Paribasane slametan gede
22
Yesus mulang nggawe paribasan maneh ngene, 2 “Kerajaane Swarga bisa digambaren raja sing gawe slametan kanggo ngrabek'en anak'e. 3 Pas slametan kate dimulai, raja ngongkon budak-budak'e nyeluk wong sing wis diundang nang slametan iku. Tapi wong sing diundang pada orak gelem teka. 4 Raja iku ngongkon maneh budak-budak liyane, guneme raja iku, ‘Sampekna nang sak'kabehe uwong sing wis diundang: “Rungokna! Slametane wis kate dimulai. Lembu-lembu karo sapi-sapi sing lemu wis dibeleh gawe suguhan. Kabeh wis siap. Ayo pada teka nang slametan iki!” ’
5 “Tapikne sak'kabeh uwong sing diundang pada orak nggatek'en. Malah wong-wong iku budal nang gagane, terus sing liya ya nyandak penggaweane dewe. 6 Ana pisan sing nyekel budak-budak'e, digepuk'i terus dipateni.
7 “Raja iku dadi ngamuk, terus ngutus prajurit-prajurit gawe mateni wong-wong sing mateni budak'e. Sak'wise iku kotane wong-wong iku diobong. 8 Maringono raja iku guneman maneh nang budak'e, ‘Slametan rabi wis siap, tapikne wong sing wis tak undang nyatane orak pantes. 9 Dadi, budala nang dalan-dalan gede, terus undangen kabeh uwong sing sira campuhi. Kongkonen wong iku marek nang slametane reang.’
10 “Dadi budak-budak iku budal nang sak'kabehe dalan, terus nglumpuk'en sak'kehe uwong sing ditemoni. Sing digawa, wong apik ya wong jahat, dadine enggone slametan rabi iku ebek dayoh. 11 Tapi pas raja mlebu kanggo campuh dayoh-dayoh, dideleng ana dayoh sing orak nggawe klambi sing pantes kanggo slametan. 12 Raja takon nang wong iku, ‘Dulur, njare sira bisa mlebu nang slametan iki nek sira orak nggawe klambi sing pantes kanggo slametan?’ Tapi wong iku orak bisa nyauri peparan. 13 Terus raja guneman nang abdine. ‘Dadungen sikil karo tangane wong iku terus buangna ning enggon sing peteng. Ning enggon peteng iku wong bakale nangis karo kemretek untune!’ ”
14 Terus Yesus nutup paribasane ngene, “Akeh wong sing diundang tapi mek titik sing dipilih.”
Wong Farisi njajal njiret Yesus
15 Maringono wong Farisi pada budal rundingan njare carane njiret Yesus nggawe omongane Yesus dewe. 16 Wong-wong Farisi ngongkon murid-muride karo pepirang wong sing mihak nang Raja Herodes nyampuhi Yesus terus guneman ngene, “Guru, kene weruh nek Rika iku jujur. Rika ya orak wedi nyampek'en dalane Pengeran nang sapa wae, merga Rika orak nggolek rai. 17 Merga iku, gunemana, nurut Rika, apa tah oleh mbayar pajek nang Raja Gede Roma, apa orak?”
18 Yesus weruh nek wong-wong iku kate njiret, terus guneman, “He sira sing apen-apen apik! Ngapa sira kok kate nggolek salahe Reang? 19 Dudohna nang Reang picis sing digawe mbayar pajek.” Wong-wong iku nggawa siji picis perak.a 20 Yesus takon, “Iki gambare karo jenenge sapa?”
21 Wong-wong iku semaur, “Raja Gede Roma.”
Terus Yesus guneman, “Nek ngono, gewehna paran sing dadi duwek'e Raja Gede nang Raja Gede, terus gewehna paran sing dadi duwek'e Pengeran nang Pengeran.”
22 Kongkonane wong Farisi iku gawok ngrungok'en guneme Yesus, terus budal.
Wong Saduki njajal njiret Yesus
23 Pas dina iku pisan, ana wong-wong Saduki marek nang Yesus. (Wong Saduki iku, masia ngerti temenan isine Kitab Suci, orak percaya wong mati bisa diuripen maneh.) Terus wong Saduki iku takon nang Yesus, 24 “Guru, Nabi Musa muruk'i nek'e wong lanang mati terus orak duwe anak, dulure kudu ngrabi bojone wong sing mati iku. Terus wong iku kudu nerusen keturunane dulur sing mati iku mau. 25 Tau ana dulur pitu ning antarane kene. Sing tembarep rabi karo wong wedok, terus mati, tapi orak duwe anak. 26 Dadi dulure sing nomer loro rabi cek'e bojone sing tembarep. Tapi ya mati, nanak anak'e. Sing pada kedadean mbarek dulur ping telune sampek ping pitune. 27 Ahire wong wedok iku ya mati pisan. 28 Dadi sedulur sing kabehe pitu iku mau pada wis tau ngrabi wong wedok iku. Tapikne pas wayah wong diuripen teka patine, sapa ning antarane wong pitu iku sing dadi bojone wong wedok iku mau?”
29 Saure Yesus, “Sira nemen kelirune, merga sira orak weruh Kitab Suci, ya orak weruh nang kuwasane Pengeran. 30 Pas dinane wong mati diuripen teka patine, nanak sing rabi utawa dirabek'en. Pas wayah iku menungsa bakale dadi ngentah malaekat ning swarga. 31 Sira mestine tau maca sing digunemen Pengeran ning Kitab Suci ngenek'i wong mati sing diuripen maneh:
32 ‘Reang iki Pengerane Abraham, Pengerane Isak karo Pengerane Yakub.’ (Keluaran 3:6)
“Dadi, Pengeran iku Gustine wong urip, duduk Gustine wong sing mati.”
33 Akeh wong sing ngrungok'en wuruk'ane Yesus iku dadi gawok.
Prentah sing paling penting
34 Wong Farisi krungu nek Yesus nggawe wong-wong Saduki iku orak bisa semaur, terus rundingen. 35 Salah sijine wong Farisi sing dadi ahli hukum agama Ibrani takon nang Yesus, 36 “Guru, prentah sing endi sing paling penting teka hukum agama Ibrani?”
37 Yesus nyauri wong iku,
“Welas asihana Gusti Pengerane sira katek sak'kabehe atine sira,
sak'kabehe jiwane sira, karo sak'kabehe pikire sira. (Ulangan 6:5)
38 “Prentah iku sing paling penting. 39 Terus prentah sing nomer loro ya pada,
‘Welas asihana dulureb sira memper sira melasi awak'e sira dewe.’ (Imamat 19:18)
40 “Prentah loro iku sing dadi dasare sak'kabehe hukum agama Ibrani karo wulangane nabi-nabi.”
Yesus takon nang wong-wong Farisi
41 Sak'wene wong-wong Farisi gek pada nglumpuk, Yesus takon, 42 “Nurut sira, Raja Pilihane Pengeran iku anak putune sapa?”
Semaure wong-wong iku, “Anak putune Raja Daud.”
43 Yesus guneman, “Nek ngono, ngapa Raja Daud, ngliwati kuwasane Roh Suci, nyeluk Kristus iku Gustine Daud dewe? Merga ning Kitab Suci Daud guneman ngene,
44 ‘Gusti Pengeran guneman nang Gustine reang,
“Lungguha ning sisih tengene Reang
sampek Reang ndeleh musuhe Sira ning isore sikile Sira.” ’ (Masmur 110:1)
45 “Dadi nek'e Daud nyeluk Raja Pilihane Pengeran iku Gusti, njare Raja iku bisa dadi anak putune Daud?”
46 Nanak sesijia uwong sing bisa nyauri paran sing ditakok'en Yesus. Terus teka dina iku wong-wong Farisi orak wani takon peparan nang Yesus sing tujuane nggolek salahe Yesus.