Yesus diterima ning Yerusalem memper raja
21
Yesus karo murid-muride marek'i kota Yerusalem, terus mampir ning desa Betfage. Ning Pusung Saitun Yesus ngongkon murid loro mlaku ndikik'i. 2 Gunemane Yesus, “Mlebua nang desa iki. Pas sira njebul, sira bakale nemok'en keledai babon sak'anak'e sing dicancang. Uculana, terus gawanen mrene. 3 Nek ana wong sing takon nang sira, tuturen, ‘Gusti mbutuhen keledai,’ terus wong iku bakal langsung ngolehi kewan iku digawa.”4 Iku kedadean cekne njangkepi sing wis ditulis nabi biyen,
5 “Tuturen nang sak'ubenge desa-desaa Sion,
Delengen! Rajane sira teka nang sira.
Raja iku orak gendak terus teka nunggang keledai,
Raja iku nunggang anak'e keledai enom,
yaiku anak'e kewan sing biasa digawe usung-usung.” (Sakaria 9:9)
6 Wong loro iku, budal terus nglakoni paran wae sing dituturen Yesus. 7 Keledai babon sak'anak'e digawa nang Yesus. Murid-muride ndeleh jubahe gawe lemek ning nduwure keledai babon sak'anak'e, terus Yesus lungguh ning nduwure.
8 Akeh wong sing nglumpuk iku ndeleh jubah-jubahe ning dalan kanggo ngajeni Yesus. Ana sing golek pang-pange, terus disebar ning dalan pisan. 9 Akeh wong sing mlaku ning ngarepe karo ngetuten ning mburine pada memelung banter,
“Hosanab ya Anak'e Raja Daud!
Raja sing teka makili Gusti Pengeran pancen diberkahi!
Hosana, ya Pengeran sing Maha Luhur!” (Masmur 118:25-26)
10 Pas wayah Yesus mlebu kota Yerusalem, wong-wong sak'kota pada rame. Wong-wong iku pada takon, “Sapa wong iku?” 11 Akeh wong sing nyauri, “Iki Nabi Yesus, sing asale teka desa Nasaret ning daerahe Galilea.”
Yesus ning latare Umahe Pengeran
12 Maringono Yesus mlebu latare Umahe Pengeran, terus nundung sak'kabehe wong sing dodolan ning latar iku, sampek diobrak-abrik. Yesus ndeleng wong-wong sing ngijoli picis karo sing dodol manuk dara, terus meja-mejane ambek kerosi-kerosine dikurat-kariten. 13 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Ning njero Kitab Suci tetulis,
‘Umahe Pengeran bakale diarani umah kanggo ndedunga.’ (Yesaya 56:7)
“Tapikne malah sira ndadek'en enggon singitane rampok.”

Yesus nundung wong sing dodolan (21:13)
14 Ana wong-wong picek karo wong semper nekani Yesus ning latar Umahe Pengeran, terus Yesus marasen wong-wong iku. 15 Na, pepirang pengarepe sembahyang karo ahli agama Ibrani pada nguwasen Yesus nglakok'en mujijat-mujijat apik iku. Terus pemimpin-pemimpin agama iku ya ngrungok'en lare-lare pada mbengok muji Yesus ning latar iku ngene, “Hosana, ya Anak'e Raja Daud!” Ndeleng iku kabeh, pemimpin-pemimpin agama iku pada memoring, 16 terus ngomong nang Yesus, “Apa sira krungu lare-lare iku memelung ngono? Ngapa diolehi?”
Saure Yesus nang wong-wong iku, “Iya, Reang krungu! Mestine sira wis maca ning Kitab Suci sing unine ngene,
‘Teka cangkeme lare-lare karo bayi-bayi sing gek nyusu,
Gusti Pengeran nyawisi puji-pujian.’ ” (Masmur 8:3)
17 Sak'wise iku Yesus metu teka kota iku, budal nang Betania, terus Yesus nginep ning kana.
Yesus nyedani wit ara
18 Sesok'e pas isuk nemen, Yesus mbalik nang kota terus kerasa luwe. 19 Yesus nguwasen wit ara ning pinggire dalan, terus diparek'i kanggo njukuk wohe. Tapikne pas diwasen Yesus mung nemok'en godong tok, nanak wohe. Mangkane Yesus nyedani wit iku, “Sira orak bakal nguwoh sak'teruse.” Wit iku memara dadi garing.
20 Murid-murid pada nguwasen kedaden iku, terus dadi kaget. Maringono takon, “Njare kok wit iku memara dadi garing?”
21 Saure Yesus, “Gunemane Reang iki bener temenan, nek'e sira percaya karo orak mamang, sira ya bisa nglakoni paran sing wis Tak lakoni nang wit ara iku. Malahan sira bisa nglakoni luwih teka sing Tak lakoni iku. Sira bisa ngomong nang gunung iki, ‘Diunggahen, terus dicemplungen nang njerone segara,’ terus iku bakal kedadean. 22 Nek sira percaya, sira bakale nerima paran wae sing sira jaluk sak'njerone dungane sira.”
Kuwasane Yesus asale teka endi?
23 Maringono Yesus mlebu maneh nang latare Umahe Pengeran. Pas Yesus mulang ning kono, pepirang pengarepe sembahyang karo sesepuhe wong Ibrani marek nang Yesus, terus takon, “Nggawe kuwasa paran Sira mulang ngene? Terus sapa sing nggewehi kuwasa nang Sira nglakoni kabeh iku wingi?”
24 Yesus semaur, “Reang kate takon nang sira. Nek'e sira njawab, Reang bakale njawab sira nggawe kuwasa paran Reang nglakoni iki kabeh. 25 Baptisane Yohanes iku asale teka endi? Teka Pengeran utawa teka menungsa?”
Wong-wong iku rundingan siji nang sijine ngene, “Nek'e kene semaur baptisane Yohanes asale teka Pengeran, Yesus bakal njawab, ‘Nek ngono ngapa sira kok orak percaya nang Yohanes?’ 26 Tapi nek'e kene semaur baptisane Yohanes asale teka menungsa, kene wedi wong akeh iki bakale ngamuk. Merga wong-wong iki pada percaya nek'e Yohanes iku nabi temenan.” 27 Dadine wong-wong iku njawab Yesus, “Kene orak weruh.”
Terus Yesus guneman nang wong-wong iku, “Nek'e ngono, Reang orak bakale ndongengi sira nggawe kuwasane sapa Reang nglakoni iku kabeh.”
Paribasan ngenek'i lare loroc
28 Yesus guneman nang kabeh pemimpin agama iku mau, “Njare pikire sira nang paribasan iki? Ana bapak sing duwe lare lanang loro. Bapak iku marek nang lare sing tembarep terus ngongkon, ‘Le, nyambut gawea ning gaga anggur dina iki.’ 29 Lare tembarep iku semaur, ‘Reang moh.’ Tapi orak kosi suwe lare iku getun terus lunga nang gaga.
30 “Maringono bapak iku budal nang lare sing sijine, terus guneman sing pada. Lare sing sijine iku semaur, ‘Iya Pak, reang bakale budal.’ Tapi nyatane orak budal.
31 “Sing endi teka lare loro iku sing nglakoni kekarepane bapakne?”
Saure wong-wong iku, “Lare sing mbarep.”
Yesus semaur nang wong-wong iku, “Gunemane Reang iki bener temenan, sak'iki wong-wong sing narik pajak karo senok ndikik'i sira dadi warga Kerajaane Pengeran! 32 Merga Yohanes teka ndudohen paran sing Pengeran anggep bener nang sira, terus sira orak percaya nang Yohanes. Tapikne wong-wong sing narik pajak karo senok percaya nang Yohanes. Masia sira wis nguwasen wong-wong iku tobat, tapi sira tetep orak gelem tobat karo percaya nang Yohanes.”
Paribasane gagane anggur
33 Yesus guneman maneh, “Rungokna paribasan iki: ana wong sing manja anggur ning gagane. Wong iku gawe pager ning sak'ubenge gaga iku, terus gawe panggonan kanggo meres anggur sing wis dipanen, ya pisan ngedeken pondok sing duwur kanggo njaga. Maringono gaga iku disewak'en nang wong-wong tani liyane, terus ditinggal ngelencer nang negara liya.
34 “Pas wayah panen, wong sing duwe gaga iku ngongkon koli-koline nang wong-wong sing nyewa gagane, njukuk bageane teka asile kebonane iku mau. 35 Tapikne wong-wong sing nyewa iku nglakoni jahat nang koli-koli sing diutus iku. Ana sing dicekel, ana sing diambleki, ana sing dipateni, ya ana sing diantemi karo watu. 36 Wong sing duwe gaga iku ngongkon koli-koline luwih akeh maneh. Wong-wong sing nyewa iku nglakoni jahat maneh nang koli-koli iku memper maune.
37 “Ahire wong sing duwe gaga iku ngongkon anak'e dewe, marani nang wong-wong sing nyewa iku. Guneme ning atine ngene, ‘Wong-wong iku mestine ngajeni anak'e reang dewe.’
38 “Tapikne, pas wong-wong sing nyewa iku nguwasen anak'e sing duwe gaga, wong-wong iku pada guneman, ‘Iku anak sing bakale marisi gaga iki. Ayo dipateni lare iku, terus dipek warisane.’ 39 Maringono wong-wong sing nyewa iku nyekel anak'e sing duwe gaga iku, diuncalen metu teka gaga anggur iku, terus dipateni.”
40 Terus Yesus takon, “Dadi pas teka, paran sing bakale dilakoni wong sing duwe gaga nang wong-wong sing nyewa iku?”
41 Pemimpin-pemimpin agama iku pada semaur, “Wong sing duwe gaga iku mestine mateni wong-wong tani sing kereng iku! Maringono wong sing duwe gaga iku bakale nyewak'en gaga anggure nang wong tani sing liya, sing gelem mbayar asile pas wayahe panen.”
42 Yesus guneman maneh, “Mestine sira tau maca ning Kitab Suci tulisan iki,
‘Watu sing dibuang nang tukang-tukang bangunan,
wis dadi watu ancer-ancere umah.d
Gusti Pengeran sing ndadek'en iku ngono,
penggaweane Pengeran iku nggawok'i kene.’ (Masmur 118:22-23)
43 “Mangkane Reang guneman nang sira: Hak'e sira dadi warga Kerajaane Pengeran bakale dijukuk teka sira, terus digewehen nang wong sing bisa ngasilen wohe, yaiku nurut nang Pengeran. 44 Wong sing tiba ning nduwure Watu iku, mesti ajur. Terus wong sing ketiban Watu iku mesti remek.”