Menungsa nglanggar prentahe Pengeran
3
Na, ning taman iku ana ula. Ula iku kewan sing paling pinter teka sak’kabehe kewan liyane. Ula guneman nang wong wedok iku, "Bener tah, Pengeran guneman ngene, ‘Kabeh woh sing ana ning taman iki orak oleh dipangan?’"2 Semaure wong wedok iku, "Adam ambek esun oleh mangan woh-wohan kabeh sing ana ning taman iki, 3 tapikne woh teka wit ning tengah-tengahe taman iki orak oleh dipangan. Merga Pengeran menggak, ‘Ajo sira pangan utawa ngotek wohe. Sira bakale mati.’"
4 Semaure ula iku, "Orak ngono! Sira orak kira mati. 5 Pengeran orak gelem nek sira mangan woh iku. Merga Pengeran weruh nek sira mangan woh iku, sira bakal tiru Pengeran. Pikirane sira bakal kebukak, terus sira bakal ngerti ilmu sing apik karo sing elek."
6 Wong wedok iku nguwasen karo mikir, "Woh iku apik, terus kok ketok'e enak dipangan. Apa maneh, woh iku bisa mbukak pikirane esun." Terus, woh iku dipetik, dipangan, karo digenehen nang bojone sing ana ning kono. Barengono bojone iku melu mangan pisan. 7 Sak’marine mangan woh ilmu iku, pikirane wong loro iku kebukak. Wong loro iku weruh nek pada muda blejet, terus nutupi awak’e ambek gegodongan sing amba.a
8 Pas angin semilir, menungsa iku krungu mlakune Pengeran Sing Gawe Urip ning taman iku, terus singetan teka ngarepe Pengeran Sing Gawe Urip ning sela-selane wit-witan. 9 Pengeran Sing Gawe Urip nyeluk, "Adam, ning endi sira?"
10 Semaur Adam, "Pas reang weruh nek Rika teka ning taman iki, reang singetan, wedi polae reang muda."
11 Pengeran takon, "Sapa sing ndudohi nek sira muda? Apa sira wis mangan wohe wit sing Reang penggak iku?"
12 Adam nyauri, "Wong wedok sing Rika gewehen iku, sing nggenehi woh iku nang reang, terus tak pangan.’’
13 Pengeran Sing Gawe Urip nakoni wong wedok iku, "Ngapa kok sira nglakoni ngono?"
14 Wong wedok iku nyauri, "Ula iku sing nggorohi esun, terus tak pangan."
Maringono Pengeran Sing Gawe Urip guneman nang ula iku,
"Merga sira nglakoni ngono, sira Tak kutuk sak’antarane kewan lemah kabeh.
Sira bakale ngrayap gawe wetenge sira.
Mangkane ndase sira ya bakal nemplek nang lemah sak’lawase urip."
15 "Sira karo wong wedok iki bakale Tak gawe pada memungsuhan.
Terus turunane sira karo turunane wong wedok iku bakal memungsuhan pisan.
Turunane wong wedok iku bakale mbesemen ndase sira, terus sira bakale matuk tungkak’e."
16 Maringono Pengeran guneman nang wong wedok iku,
"Larane sira pas meteng karo nglairen jabang bayi bakale Tak tambahi.
Terus, masia sira kepingin nguwasani bojone sira, tapi bojone sira sing bakal nguwasani sira."
17 Maringono Pengeran guneman nang wong lanang iku,
"Lemah iki wis Tak kutuk merga sira nuruti bojone sira, terus mangan woh iku.
Dadi molai sak’iki sira kudu susah payah nyusang jempalik nggolek sandang pangan."
18-19 "Molai sak’iki sira kudu nyambut gawe kepe asil teka gagane dewe sing dadi pangane sira. Sira kudu adus kringet nggarap lemah, merga molai sak'iki lemah kate nyukulen suket eri.
Terus, sira kudu nggarap lemah sampek sira mbalik nang lemah, merga sira asale teka lemah."
20 La, Adam njenengi bojone, ‘Hawa,’ merga Hawa dadi emakne menungsa kabeh.
21 Maringono Pengeran Sing Gawe Urip nggawek’en Adam karo bojone sandangan teka kulite kewan, terus digenehen nang Adam karo bojone. 22 Terus Pengeran Sing Gawe Urip guneman, "La, sak’iki menungsa wis dadi kaya Awak’e Dewe, merga wis weruh sing apik karo sing elek. Ajo sampek menungsa iku nguluren maneh tangane, terus njupuk woh penguripan. Nek dipangan, bisa urip sak’lawase." 23 Maringono Pengeran Sing Gawe Urip nundung Adam karo Hawa metu teka taman iku. Terus Pengeran ngongkon Adam nggarap lemah merga asale teka lemah. 24 La, ning pinggiran wetan taman iku ana lawang mlebu. Pengeran ngongkon mahkluk-mahkluk teka swarga njaga lawang iku. Ning kono pisan, ana wedung geni sing muter-muter dewe cekne nanak sing bisa mlebu taman iku, njupuk woh penguripan, terus urip sak’lawase.