Pungkasane Jaman
24
Sak'wise iku Yesus ninggalen latare Umahe Pengeran. Murid-muride marek'i Yesus terus nduding nang bangunan-bangunan sing ana ning latare Umahe Pengeran iku. 2 Yesus guneman nang murid-muride, “Wasenen nang bangunan-bangunan iku. Gunemane Reang iki bener temenan, nanak sesijia watu sing bakale dijaren kesusun ning watu liyane. Kabeh iku bakale diajuren!”a
3 Pas Yesus lungguh ning duwure Pusung Saitun, murid-muride pada teka, terus kepingin weruh, “Kapan wayah iku kate kedadean? Paran wae tengere sing bakale ndudohen wayah tekane Rika maneh mbarek wayah pungkasane jaman?”
4 Yesus semaur, “Sira kudu sing awas. Ajo sampek ana sing nyasaren sira. 5 Akeh wong kate teka nggawe jenenge Reang terus guneman, ‘Reang iki Raja sing dijanjek'en iku.’ Terus wong-wong iku bakale ngapusi wong akeh. 6 Sira bakale krungu suwarane perang karo kabare wong-wong sing kate perang. Tapikne ajo wedi! Kabeh iku pancen kudu kedadean dikek, tapi iku durung pungkasane jaman. 7 Bangsa siji bakale nglawan bangsa liyane, kerajaan siji bakale nglawan kerajaan liyane. Ning endi-endi kate kedadean paceklik karo lindu. 8 Iku kabeh gek kawitane sarane menungsa, ngentah larane wong wedok sing kate nglairen.”
Wong sing percaya nang Yesus bakale disiksa
9 “Pas iku sira bakale dipasrahen cekne disiksa, terus dipateni. Sira bakale disengiti nang kabeh bangsa merga melu Reang. 10 Akeh wong kate ninggalen imane terus kate nyerahen siji nang sijine ya kate sengit siji nang sijine. 11 Akeh nabi palsu bakale teka, terus kate nyasaren wong akeh. 12 Terus, merga wong sing jahat tambah akeh, wong akeh bakal ilang welas asihe. 13 Wong sing tetep percaya nang Reang sampek pungkasan bakale slamet. 14 Terus Kabar Apik ngenek'i Kerajaane Pengeran bakale dibritak'en nang sak'kabehe ndunya, cekne dadi saksine kanggo kabeh bangsa. Sak'wise iku, pungkasane jaman bakale teka.
15 “Sira bakale ndeleng ning Umahe Pengeran sing suci iku kedadean sing ‘Najisen karo Ngejuren.’ Kabeh iku ditulis nang Nabi Daniel biyen (Sing maca tulisan iki - gatekna!) 16 Pas iku wong-wong ning daerah Yudea kudu mlayu nang gunung-gunung. 17 Sapa sing ana ning duwure umah ajo mudun terus mlebu nang umah kanggo njupuk peparan. 18 Nek ana wong sing nyambut gawe ning gaga, ajo moleh njupuk sandangane. 19 Pas iku, blai nang wong wedok sing gek meteng karo sing gek nyusoni. 20 Ndunga'a cekne ajo sampek kedadean pas dina Sabat utawa pas wayah adem. 21 Merga pas iku ana kedadean sara temenan sing orak tau ana maune, molai ndunya iki digawe sampek sak'iki, ya orak bakal kedadean maneh.
22 “Nek dina-dina iku orak ndang digawe kalong nang Pengeran, nanak sesijia wong sing bakale slamet. Tapikne, merga Pengeran melasi umat pilihane, wayah iku bakal digawe kalong nang Pengeran.
23 “Nek pas iku ana wong sing guneman nang sira, ‘Delengen! Raja Pilihane Pengeran ana ning kene!’ utawa, ‘Kristus ana ning kana!’ sira ajo percaya. 24 Merga kate teka akeh ‘Kristus’ gorohan karo nabi-nabi palsu. Wong-wong iku bakale gawe mujijat-mujijat karo tenger-tenger sing ajaib cekne nyasaren umat pilihane Pengeran iku, nek bisa. 25 Ilinga! Reang wis nggenehi weruh nang sira sak'durunge kabeh iku kedadean. 26 Dadi nek ana wong sing guneman, ‘Delengen, Raja Pilihane Pengeran ana ning ara-ara amba!’ sira ajo budal mrana. Nek ana sing guneman, ‘Wonge singetan ning kamar!’ sira ajo percaya. 27 Merga tekane Reang, Rajane Menungsa, bakale persis kilat sing nyorot teka wetan sampek nang kulon. 28 Memper manuk-manuk gagak nglumpuk ning enggone batang, kabeh wong bakale weruh kedadean iku.”
Wayah tekane Rajane Menungsa
29 “Orak kosi suwe sak'wise dina-dina sing sara temenan iku,
‘Sengenge bakale peteng,
terus mbulan orak nyorot maneh.
Lintang-lintang bakale rotoh teka langit,
kabeh sing duwe kuwasa ning langit bakale goncang.’ (Yesaya 13:10; 34:4)
30 “Wayah iku bakale ana tenger ning langit sing ndudohen tekane Rajane Menungsa. Kabeh bangsa ning bumi bakale tetangisan, terus bakale ndeleng Reang, Rajane Menungsa, teka ning langit, ning nduwure mendung, nggawe kuwasa ambek kamulyan sing gede. 31 Slompret kate diunek'en sing banter nemen nang malaekate. Terus malaekat-malaekat kate nglumpuk'en umat pilihane teka petang arah angin, ya teka pucuk'e langit sing siji sampek nang pucuk'e langit sing sijine.”
Paribasane wit ara
32 “Wit ara nggewehi pengerten nek pang-pange iku lemes, terus molai wis ana godonge, iku tegese wayah panas wis parek. 33 Ngono uga, nek sira wis ndeleng sak'kabehe tenger iku mau kedadean, iku tegese wayah sing ditentok'en Bapak kanggo Reang mbalik wis parek, ngentah wong sing ngadek ning ngarepe lawang. 34 Gunemane Reang iki bener temenan, wong-wong sak'golongane jaman iku orak bakale mati sak'durunge kabeh iku mau kedadean. 35 Swarga karo bumi bakal sirna, tapikne gunemane Reang orak bakale sirna.
36 “Nanak sesijia wong sing weruh kapan dina utawa jam kiamat, masia malaekat ning swarga, utawa Reang dewe, mek Bapak wae sing weruh. 37 Pas Reang, Rajane Menungsa, kate teka, kedadean iku bakale persis jamane Nabi Nuh biyen. 38 Pas dina-dina sak'durunge banjir iku teka, wong-wong gek mangan karo ngombe, ya rabi karo ngrabek'en anak-anak'e. Wong-wong iku urip kayak biasane sampek pas dinane Nuh mlebu nang njero praune. 39 Wong-wong iku orak weruh paran sing kate kedadean sampek banjir iku teka, terus nggawa wong iku kabeh nang pepati. Tekane Rajane Menungsa pada karo iku. 40 Umpamane pas iku ana wong lanang loro nyambut gawe ning gaga, siji bakale digawa, terus sing sijine ditinggal. 41 Umpamane ana wong wedok loro sing gek giling gandum, siji bakale digawa, terus sing sijine ditinggal.
42 “Mangkane sira kudu jejaga, merga sira orak weruh dinane Gustine sira kate teka. 43 Tapi ilinga, nek sing duwe umah weruh kapan maling kate teka, mesti bakale jaga-jaga cekne orak ngejaren maling mlebu umahe. 44 Merga iku, sira kudu jejaga merga Rajane Menungsa kate teka pas wayah sing orak sira weruh.”
Paribasane budak sing setia karo budak sing jahat
45 “Sapa budak sing setia karo bijak? Wong iku bakale dipercayak'en ngatur mangan nang budak-budak liyane. 46 Mendahe senenge budak sing gek nglakoni penggaweane sing dipercayak'en pas jeragane teka. 47 Gunemane Reang iki bener temenan, mesti jeragan iku bakale mercayak'en sak'kabehe dunyane nang budak iku mau. 48 Tapikne budak sing jahat guneman ning atine dewe, ‘Jeragane reang gek suwe mulihe.’ 49 Terus budak jahat iku molai nggepuk'i budak-budak liyane, terus mangan karo ngombe-ngombe ambek wong-wong sing biasane mabuk-mabukan. 50 Jeragane bakale mara-mara teka, pas wayah sing orak disangka-sangka. 51 Maringono budak iku bakale diukum abot terus dibuang ning enggon pada karo wong sing biasane kempusan. Ning enggon iku wong-wong bakale nangis karo kemretek untune.”