Dina ping pitune
2
Iku ceritane Pengeran nggawe jagad iki.
2 Terus, pas dina sing ping pitune Pengeran mandek. Ngapa kok mandek? Merga pas dina ping eneme Pengeran wis marek’en penggaweane nggawe ndunya iki. 3 La, merga iku, dina sing ping pitune iku diberkahi karo disucek'en nang Pengeran dewe. 4 Iku mau ceritane kawitane ndunya.
Taman ning Eden
Pas Pengeran Sing Gawe Uripa nggawe jagad, gek durung ana sesuketan ning lemah. 5 Terus wit-witan durung pada cukul merga Pengeran Sing Gawe Urip durung nggenehi udan. Apa maneh durung ana wong sing nggarap. 6 Mek ana bun-bunan teka isor sing nelesi lemah. 7 Wektu iku, Pengeran Sing Gawe Urip njupuk lemah. Terus lemah iku didadek’en memper menungsa. Maringono Pengeran Sing Gawe Urip nyebul ambek’an penguripan ning cungure wong iku. Terus wong iku dadi urip. Wong iku dijenengi Adam.
8 Maringono Pengeran Sing Gawe Urip nggawe pisan taman ning wilayah wetan. Njero bahasa Ibrani wetan iku diarani ‘Eden.’ Wong iku mau dikongkon manggon ning kono. 9 Terus ning taman iku Pengeran Sing Gawe Urip nyukulen sak’kabehe wit-witan. Kabeh wit-witan iku apik terus wohe kenek dipangan. La, ning tengah-tengahe taman iku Pengeran Sing Gawe Urip ya nyukulen rong wit. Wohe wit sing siji bisa genei urip langgeng nang menungsa. Terus wohe wit sing sijine bisa nggenehi ilmu sing apik karo sing elek nang menungsa.
10 Ning kono pisan ana ndase banyu sing mili nang njabane taman. Terus teka njabane taman banyu iku mencar dadi kali sing kabehe papat. 11-14 Kali-kali iku dijenengi Kali Pison, Kali Gihon, Kali Tigris, karo Kali Efrat.
15 Maringono Pengeran Sing Gawe Urip ngongkon Adam manggon ning kono kanggo ngrumati taman iku. 16 Terus Pengeran Sing Gawe Urip guneman nang Adam, "Sira oleh mangan woh-wohan kabeh sing ana ning taman iki, 17 tapikne wohe sing bisa genei ilmu sing apik karo sing elek, ajo sira pangan. Nek sira mangan woh iku, pas iku sira bakale mati."
Pengeran nggawe Hawa
18 Terus Pengeran Sing Gawe Urip guneman nang Awak’e Dewe, "Orak apik nek menungsa urip dewek’an. Awak’e Dewe kate nggawek’en rewang sing pada." 19 Teruse Pengeran Sing Gawe Urip nggawe teka lemah sak’kabeh kewan alas karo kewan awang-awang. Kewan iku kabeh digawa nang Adam merga Pengeran kepingin ndeleng jeneng-jeneng paran sing dijenengen nang Adam. 20 Terus kewan-kewan iku kabeh dijenengi nang Adam. Jeneng-jeneng iku sing sak’iki dadi jenenge kewan-kewan. Sak’wise kewan kabeh ning lemah karo ning awang-awang dijenengi, Adam mikir, "Kok nanak rewang gawe reang?"
21 Maringono Pengeran Sing Gawe Urip nurok’en Adam tiru wong kesirep. Pas Adam turu, dijupuk belung gambange, teruse ditutup karo daginge maneh. 22 Teka belung gambang iku, Pengeran Sing Gawe Urip nggawe wong wedok, terus digawa nang Adam.
23 Adam guneman, "Ikilo belung daginge reang dewe. Belung teka belunge reang, daging teka daginge reang. Iki tak arani wedok, merga dijupuk teka reang dewe."
24 (Merga iku wong lanang sing rabi kudu ninggalen bapak emakne, terus dadi siji sak’daging karo bojone.)
25 Wong lanang karo wong wedok iku pada muda blejet, tapikne orak rumangsa isin.