-wong sing melu Yudas ndang marek ambek nyekel Yesus. 51 Pas kedadean iku, salah sijine muride Yesus njukuk wedung terus nugel kupinge budak'e pengarepe sembahyang agung gawe wedunge.
52 Tapi Yesus guneman, “Wedung iku disarungen! Wong sing nggawe wedung bakale mati teka wedung. 53 Apa sira mikir Reang kudu dibela? Nek'e Reang gelem, Reang bisa njaluk tulung teka Bapakne Reang, terus bakale dikirim rolas rombongan prajurit malaekat gawe nulung Reang sak'iki. 54 Tapikne nek Reang nglakoni ngono, paran sing wis tetulis ning Kitab Suci orak bakal dijangkepi.”
55 Maringono Yesus guneman nang wong akeh iku, “Apa Reang iki wong jahat sampek sira pada teka nggawa wedung karo pentung gawe nyekel Reang? Saben dina Reang lungguh muruk'i ning latare Umahe Pengeran, tapi sira orak nyekel Reang. 56 Tapikne kabeh iki kudu kedadean cekne Kitab Suci sing ditulis nabi-nabi dijangkepi.” Terus murid-muride Yesus kabeh mlayu ninggalen Yesus.
Yesus ning ngarepe Mahkamah Agama
57 Maringono Yesus digawa nang umahe Pak Kayafas, yaiku pengarepe sembahyang agung. Ning kono ahli-ahli agama Ibrani karo sesepuh Ibrani wis pada kumpul. 58 Petrus ngetuten Yesus teka adoh, terus mlebu nang latare umahe Kayafas iku. Petrus lungguh bareng wong-wong sing jaga umah cekne nguwasen paran sing bakale kedadean nang Yesus.
59 Ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sak'kabehe Mahkamah Agama pada usaha nggolek saksi-saksi palsu sing bisa nyalahen Yesus cekne diukum pati. 60 Pas iku ana akeh saksi palsu sing maju nggewehi cerita sing orak bener. Tapi nanak sesijia bukti sing ditemok'en. Ahire ana wong loro sing maju 61 ambek guneman, “Wong iki guneman, ‘Reang bisa ngrubuhen Umahe Pengeran, terus bisa ngedeken maneh mung sak'njerone telung dina.’ ”
62 Dadi pengarepe sembahyang agung ngadek, terus takon nang Yesus, “Apa Sira orak gelem nyauri sing disaksek'en iku mau?”
63 Tapikne Yesus gek meneng wae.
Pengarepe sembahyang agung guneman maneh nang Yesus, “Sumpaha gawe jenenge Pengeran sing urip: Apa Sira iki Raja Pilihane Pengeran, Anak'e Pengeran dewe?”
64 Yesus semaur, “Rika dewe sing ngomong ngono. Tapi rungokna! Molai sak'iki rika bakale ndeleng Rajane Menungsa iki lungguh ning sisih tengene Sing Kuwasa, terus teka ning duwure mendung ning langit.”†
65 Ngrungok'en iku pengarepe sembahyang agung nyowek klambine dewe, terus guneman, “Wong iki ngenyek Pengeran! Orak usah nggolek saksi maneh! Sira kabeh gek entas ngrungok'en Wong iki ngenyek Pengeran! 66 Dadi njare nurut pikire sira kabeh?”
Wong-wong sing ana ning kono pada semaur, “Wong iki salah, ya kudu diukum pati.” 67 Maringono wong-wong iku pada ngidoni raine Yesus, terus dijotosi. Sing liya ngampleng Yesus 68 ambek guneman, “He Raja Pilihane Pengeran, tebak'en sapa sing ngamplengi Sira!”
Petrus orak ngakoni Yesus
69 Pas Petrus gek lungguh ning latare umah iku, ana budak wedok marani Petrus, terus guneman, “Rika kancane Yesus teka Galilea sing disidang iku.”
70 Tapi ning ngarepe wong iku kabeh Petrus orak ngakoni mbarek guneman, “Reang orak ngerti paran sing sira gunemen!”
71 Maringono Petrus metu nang lawang gapura ning latare umah. Pas iku ana budak wedok liyane sing nguwasen Petrus, terus guneman nang wong-wong sing ana ning kono, “Wong iki maune mbarengi Yesus sing teka Nasaret iku.”
72 Sepisan maneh Petrus orak ngakoni nek'e ngenal Yesus, terus sumpah, “Reang orak kenal Wong iku!”
73 Orak kosi suwe, wong-wong sing ngadek ning kono marek'i Petrus, terus guneman, “Sira iku salah siji teka rombongane Yesus sing asale teka Nasaret. Kene weruh teka logate sira sing teka Galilea!”
74 Molai iku Petrus nyedani karo sumpah, “Reang orak kenal Wong iku!”