Wong kawitan sing dipateni
4
Sak’marine Adam karo Hawa nggawe dusa nglawan prentahe Sing Gawe Urip,a Adam karo Hawa diukum, terus ditundung teka kebonan Eden. Molai iku, Adam kudu mantep nyambut gawe dadi wong tani cekne bisa urip. Suwene-suwe Adam karo Hawa duwe lare lanang. Pas lare iku lair, Hawa guneman, "Esun oleh lare lanang iki teka Sing Gawe Urip. Dadi, tak jenengen lare iki Kain."b 2 Maringono Hawa nglairen lare lanang maneh, terus dijenengen ‘Habel.’
Kain iku dadi wong tani, tapi Habel dadi tukang angon wedus. 3 Suwene-suwe Kain njupuk setitik asile teka gagane, terus dipersembahen nang Sing Gawe Urip. 4 Barengono, Habel ya milih anak-anak’e weduse sing mbarep. Terus dibeleh, maringono bageane sing apik, dipersembahen nang Sing Gawe Urip pisan. Sing Gawe Urip seneng temenan nang Habel karo korban sing dipersembahen Habel. 5 Tapikne Kain karo sajine orak nyenengen Sing Gawe Urip, mulane Kain bongol sampek kupinge abang.
6 Terus Sing Gawe Urip takon nang Kain, "Ngapa sira kok bongol? 7 Nek nglakoni apik, atine sira bakale tentrem. Tapi, nek sira mek iri karo bongol, dusa kate mlebu ning atine sira. Dusa kate nguwasani sira, tapikne sira kudu bisa ngalahen dusa iku."
8 Maringono, guneme Kain nang Habel, adekne, "Ayo lunga nang gaga." Teka ning gaga Habel dipentung, terus dipateni nang Kain.
9 Sak’wise iku Sing Gawe Urip takon nang Kain, "Ning endi adekne sira?"
Semaure Kain, "Reang orak weruh. Apa reang sing tukang ngemong adekne reang?"
10 Terus Sing Gawe Urip takon maneh, "Ngapa sira kok nglakoni ngono? Getihe adekne sira sing ana ning lemah iku mbuktek’en salahe sira. Merga iku sira kudu Tak ukum." 11 Sira kuwalat nang lemah kabeh, merga lemah iki wis diresepi getihe adekne sing sira pateni. Mangkane sira kudu budal. 12 Nek’e sira nggarap lemah ning endi wae, lemah orak bakal ngasilen peparan. Sira bakale wedi karo keplayon. Sira bakal dadi wong kloyongan sing orak bisa netep ning endi-endi."
13 Semaure Kain "Duh Pengeran Sing Gawe Urip, reang orak kuwat mikul ukuman iki. 14 Reang wis dibuang adoh teka lemah iki karo adoh teka Rika. Reang karo Rika wis pedot. Nanak panggonan maneh sing tetep kanggo reang. Reang wedi merga sapa wae sing ketemu reang bakale mateni reang."
15 Tapikne Sing Gawe Urip guneman, "Orak ngono. Merga sapa sing mateni sira bakale kewalesan ping pitu." Terus Sing Gawe Urip nengeri Kain cekne orak dipateni wong. 16 Maringono Kain budal adoh teka Sing Gawe Urip, terus manggon ning wilayah sing diarani "Kloyongan," ning wetane taman Eden.