Paribasan wong sing nyambut gawe ning kebonan anggur
20
Yesus guneman, “Kerajaane Swarga iku ngentah wong sing nduwe kebonan anggur. Pas wayah isuk-isuk, sing nduwe kebonan anggur iku budal golek wong-wong sing bisa nyambut gawe ning kebonan anggure. 2 Wong iku nyampuhi koli-koli sing kepingin nyambut gawe. Wong-wong iku setuju nek dibayar sak'gedene asilea buruhan sak'dina. Maringono sing nduwe kebonan iku ngongkon ngawiti nyambut gawe ning kebonane.3 “Wayahe jam sanga isuk, wong sing nduwe kebonan iku budal nang pasar maneh, terus nguwasen koli-koli sing pada ke-kelentreng nganggur orak duwe penggawean. 4 Terus wong sing nduwe kebonan iku guneman nang wong-wong iku, ‘Nek sira gelem nyambut gawe ning kebonane reang, bakale tak bayar sing pantes.’ Wong-wong iku gelem terus budal nang kebonan anggur iku.
5 “Maringono wayahe jam rolas wong sing nduwe kebonan budal nang pasar maneh, terus jam telu sore ya budal nang pasar maneh. Saben budal wong sing nduwe kebonan iku teterusan golek koli-koli sing gelem nyambut gawe ning kebonan anggure. 6 Wayahe jam lima sore, wong sing nduwe kebonan iku budal maneh nguwasen koli-koli liya sing gek ngadek ning pasar, terus takon, ‘Ngapa sira kok nganggur wae ning kene, sak'dina mepet orak nglakoni peparan?’
7 “Jerene wong iku, ‘Nanak wong sing nggenehi penggawean nang kene!’
“Wong sing nduwe kebonan iku guneman, ‘Sira kabeh, nyambut gawe'a pisan ning kebonan anggure reang.’
8 “Pas wis wayahe peteng, wong sing duwe kebonan guneman nang mandore, ‘Celuk'ana kabeh wong sing nyambut gawe iku. Bayaren wong-wong iku molai wong sing nyambut gawe sing gek entas teka, sampek sing kawit isuk mau teka.’
9 “Wong sing nyambut gawe molai jam lima sore nerima asile sing gedene asil nyambut gawe sak'dina. 10 Terus wong sing nyambut gawe kawit isuk teka kanggo nerima asile pisan. Wong iku mikir nek bakale dibayar luwih akeh ketimbang koli liyane. Tapikne saben wong sing nyambut gawe iku ya pada oleh asil sing sak'gedene buruhan nyambut gawe sak'dina. 11 Pas koli-koli sing nyambut gawe paling suwe iku nerima buruhan sing pada, wong-wong iku ngedumel nang wong sing duwe kebonan iku. 12 Koli-koli iku pada takon, ‘Njare wong sing nyambut gawe sore mek sak'jam, kok dibayar pada karo reang? Tapi kene wis nyambut gawe nyusang jempalik kawit isuk, sampek sara panase sengenge sak'dawane dina!’
13 “Wong sing nduwe kebonan iku semaur, ‘Kanca, ngapa sira rumangsa reang orak adil? Sira lak wis setuju sak'dina nyambut gawe oleh asile sak'mono? 14 Jupuk'en bayarane sira terus budala! Reang kepingin nggenehi koli sing mlebu pungkasane buruhane pada karo sira. 15 Apa reang orak bebas nglakok'en paran wae sing tak karepen nggawe picise reang dewe? Apa sira iri merga reang loman nang wong liya?’ ”
16 Terus Yesus nutup paribasane ngene, “Dadi wong sing pungkasan bakal dadi wong sing kawitan, ya sing kawitan dadi sing pungkasan.”
Ping telune Yesus nggewehi weruh wayah matine
17 Yesus mlaku nang Yerusalem bebarengan karo rolas muride. Pas iku Yesus nglumpuk'en rolas muride teka kabeh wong liyane sing melu, terus guneman, 18 “Gatekna, kene kabeh gek mlaku nang Yerusalem. Reang, Rajane Menungsa, bakale diserahen nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama, terus digewehi ukuman pati. 19 Maringono wong Ibrani iku bakale nyerahen Reang nang wong sing duduk Ibrani. Wong-wong iku bakale ngenyek, mecuti nemen, terus mateni Reang ning kayu salib. Tapikne pas dina ping telune Reang bakale diuripen maneh.”
Penjaluk'ane emakne Yakobus karo Yohanes
20 Maringono bojone Pak Sebedeus teka nang Yesus bebarengan anak-anak'e, yaiku Yakobus karo Yohanes. Emak iku sujud ning ngarepe Yesus terus njaluk pangestu.
21 Yesus takon, “Paran sing sira karepen?”
Wong wedok iku semaur, “Esun njaluk Rika ngestoni anak-anak'e esun lungguh ning sisih tengen karo kiwane Rika engko nek Rika wis didadek'en raja.”
22 Yesus semaur nang wong loro iku, “Sira orak ngerti paran sing sira jaluk. Apa sira sanggup nerima sara memper sing kate Tak alami?”
Semaure wong loro iku, “Iya, sanggup.”
23 Yesus guneman, “Pancene sira kate ngalami sara persis sing Reang alami. Tapikne Reang orak duwe hak nentok'en sapa wae sing lungguh ning kiwa utawa ning tengene Reang. Mung Bapakne Reang sing nentok'en sapa wae sing lungguh ning endi.”
24 Pas sepuluh murid liyane ngrungok'en iku, kabeh pada memoring nang murid loro iku. 25 Mulane Yesus nyeluk murid-muride terus guneman, “Sira weruh nek pemimpin-pemimpin ning ndunya iki seneng ndudohen kuwasane nang rakyat, terus seneng nindes rakyat. 26 Tapikne kanggo sira orak ngono. Sapa sing arep dadi pemimpin kudu dadi memper wong budak. 27 Sapa sing kepingin dadi nomer siji kudu ngladeni wong liya. 28 Ngono uga Reang, Rajane Menungsa. Reang teka orak cekne diladeni, tapikne Reang teka kanggo ngladeni, terus masrahen uripe Reang kanggo nyelameten wong akeh.”
Yesus marasen wong loro sing picek
29 Yesus karo murid-muride ninggalen desa Yeriko, terus akeh wong pada melu. 30 Ana wong loro picek sing lungguh ning pinggire dalan. Pas krungu nek Yesus gek ngliwati, wong picek iku mbengok, “Gusti, Anak'e Raja Daud, mesakna kene iki!”
31 Wong-wong liya sing ana ning kana memoring nang wong picek iku, terus dikongkon meneng. Tapi wong loro iku terus tambah banter memelunge, “Gusti, Anak'e Raja Daud, mesakna kene iki!”
32 Terus Yesus mandek ambek guneman nang wong loro iku, “Paran sing sira kepinginen Tak lakoni kanggo sira?”
33 Semaure wong loro sing picek iku, “Gusti, kene kepingin mripate kene bisa ketok.”
34 Yesus kerasa mesak'en, terus ngutik mripate wong-wong picek iku. Sekala iku wong loro iku bisa nguwasen, terus melu Yesus.