Bebuka
Sejarah sak'durunge kitab iki ditulis
Ewonan taun biyen, Gusti Pengeran milih wong siji sing jenenge Pak Abram. Pengeran njanji nek kabeh bangsa ning ndunya bakale diberkahi ngliwati turunane Abram iku. Terus jenenge diganti dadi Abraham sing tegese “bapakne bangsa sing gede.” Suwene-suwe anak putune Abraham dadi akeh temenan, terus diarani bangsa Ibrani.
Bangsa Ibrani manggon luwih teka 400 taun ning negara Mesir, tapi dikuwasai ya dipulasara. Mangkane Pengeran milih salah sijine wong Ibrani sing jenenge Musa. Nabi Musa iku gawe mujijat karo tetenger teka Pengeran cekne wong Ibrani bisa dibebasen teka Mesir. Salah sijine bengi, sak'durunge wong Ibrani dibebasen, Pengeran nggawe pagebluk pati nang tanah Mesir. Saben anak mbarep ning Mesir mati. Tapi, nek ana cempe sing dikorbanen, terus getihe diteleten ning bengkurahe lawang, anak mbarep ning umah iku slamet. Merga saben wong Ibrani nglakoni ngono, anak-anak'e pada slamet kabeh. Terus, sisuk'e bangsa Ibrani metu teka pulasarane ning Mesir. Dina iku diarani Paskah. Dina Paskah iku gek dirayak'en nang wong Ibrani saben taun, sampek dina iki.
Sak'marine bangsa Ibrani metu teka Mesir, Pengeran nggewei prentah-prentah nang Musa cekne wong Ibrani ngerti njare carane nyembah nang Pengeran. Nurut prentah-prentah mau, Pengeran milih pepirang imam karo nabi kanggo nuturi wong Ibrani. Terus, nek ana wong sing nglanggar salah sijine prentah, kudu ana kewan, entah wedus, sing dikorbanen. Ngliwati korban kewan, dusane wong bisa dilironi, terus wong iku bisa disepura.
Maringono bangsa Ibrani mlaku memayeng ning ara-ara amba suwene 40 taun. Ahire manggon ning daerah Kanaan (sing sak'iki diarani Israel). Suwe-suwe bangsa Ibrani njaluk nang Pengeran cekne digewei raja entah bangsa-bangsa liyane. Terus Pengeran milih salah sijine wong Ibrani sing jenenge Saul. Tapi Saul orak manut nang prentahe Pengeran. Terus Pengeran milih wong Ibrani liya sing jenenge Daud. Raja Daud iku apik, terus seneng muji nang Pengeran. Pengeran njanji nang Daud ngene, “Salah sijine turunane sira bakale mrentah sak'lelawase.” Tapi, kurang luwih 1,000 taun sak'marine njanji iku, wong Ibrani gek ngenteni raja sing dijanjek'en iku.
Maringono, kira-kira taun 0 Masehi, ana wong Ibrani sing lair. Sak'durunge lair, ana malaekat teka Pengeran sing marani makne bayi iku. Malaekat iku nggenehi weruh nek bayi iku Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en nang Raja Daud biyen. Sak'marine lair, bayi iku dijenengi Yesus. Na, Yesus iku gek turunane Raja Daud. Nurut nabi-nabi Ibrani biyen, entah korban kewan pas jamane Musa, Yesus iku kudu mati kanggo nebus dusane menungsa. Tapi pas telung dinane, bakal urip maneh.
Maksut catetan ning kitab iki
Ning njerone kitab iki ana pepirang maceme catetan sing bisa nulungi sing maca.
1. Nek ana hurup cilik memper iki: a hurup iku tegese ana penjelasane. Disentuh kanggo ndeleng catetane.
2. Nek ana kata sing digaris bawahi memper iki: kata ana penjelasane. Disentuh kanggo ndeleng catetane.
3. Nek ana kata-kata sing hurufe miring, iku tegese kata-kata iku ditambahi cekne maksute luwih jelas. Kata-kata iku nanak ning tulisan asli.
4. Nek ana ayat sing digewehi [kurung], ayat iku orak ditemok'en ning kabeh teks asli. Ana teks asli sing duwe ayat iku, ya ana sing orak. Mangkane ahli-ahli Kitab Suci kurang setuju nek ayat iku kudu mlebu ning Kitab Suci.
5. Nek ana enggon sing durung diweruhi, ning mburine kitab iki ana rong peta. Delengen ning mburine kitab iki cekne bisa nemok'en rong peta iku.