Yesus nyalahen pemimpin agama
23
Yesus guneman nang wong akeh karo murid-muride ngene, 2 “Ahli-ahli agama karo wong Farisi nduwe tanggung jawab negesen Hukume Musa. 3 Dadine sira kudu nglakoni paran sing diwulangen wong iku nang sira. Tapikne sira ajo nirok'en paran sing wis kulina dilakok'en wong iku, merga kelakuane wong-wong iku orak pada mbarek sing diwulangen. 4 Guru-guru iku nggewehi akeh aturan sing abot dilakoni, tapikne orak ngrewangi wong nglakoni aturan iku, masia setitik wae. 5 Wong-wong iku nglakoni paran sing apik cekne dideleng wong. Wong iku gawe kotak sembahyanga sing amba, terus nganggok'en gombyok'e jubah sing dawa.
6 “Wong-wong iku seneng lungguh ning enggon ngarep sing diajeni ning slametan karo enggon paling ngarepan ning balai agama. 7 Wong-wong iku seneng diajeni ning pasar, ya seneng diceluk ‘Guru.’ 8 Tapikne sira ajo gelem diceluk ‘Guru,’ merga sira mek duweni siji Guru, terus sira kabeh dadi dulur-dulur. 9 Terus, sira orak oleh nyeluk sapa wae ‘Bapak’ ning ndunya iki, merga mek ana siji Bapakne sira, yaiku Bapak sing ning swarga. 10 Ya ngono pisan, sira ajo gelem diceluk 'Panutan,' merga mung ana siji Panutane sira, yaiku Raja Pilihane Pengeran. 11 Saben wong ning antarane sira sing ngladeni ngentah budak nang pada kancane, iku ngono wong sing dadi paling gede ning antarane sira. 12 Saben wong sing ngapik'en awak'e bakale dijlok'en nang Pengeran. Tapi saben wong sing ngasoren awak'e dewe, wong iku bakale diajeni.”
Pitung blai
13 “Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, sing apen-apen apik! Sira nutup lawange Kerajaane Swarga! Sira dewe orak gelem mlebu, terus sira pisan ngedang-ngedangi wong liya sing kate mlebu.
[ 14 Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, he sira wong sing apen-apen apik! Sira nipu randa-randa terus ngrampas umahe. Maringono, kanggo nutupi salahe, dungane sira didawa-dawak'en. Merga iku, Pengeran bakale ngukum sira luwih abot.]b
15 Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, he sira wong sing apen-apen apik! Sira nyabrang segara karo njelajahi lemah nggolek'i siji uwong wae sing bisa sira dadek'en muride sira. Terus pas sira nemok'en wong sing gelem melu, sira gawe wong iku warga neraka sing dadi ping pindo luwih jahat ketimbang sira dewe.
16 Blai'a sira, pimpinan-pimpinan sing picek! Sira guneman, ‘Nek'e ana wong sing sumpah nggawe jenenge Umahe Pengeran, sumpah iku orak sah. Tapi nek wong iku sumpah nggawe emas sing ana ning Umahe Pengeran, wong iku ketalenan nang sumpahe.’ 17 Sira wong goblok sing picek! Paran sing luwih penting? Apa emas iku mau, utawa Umahe Pengeran sing gawe emas iku suci? 18 Sira ya guneman, ‘Nek'e ana wong sing sumpah nggawe mesbah, sumpah iku orak sah. Tapi nek wong iku sumpah nggawe korban ning sak'nduwure mesbah, wong iku ketalenan nang sumpahe.’ 19 Sira wong picek! Paran sing luwih penting? Apa korban iku mau, utawa mesbah sing gawe korban iku suci? 20 Dadi, nek'e ana wong sumpah gawe mesbah, wong iku ya sumpah nggawe kabeh sing ana ning nduwure mesbah iku. 21 Terus nek'e ana wong sing sumpah nggawe Umahe Pengeran, wong iku ya sumpah nggawe jenenge Pengeran sing manggon ning njerone. 22 Nek'e ana wong sumpah nggawe swarga, wong iku sumpah nggawe tahtane Pengeran ya nggawe Pengeran sing lungguh ning tahta iku.
23 Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, sing apen-apen apik! Sira sregep nggenehi sepersepuluhec teka rempah-rempah pawon, yaiku selasih, adas legi, karo jintene sira. Tapikne sira orak nuruti hukum agama sing luwih penting, yaiku: nglakoni adil, melasi wong, karo setia nang Pengeran. Sing siji kudu dilakoni, tapi sing liyane ya ajo dilalek'en. 24 Sira pimpinan-pimpinan sing picek! Sira ngentah wong sing ngetok'en laler teka ngobene sira, tapi unta sing ana ning njero wedange, sira untal wae.
25 Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, sing apen-apen apik! Sira ngetah wong sing ngrijik'i njabane cingkir karo mangkok, tapikne lali ngrijik'i njerone sing gek reget. Ya ngono wetenge sira bek merga sira srakah karo sembrana. 26 He sira wong Farisi sing picek! Isuhana dikek njerone, mestine njabane ya rijik pisan.
27 Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, sing apen-apen apik! Sira ngentah kuburan sing dilabur putih. Njabane katok apik, tapi njerone bek belung-belung mbarek sembarang kalir sing reget. 28 Pada karo sira, sing katok'e bener, tapi sak'temene ning njero atine sira iku mek apen-apen apik karo jahat.
29 Blai'a sira, ahli agama karo wong Farisi, sing apen-apen apik! Sira mbangun kuburan gawe nabi-nabi terus ndandani kuburane wong sing bener. 30 Sira guneman, ‘Kokna kene urip ning jamane mbah buyute kene, kene ya mesti orak melu mateni nabi-nabi iku.’ 31 Dadi sira dewe ngakoni, nek'e sira anak putune wong sing mateni nabi-nabi. 32 Nek ngono, terusna karo marekna penggaweane mbah buyute sira sing jahat iku! 33 Sira ngentah ula sing ana upase! Sira jahat persis mbah buyute sira. Njare sira bisa ucul teka ukuman ning neraka?
34 “Gatekna! Reang bakale ngutus nabi-nabi, wong-wong bijak, karo ahli-ahli Kitab Suci nang sira. Ana sing kate sira pateni, terus ya ana sing bakale sira saliben. Ana pisan sing bakale sira pecuti ning njerone balai agama, ya ana maneh sing bakale sira uber teka kota siji nang kota liyane. 35 Merga kabeh iku mau, sira bakale nanggung ukuman ngenek'i patine sak'kabehe wong bener sing dipateni ning ndunya iki. Iku keitung teka, patine Habel sampek patine Sakaria, anak'e Berekya. Sakaria iku sing sira pateni ning antarane gedung Umahe Pengeran karo mesbahe. 36 Gunemane Reang iki bener temenan, wong-wong ning jaman iki bakale nanggung kabeh sing jahat iku.
37 “He wargane Yerusalem! Sira iku sing mateni nabi-nabi, terus, ya sira iku sing ngantemi wong-wong sing diutus nang sira gawe watu sampek mati. Wis bolak-balik Reang kangen nglumpuk'en sira kabeh, ngentah petek babon sing ngengkremi anak-anak'e, tapikne sira orak gelem. 38 Wasenen! Umah sembahyange sira iki wis ditinggalen Pengeran sampek dadi sepi. 39 Reang guneman nang sira, molai sak'iki sira bakale orak bisa nguwasen Reang maneh sampek wayahe sira guneman, ‘Raja sing teka makili Gusti Pengeran pancen diberkahi!’ ”