Yesus ndudohen kamulyane
17
Nem dina sak'marine iku, Yesus nggawa Petrus, Yakobus, karo Yohanes, yaiku adekne Yakobus, nang gunung sing duwur. Mek wong papat iku sing budal. 2 Ning kana Yesus ngalih rupane ning ngarepe wong-wong iku. Raine semorot memper sengenge, terus sandangane semunar putih. 3 Mara-mara murid iku pada ndeleng Nabi Musa karo Nabi Elia omong-omongan ambek Yesus. 4 Petrus guneman nang Yesus, “Guru, bungah temen kene ana ning enggon iki. Nek'e Rika gelem, reang kate ngedeken pondok telu ning kene. Sing siji gawe Rika, sing siji maneh gawe Musa, terus sing sijine maneh gawe Elia.”
Yesus, Musa, karo Elia (17:4)
5 Tapi pas Petrus gek guneman, mendung sing nemen kandel mayungi wong iku kabeh. Teka njero mendung iku krungu suwara sing guneman, “Iki Anak'e Reang sing Tak tresnani, sing nyenengen atine Reang. Rungokna Anak'e Reang iki!”
6 Pas ngrungok'en suwara iku, murid-muride Yesus nemen wedine, terus tiba mengkurep nang lemah. 7 Tapi Yesus marani, terus nyandak muride, “Ngadek'a. Ajo wedi.”
8 Pas murid-murid iku melek, mung Yesus dewe sing diwasen.
9 Maringono Yesus guneman nang murid-muride pas mudun teka gunung iku, “Paran sing sira wasen ning gunung iku, ajo diceritak'en nang sapa-sapa. Entenana sampek Rajane Menungsa diuripen teka pepati.”
10 Murid-murid iku takon nang Yesus, “Ngapa ahli-ahli agama mulang nek Nabi Elia kudu teka sak'durunge Raja Pilihane Pengeran teka?”
11 Yesus semaur, “Pancen, Nabi Elia bakale teka gawe mbalik'en sembarang kalir. 12 Tapi Reang guneman nang sira, Nabi Elia wis teka, tapikne wong-wong iku orak ngerti. Tibak'e Elia digawe sak'karepe nang wong-wong iku. Rajane Menungsa ya bakal dilakok'en persis iku nang tangane wong jahat.” 13 Dadi murid-murid ngerti nek'e sing dimaksuten Yesus iku pancene Yohanes sing mbaptis wong.
Yesus marasen lare cilik
14 Pas mbalik nang wong-wong akeh, ana wong lanang sing marek'i Yesus, terus sujud 15 ambek guneman, “Pak, mesakna anak'e reang sing lara ayan. Anak'e reang iku gelek tiba nang geni karo banyu. 16 Reang wis nggawa anak'e reang nang murid-muride Rika, tapikne murid-muride Rika orak bisa marasen.”
17 Semaure Yesus, “He wong-wong sing orak percaya karo jahat! Sak'pira lawase Reang kudu urip bebarengan sira? Sak'pira lawas maneh Reang kudu sabar nang sira? Gawanen anak'e sira iku mrene.” 18 Maringono Yesus nundung roh jahat metu teka awak'e lare iku, terus lare iku waras.
19 Sak'wise iku, murid-muride Yesus pada takon nang Yesus, “Ngapa kene orak bisa nundung roh jahat iku?”
20 Saure Yesus, “Sira orak bisa nundung roh jahat iku metu merga sira kurang percaya. Sak'temene, nek sira wis nduwe iman sak'gedene wiji cilik, sira bisa guneman nang gunung iku, ‘Ngaliha mrana!’ terus gunung iku ya ngalih. Nanak barang sing orak bisa sira lakoni. [ 21 Tapikne roh jahat persis iku mung bisa ditundung nggawe dunga karo pasa.]”a
Ping pindone Yesus ngramalen patine
22 Pas Yesus karo murid-muride nglumpuk ning Galilea, Yesus guneman nang murid-muride iku, “Rajane Menungsa bakale dipasrahen nang tangane menungsa. 23 Wong-wong iku bakale mateni Reang, tapikne pas telung dinane, Reang bakale diuripen maneh.”
Murid-murid iku susah nemen pas ngrungok'en gunemane Yesus iku mau.
Wuruk'ane Yesus ngenek'i pajek
24 Yesus karo murid-muride budal nang Kapernaum. Ning kono, ana tukang narik pajek kanggo Umahe Pengeran sing nekani Petrus terus takon, “Apa Gurune sira bayar pajek'e Umahe Pengeran?”b
25 Petrus semaur, “He'e.”
Maringono Petrus mlebu nang umah, tapi Yesus sing guneman nang Petrus dikek, “Nurut sira, raja-raja ning ndunya iki narik pajek teka sapa? Teka wargane dewe, utawa teka wong sing asline negri liya?”
26 Petrus semaur, “Raja-raja iku narik pajek teka wong liya.”
Yesus guneman, “Nek ngono, wargane dewe orak usah mbayar pajek. 27 Tapikne kene orak gelem gawe tukang narik pajek iku kesandung. Dadi budala nang ranu terus mancinga iwak. Bukak'en cangkeme iwak kawitan sing sira cekel. Sira bakale nemok'en picis ning njerone cangkeme iwak iku. Gewehna picis iku nang tukang narik pajek iku mau. Picis iku cukup kanggo mbayar pajek'e Reang karo sira.”