Apa oleh pegatan?
19
Sak'wise Yesus mulangen kabeh iku, Yesus ninggalen Galilea. Yesus budal nang daerah Yudea, ning sabrange Kali Yordan. 2 Akeh wong sing ngetuten Yesus, terus ning kana Yesus marasen wong-wong sing lara. 3 Tapikne ana pepirang wong Farisi pada teka kate nggolek salahe Yesus. Wong iku pada takon, “Apa wong lanang diolehi megat bojone nggawe alasan paran wae?”4 Semaure Yesus, “Sira mestine tau maca paran sing ditulis ning Kitab Suci, rak? Pas Pengeran nyiptak'en ndunya, menungsa digawe lanang karo wedok. 5 Terus Pengeran guneman, ‘Wong lanang kudu ninggalen bapak karo makne terus dadi siji karo bojone. Lelorone bakal dadi siji.’ † 6 Nek'e ngono bebojonan iku wis orak loro maneh, tapikne wis dadi siji. Dadi, paran sing wis didadek'en siji nang Pengeran, ajo sampek dipisahen nang menungsa.”
7 Wong Farisi iku guneman nang Yesus, “Nek ngono, ngapa Musa kok ngongkon wong lanang nggewehi surat pegat nang bojone sing dipegat?”†
8 Yesus semaur, “Musa ngolehi sira megat bojone sira merga atine sira atos. Tapi molai kawitane orak ngono. 9 Reang guneman nang sira, nek'e ana wong lanang megat bojone sing orak jinah, terus ngrabi wong wedok liya, wong lanang iku mau sing nglakoni jinah. Tapi, nek'e bojone sing wedok iku pancene nglakoni jinah karo wong liya, wong lanang oleh megat bojone iku.”
10 Murid-muride Yesus guneman nang Yesus, “Nek bebojonan pancen memper iku, luwih apik ajo rabi!”
11 Yesus semaur, “Orak saben wong sing bisa nerima wulangan iku mau. Mek ana pepirang wong sing wis digewehi karunia kanggo nerima iki. 12 Ana telung maceme wong lanang sing orak rabi, yaiku:
ana sing ragane ciri molai lair sampek orak bisa duwe keturunan,
ana sing digawe ciri nang wong liyaa sampek orak bisa duwe keturunan,
ya ana sing milih orak rabi merga kepingin ngladeni Kerajaane Swarga.
Sapa sing bisa nerima wulangan iku, wulangan iku kudune diterima.”
Yesus mberkahi lare-lare
13 Maringono wong akeh pada teka, nggawa lare-larene nang Yesus cekne Yesus numpangen tangane nang lelare iku gawe mberkahi mbarek ndungak'en. Pas murid-muride nguwasen iku, murid-murid iku pada menggak wong akeh sing nggawa lare-lare iku.
14 Tapikne Yesus guneman, “Kepe lare-lare iku pada teka nang Reang. Ajo didang-dangi, merga Kerajaane Swarga dadi duwek'e wong-wong sing memper lare-lare iki.” 15 Sak'wise mberkahi lelare iku, Yesus ninggalen daerah iku.

Yesus mberkahi lare-lare (19:15)
Wong sugih nolak dadi muride Yesus
16 Ana wong jaka sing marani Yesus terus takon, “Guru, penggawean apik paran sing kudu tak lakoni cekne bisa nerima urip sing langgeng?”
17 Yesus semaur, “Ngapa sira takon nang Reang ngenek'i paran sing apik? Mung Pengeran sing apik. Nek'e sira kepingin urip sak'lawase, turuten prentah-prentahe Pengeran.”
18 Wong iku takon maneh, “Prentah paran sing kudu tak turuti?”
Yesus semaur, “Ajo mateni, ajo jinah, ajo nyolong, ajo goroh nang wong liya, 19 ajenana bapak makne, terus welas asihana dulure sira memper sira wis melasi awak'e sira dewe.”
20 Wong jaka iku guneman, “Kabeh iku wis tak turuti. Paran maneh sing kudu tak lakoni?”
21 Yesus guneman maneh nang wong iku, “Nek'e sira arep dadi sempurna, dolen kabeh sing sira duweni, gewehna picise iku nang wong sing mlarat, terus sira bakal nduweni dunya brana ning swarga. Maringono, ayo melua Reang.”
22 Pas wong jaka iku krungu gunemane Yesus iku, wong iku budal ambek susah atine, merga wong iku sugih temenan.
23 Yesus guneman nang murid-muride, “Gunemane Reang iki bener temenan, ewoh temen wong sugih mlebu Kerajaane Swarga. 24 Sak'temene, luwih gampang unta mlebu ning bolongane dom ketimbang wong sugih dadi warga Kerajaane Pengeran.”
25 Pas krungu iku, murid-murid pada gawok, terus takon, “Nek'e ngono sapa sing bisa dislameten?”
26 Yesus nguwasen nang murid iku kabeh terus guneman, “Gawe menungsa iku orak kira, tapi Pengeran bisa nglakoni sembarang kalir.”
27 Petrus guneman nang Yesus, “Kene kabeh wis ninggalen sak'kabehe sing dadi duwek'e kene, terus ngetuten Rika. Dadi kene oleh paran?”
28 Yesus semaur nang murid-muride, “Gunemane Reang iki bener temenan, pas wayahe Pengeran nganyari sembarang kalir, Reang, Rajane Menungsa, bakale lungguh ning Tahta Agung. Pas wayah iku sira kabeh sing ngetuten Reang bakale lungguh ning nduwure rolas tahta liyane. Terus sira bakale ngakimi rolas suku Ibrani. 29 Sapa wae sing wis ninggalen umahe, dulur-dulure sing lanang utawa wedok, bapak utawa emakne, anak-anak'e utawa gagane merga melu Reang, wong iku bakale nerima ping satuse sing pada karo iku kabeh, terus bakale marisi urip sing langgeng. 30 Tapi akeh wong sing kawitan, bakale dadi pungkasan. Terus wong sing pungkasan bakale dadi kawitan.”