Paribasane sepuluh prawan
25
Yesus nerusen gunemane, “Pas pungkasane jaman, Kerajaane Swarga bisa digambaren pada karo sepuluh prawan sing ngenteni kemanten lanang. Kabeh prawan iku mau pada gawa teplok. 2 Sing lima teka prawan iku goblok, tapi sing lima liyane bijak. 3 Prawan sing goblok iku mau pada nggawa teplok tapi orak nggawa serepan lenga. 4 Tapikne prawan sing bijak pada nggawa serepan lenga gawe nyediani teplok'e. 5 Merga kemanten lanang iku suwe orak teka-teka, dadine kabeh prawan iku pada ngantuk, terus turu.
6 “Pas tengah wengi, ana sing mbengok, ‘Kemanten lanang wis teka! Metua, temonana!’
7 “Kabeh prawan iku langsung tangi mbarek nyiapen teplok-teplok'e. 8 Tapi prawan sing goblok iku guneman nang prawan sing bijak, ‘Njaluk lengane sira setitik wae kanggo kene. Teplok'e kene kate mati merga lengane meh entek.’
9 “Prawan sing bijak njawab, ‘Ajo. Engko lengane kene orak cukup gawe esun ambek sira. Budala nang wong sing dodol lenga terus tukua gawe sira dewe.’
10 “Tapi pas kabeh prawan sing goblok iku tuku lenga, kemanten lanang teka. Prawan-prawan iku sing wis siap ya melu mlebu nang kajatane wong rabi ambek kemanten lanang. Maringono lawange ditutup.
11 “Orak kosi suwe prawan-prawan sing goblok iku pada teka. Prawan iku pada guneman, ‘Pak, Pak, tulung bukakna lawange!’
12 “Kemanten lanang iku njawab, ‘Gunemane Reang iki bener temenan, reang orak kenal sira.’ ”
13 Terus Yesus marek'en paribasane ngene, “Dadi, jejaga'a, merga sira orak weruh dina utawa wayahe Rajane Menungsa bakale teka.”
Paribasane budak'e telu
14 “Kerajaane Pengeran bisa digambaren wong sugih sing kate budal nang enggon sing adoh. Jeragan iku nyeluk kabeh budak'e gawe njaga dunyane pas wayah bebudalan. 15 Saben budak digewehi emas nurut kesanggupan ambek kekuwatane dewe-dewe. Budak sing sijine diwehi limang wadaha emas. Mbarek budak sing liyane diwehi rong wadah emas. Mbarek budak sing liyane maneh oleh sak'wadah emas. Mari iku mau jeragane budal.
16 “Sekala iku, budak sing nerima limang wadah emas iku ngolah emas sing digewehi gawe dagang. Terus budak iku oleh bati limang wadah emas maneh. 17 Ya ngono pisan budak liya sing nerima rong wadah emas. Budak iku ngolah terus oleh bati rong wadah emas pisan. 18 Tapikne, budak sing nerima sak'wadah emas iku budal mbarek nduduk lemah terus nyingeten wadah emase wong sugih iku mau ning njerone lemah.
19 “Suwene-suwe, jeragan iku moleh, terus nyeluk kabeh budak'e gawe gewehi lapuran ngenek'i tanggung jawabe. 20 Budak sing nerima limang wadah emas iku gawa tambahan limang wadah maneh nang jeragane. Terus budak iku guneman, ‘Rika gewehi limang wadah emas nang reang. Delengen, reang oleh bati limang wadah emas maneh.’
21 “Jeragan iku guneman, ‘Pinter temen. Sira budak sing apik karo setia. Merga sira kenek dipercaya nang paran sing cilik, reang bakale gewehi tanggung jawab sing gede nang sira. Mlebu'a, ayo melu seneng-seneng bareng reang.’
22 “Maringono budak sing nerima rong wadah emas teka. Budak iku guneman nang jeragane, ‘Rika gewehi rong wadah emas nang reang. Delengen, reang oleh bati rong wadah emas maneh.’
23 “Jeragane guneman, ‘Pinter temen. Sira budak sing apik karo setia. Merga sira kenek dipercaya nang paran sing cilik, reang bakale gewehi tanggung jawab sing gede nang sira. Mlebu'a, ayo melu seneng-seneng bareng reang.’
24 “Mari iku teka budak sing nerima sak'wadah emas. Budak iku guneman nang jeragane, ‘Pak, reang weruh nek rika iku wong sing atos atine. Rika metik woh ning enggon sing rika orak panja, terus rika manen ning enggon sing rika orak tandur. 25 Reang wedi, dadi reang budal nyingeten emas iku ning njero lemah. Ikilo picise rika.’
26 “Jeragan iku semaur, ‘Sira budak sing jahat mbarek males! Nurut sira reang metik woh ning enggon sing orak tak panja. Terus sira ya weruh nek'e reang manen ning enggon sing reang orak tandur. 27 Nek'e sira mikir ngono, mestine sira nyimpen picise reang ning bank. Paling orak reang bisa oleh picise reang karo bungahe. 28 Dadi, jupuk'en emas iku teka wong iku, terus gewehna nang budak sing duwe sepuluh wadah emas iku. 29 Merga saben uwong sing nduweni, bakal digewehi luwih maneh sampek wong iku kakean. Tapikne wong sing orak nduweni, paran sing ana ning wong iku bakal dijupuk. 30 Terus buangen budak sing nanak gunane iku ning enggon sing peteng, ning enggon sing ana tangisan karo kemretek untune.’ ”
Rajane Menungsa bakal ngakimi kabeh uwong
31 Yesus nerusen wulangane, “Pas tekane Rajane Menungsa ning njerone kamulyane, bebarengan kabeh malaekat-malaekat, Raja iku bakal lungguh ning tahtane sing mulya. 32 Maringono kabeh bangsa bakale diklumpuk'en ning ngarepe. Raja iku bakal misahen wong siji karo wong liyane, persis tukang angon sing nyejek'en domba teka wedus. 33 Domba-domba bakal ditepak'en ning tengene karo wedus-wedus ning kiwane.
34 “Maringono Raja iku bakal guneman nang wong ning sisih tengene, ‘Renea, sira sing wis diberkahi Bapakne Reang. Terimanen kerajaan sing wis dicawisen gawe sira molai ndunya iki didadek'en. 35 Sira dadi warga kerajaan iki merga pas Reang luwe, sira gewehi panganan nang Reang. Pas Reang ngelak, sira gewehi ngombe nang Reang. Pas Reang dadi wong manca, sira nerima Reang ning umahe sira. 36 Pas Reang orak duwe klambi, sira gewehi Reang klambi. Pas Reang lara, sira njaga Reang. Pas Reang ning bui, sira ndengok Reang.’
37 “Maringono wong sing bener iku bakale takon nang Reang, ‘Gusti, kapan kene ndeleng Rika luwe, terus nggewehi panganan ning Rika? Kapan kene ndeleng Rika ngelak, terus nggewehi ombe nang Rika? 38 Kapan kene ndeleng Rika dadi wong manca, terus ngundang Rika ning umahe kene? Kapan kene ndeleng Rika orak duwe klambi, terus nggewehi klambi ning Rika? 39 Kapan kene ndeleng Rika lara utawa ning njero bui, terus kene ndengok Rika?’
40 “Raja iku bakale njawab wong-wong iku, ‘Gunemane Reang iki bener temenan, paran sing sira lakoni nang salah sijine muride Reang sing orak dianggep, sira wis nglakoni iku gawe Reang.’
41 “Mari iku Raja iku bakal guneman nang wong ning sisih kiwane, ‘Ngaliha teka ngarepe Reang. Sira bakal diukum, terus dibuang ning njerone geni neraka sak'lelawase, sing wis dicawisen gawe Iblis karo malaekat-malaekate! 42 Merga pas Reang luwe, sira orak nggewehi panganan nang Reang. Pas Reang ngelak, sira orak nggewehi ombe nang Reang. 43 Pas Reang dadi wong manca, sira orak ngundang Reang nginep ning umahe sira. Pas Reang bolet, sira orak gewehi Reang sandangan. Pas Reang lara utawa ning njero bui, sira orak ndengok Reang.’
44 “Maringono wong-wong iku kate semaur, ‘Gusti, kapan kene ndeleng Rika luwe, utawa ngelak, utawa dadi wong manca, utawa bolet, utawa lara, utawa ning bui, terus orak ngrewangi Rika?’
45 “Raja iku bakal njawab wong-wong iku, ‘Gunemane Reang iki bener temenan, paran sing sira orak nglakoni nang muride Reang sing orak dianggep, sira ya orak nglakoni nang Reang.’ 46 Wong sing orak nulungi iki bakal nerima ukuman sampek sak'lelawase, tapikne wong bener iku mau bakal nerima urip sing langgeng.”