Sapa sing paling gede ning Kerajaane Swarga?
18
Pas iku murid-murid pada teka nang Yesus terus takon, “Sapa sing paling gede ning Kerajaane Swarga?”
2 Yesus nyeluk salah sijine lare cilik, terus ngongkon lare iku mau ngadek ning tengahe murid-murid iku. 3 Yesus guneman, “Gunemane Reang iki bener temenan, nek sira orak tobat, terus dadi kaya lare cilik, sira orak bisa mlebu nang Kerajaane Swarga. 4 Sapa wae sing ngasoren awak'e dewe kaya lare cilik iki, wong iku sing dadi paling gede ning Kerajaane Swarga. 5 Nek'e wong ngladeni lare cilik iki merga melu Reang, wong iku pada karo nerima Reang.
6 “Ajo sampek sira gawe salah sijine lelare cilik iki sing percaya nang Reang nglakoni dusa. Luwih apik gulune sira ditaleni nang watu gilingan sing abot, terus sira didelepen nang tengahe segara. 7 Blai'a ndunya iki! Merga akeh cobaan bakale teka ngliwati ndunya iki sing nggarai menungsa nglakoni dusa. Tapikne blai'a maneh wong sing nggarai wong liya nglakoni dusa.
8 “Nek'e tangane sira utawa sikile sira nggarai sira dusa, tugelen terus dibuang. Luwih apik nek'e sira oleh urip langgeng masia kilangan salah siji bagean ragane sira, ketimbang sira duwe tangan karo sikil jangkep, tapi sira sak'ragane dibuang ning genine neraka sak'lelawase.
9 “Nek'e mripate sira gawe sira dusa, cungkilen mripate sira terus dibuang. Luwih apik nek'e sira duwe urip langgeng sak'lelawase karo mripat sisih, ketimbang nduwe mripat jangkep, tapikne sira dibuang ning njero genine neraka.
10 “Ajo sampek sira ngremehen salah sijine lare cilik iki. Gunemane Reang iki bener temenan, lelare iku nduwe malaekat-malaekat ning swarga sing teterusan makili ning ngarepe Bapakne Reang ning swarga. [ 11 Merga Rajane Menungsa wis teka gawe nylameten wong-wong sing keblasuh.]”a
Domba sing ilang
12 “Nek'e ana wong sing duwe domba kabehe satus (100), terus salah sijine ilang, paran sing kate dilakok'en wong iku? Mestine wong iku ninggalen dombane sing sangang puluh sanga (99) ning pusungan, terus nggolek'i domba siji sing ilang iku. 13 Gunemane Reang iki bener temenan, nek'e wong iku wis nemok'en dombane sing ilang iku mau, mestine wong iku luwih bungah merga wis bisa nemok'en domba siji mau timbangane sangang puluh sanga (99) domba iku sing orak ilang. 14 Ya ngono pisan, Bapakne sira sing ana ning swarga orak gelem salah sijine lare cilik iki keblasuh.”
Njare carane nuturi dulure sak'iman
15 “Nek'e dulure sira sak'iman nduwe salah nang sira, parek'ana, terus sampekna nang dulure sira salah paran sing wis dilakoni, tapi kloron wae. Nek'e dulure sira gelem ngrungok'en sira, hubungane sira diapik'en maneh. 16 Tapi, nek'e dulure sira iku orak gelem ngrungok'en sira, parek'ana maneh mbarek ngejak'a kanca siji utawa loro. Merga hukum agama Ibrani guneman, ‘Kudune ana wong loro utawa wong telu dadi saksi, cekne paran sing kedaden bisa dibuktek'en.’ 17 Nek'e dulure sira gek nolak, genehana weruh masalah iku mau nang sak'kabeh kumpulane wong percaya. Nek'e wong iku orak gelem nerima wejangane kumpulane wong percaya, wong iku kudu dianggep dadi wong sing orak percaya nang Pengeran utawa wong dusa, memper wong sing narik pajek.
18 “Gunemane Reang iki bener temenan, paran wae sing sira kabeh penggak ning bumi iki, wis dipenggak ning swarga. Terus sing sira kabeh ngolehi ning bumi iki, wis diolehen ning swarga. 19 Sepisan maneh, gunemane Reang iki bener temenan, nek'e ana wong loro ning antarane sira sing sak'ati nang paran wae sing didungak'en, paran sing didungak'en iku bakale dikabulen nang Bapakne sira ning swarga. 20 Merga nek'e ana wong loro utawa wong telu sing pada kumpul merga melu Reang, pancene Reang ana ning tengah-tengahe wong iku mau.”
Paribasane cara nyepura wong
21 Petrus teka nang Yesus terus takon, “Guru, nek'e dulure sak'iman reang nglakoni salah nang reang, sampek ping pira reang kudu nyepura? Apa reang kudu nyepura sampek ping pitu?”
22 Semaure Yesus, “Orak mung ping pitu, tapikne sira kudu nyepura pitung puluh ping pitu. 23 Merga iku, uripe warga ning Kerajaane Swarga bisa digambaren ngene: Ana raja sing nganak'en pritungan utang mbarek budak-budak'e. 24 Pas wayah raja nganak'en pritungan iku, ana wong budak sing nduweni utang sak'gedene asile buruhan nyambut gawe rong atus ewu (200.000) taun.b Terus budak iku digawa ngadep raja. 25 Tapikne budak sing utange akeh iku orak duwe picis gawe mbayar utang iku mau. Dadi raja mrentahen cekne wong iku didol, bebarengan bojone, anak-anak'e, ambek kabeh dunyane pisan. Picis olehe dodolan iku kate digawe mbayar utange. 26 Budak iku tiba mengkurep terus njaluk temenan, ‘Sabara dikek. Reang kate mbayar kabeh utange reang.’
27 “Atine raja iku mesak'en, terus mbebasen budak iku ambek nyepura tanggungane utange pisan.
28 “Sak'marine iku, budak iku metu, terus ketemu mbarek budak liyane. Budak iku duwe utang nang wong iku mau sak'gedene asile buruhan nyambut gawe telung wulan.c Budak sing wis disepura nyekel mbarek nekek gulune budak sing duwe utang cilik iku terus guneman ngene ‘Bayaren utange sira sak'iki!’ 29 Budak iku terus sungkem mbarek njaluk temenan, ‘Sabara dikek. Reang bakale mbayar kabeh utang iku.’ 30 Tapikne, budak sing disepura iku mau orak gelem sabar. Budak iku njaluk nang hakim cekne nglebok'en budak sing duwe utang nang njero bui sampek utange dilunasi.
31 “Pas budak-budak sing liyane nguwasen kedadean iku, kabeh pada susah temenan. Dadine budak-budak sing liyane iku nggenehi weruh kabeh sing kedaden nang raja. 32 Maringono raja nyeluk budak kawitan iku terus guneman, ‘He budak sing jahat! Reang wis nyepura utange sira sing gede iku merga sira njaluk temenan nang reang. 33 Kudune sira ya melasi nang kancane sira sing duwe utang nang sira.’ 34 Mangkane raja iku dadi bongol nemen, terus mrentah budak iku dibui ambek disiksa sampek kabeh utange dilunasi.”
35 Yesus marek'en gunemane ngene, “Ya ngono Bapakne Reang ning swarga ya bakale nglakoni ngono nang sira, nek'e sira orak temen-temen nyepura dulure sira.”