Pengeran nggawe ndunya
1
Biyen, sak’durunge ana peparan, Pengeran nggawe jagad iki. 2 Pas iku, bumi iki peteng dedet, gek nanak rupane. Bumi iki mek dibek'i banyu tok. Terus, Rohe Pengeran ngelayang-layang ning duwure banyu iku.3 Pas dina kawitan, Pengeran guneman, "Dadia padang!" Terus padang iku dadi. 4 Nurut Pengeran padang iku apik. Padang iku terus dipisahen teka peteng. 5 Maringono Pengeran njenengi sing padang iku "awan" karo sing peteng iku "bengi." La, iku isuk karo bengi sing kawitan.
6 Maringono, pas dina ping pindone, Pengeran guneman, "Dadia enggon kotong sing misahen banyu, cekne ana banyu ning duwur karo banyu ning isor. 7 Na Pengeran ndadek'en enggon iku terus misahen banyu sing isor teka banyu sing duwur. 8 Terus enggon sing kotong ning tetengahan iku dijenengi "awang-awang." La, iku dadi isuk karo bengi sing ping pindone.
9 Pas dina ping telune Pengeran guneman, "Banyu sing ana ning isore awang-awang nglumpuk’a dadi sak’panggonan kepe katok sing garing. Maringono gunemane Pengeran dadi. 10 Pengeran njenengi sing garing iku "lemah." Terus banyu sing nglumpuk iku dijenengi "segara." Nurut Pengeran segara karo lemah iku apik.
11 Na, dina iku Pengeran guneman maneh, "Lemah kudu nyukulen wit-witan sing ana wijine ambek woh-wohan karo kayon-kayon sak’wernane kabeh ning ndunya. Maringono kabeh sing digunemen Pengeran iku dadi. 12 Barengono lemah iku nyukulen sak’kabehe wit-witan. Pengeran mandeng iku apik. 13 La, iku dadi isuk karo bengi sing ping telune.
14 Pas dina ping papate Pengeran guneman, "Dadia sengenge, mbulan, karo lintang ning langit kepe madangi ndunya. Sengenge, mbulan, karo lintang iku bisa mbeda'en awan karo bengi, terus bisa dadi tengere wayah, dina, karo taun." 15 Terus kabeh padang iku mau bisa madangi ndunya.Maringono kabeh iku dadi. 16 La, sengenge iku mau sing madangi awan. Terus mbulan karo lintang iku mau sing madangi bengi. 17 Maringono Pengeran ndeleh kabeh iku ning awang-awang kanggo madangi ndunya, 18 karo misahen padang karo peteng. Nurut Pengeran kabeh iku apik. 19 La, iku dadi isuk karo bengi sing ping papate.
20 Pas dina ping limane, Pengeran guneman, "Dadia kewan sing akeh, yaiku, sing urip ning banyu karo ning awang-awang." 21 Kewan sing ana ning banyu, yaiku iwak sing gede, sing cilik, sing grombol karo kabeh kewan liyane sing urip ning banyu. La, kewan sing ana ning awang-awang, yaiku sak’kabehe kewan sing duwe swiwi. Terus, nurut Pengeran kabeh kewan segara karo kewan awang-awang iku apik. 22 Maringono, Pengeran ngestoni kewan kabeh iku kepe temangkar. Jarene, "Temangkara, bek’ana segara karo awang-awang kepe tambah akeh!" 23 La, iku dadi isuk karo bengi sing ping limane.
24 Maringono pas dina ping eneme, Pengeran guneman nang lemah, "Tokna sak’kabehe kewan sing urip! Yaiku sak’kabeh kewan lemah, kewan ngrayap, kewan mrambat, kewan alas, ya sing gede karo sing cilik." Terus kabeh sing digunemen Pengeran iku dadi. 25 La, nurut Pengeran kabeh kewan lemah iku apik.
26 Teruse Pengeran guneman, "Sak’iki Awak’e Dewe kate nggawe menungsa entah Awak’e Dewe. Menungsa iku kudu nguwasani sak’kabehe ndunya, yaiku, iwak ning segara, kewan ning awang-awang, kewan ning alas, karo kewan sing ngrayap ning lemah." 27 Dadi, Pengeran nggawe menungsa lanang karo wedok. Lelorone digawe entah Pengeran dewe.
28 Maringono Pengeran ngestoni lanang karo wedok iku. Jarene, "Turun-temuruna sing akeh! Bek’ana ndunya iki! Kuwasanana sak’kabehe sing urip ning ndunya iki, yaiku, iwak ning segara, kewan ning awang-awang, kewan ning alas, karo kewan sing ngrayap ning lemah. 29 Terus Pengeran guneman maneh nang menungsa iku, "La, sak’kabehe wit-witan sing ana wijine karo woh-wohan kabeh, Tak genehen dadi pangane sira. 30 Tapikne kanggo kewan ning alas, kewan ning awang-awang, karo kewan liyane ning lemah, Tak genei suket ijo dadi pangane. Terus kabeh sing digunemen Pengeran iku dadi. 31 Nurut Pengeran, kabeh sing digawe iku wuapik temenan. La, iku dadi isuk karo bengi sing ping eneme.