Pemimpin Ibrani njajal Yesus
16
Wong Farisi karo wong Saduki nekani Yesus cekne dijajal. Wong-wong iku njaluk nang Yesus nglakoni mujijat sing bisa mbuktek'en nek Yesus iku asale teka Pengeran. 2 Semaure Yesus, “Sira bisa nguwasen surupe sengenge, nek langit katok'e abang, sira mesti guneman, ‘Sesok orak udan.’ 3 Terus pas wayah isuk, nek langit abang terus peteng, sira guneman ‘Kate udan.’ Sira nguwasen tenger-tenger iku ning langit, cekne weruh udan apa orak. Tapikne sira orak ngerti tegese tenger-tengere jaman iki. 4 Wong-wong ning jaman iki jahat karo orak setia. Wong-wong iki kepingin ndeleng mujijat sing mbuktek'en kuwasane Reang. Tapi nanak tenger sing kate digenehen kejaba tengere Nabi Yunus.”a Terus Yesus budal ninggalen wong-wong iku.
Wuruk'ane wong Farisi ambek wong Saduki memper ragi
5 Yesus karo murid-muride nyebrang Ranu Galilea, tapikne murid-muride lali nggawa roti. 6 Yesus guneman, “Ati-ati. Ajo sampek sira kenek ‘ragine’ wong Farisi karo wong Saduki.”
7 Dadi murid-murid iku pada ngomongen maksute siji nang sijine. Jerene, “Apa maksute Yesus kene lali nggawa roti?”
8 Yesus weruh nek murid-muride pada bingung, mulane guneman, “Ngapa sira pada ngomongen roti sing lali digawa? Sira kurang percaya. 9 Gawok'en temenan nek sira iku durung ngerti! Ilinga roti limang iji sing dipangan limang ewu (5.000) wong! Pirang wakul kekarene roti sing sira dewe nglumpuk'en iku? 10 Terus ngapa sira sampek lali uga roti pitung iji roti sing wis dipangan petang ewu (4.000) wong! Pirang wakul kekarene roti sing sira dewe nglumpuk'en iku? 11 Dadi wis gamblang Reang orak guneman ngenek'i roti iku! Reang ngilingen sira cekne sira ati-ati kok ajo digorohi nang ‘ragine’ wong Farisi karo wong Saduki!”
12 Ahire murid-murid iku ngerti maksute Yesus. Yesus orak ngilingen murid-muride iku cekne jaga-jaga nang ragi sing gawe roti, tapikne ngilingen cekne jaga-jaga nang wuruk'ane wong Farisi karo wong Saduki.
Petrus ngakoni Yesus iku Raja sing dijanjek'en Pengeran
13 Sak'wise Yesus teka ning daerah Kaisarea Filipi, Yesus takon nang murid-muride, “Jerene wong, sapa Reang, Rajane Menungsa iki?”
14 Semaure murid-murid iku, “Ana sing guneman Rika iku Yohanes sing mbaptis wong, ana sing guneman nek Rika iku Nabi Elia biyen. Terus ana maneh sing ngarani Rika iku Nabi Yeremia, utawa salah sijine nabi sing biyen.”
15 Yesus takon, “Tapi nurut sira, sapa Reang iki?”
16 Simon Petrus semaur, “Rika iku Raja Pilihane Pengeran,b yaiku Anak'e Pengeranc Sing Urip.”
17 Yesus semaur, “Simon, anak'e Yunus, bungaha temenan sira iku. Duduk menungsa sing nggewehi pengerten iku nang sira, tapikne Bapakne Reang ning swarga sing ndudohen iku. 18 Terus Reang guneman nang sira: Sira iku Petrus.d Guneme sira iku memper watu pondasi sing kate digawe mbangun umate Reang. Terus kuwasane pepati orak bisa ngalahen umate Reang iku. 19 Reang kate nggenehi kunci Kerajaane Swarga nang sira. Merga iku, paran sing sira penggak ning bumi iki wis dipenggak ning swarga. Terus kabeh sing sira ngolehi ning bumi iki wis diolehen ning swarga.” 20 Maringono Yesus nuturi murid-muride cekne ajo nyeritak'en nang sapa wae, nek'e Yesus iku Raja Pilihane Pengeran.
Yesus ngramalen patine dewe
21 Pas iku, Yesus molai guneman nang murid-muride nek Yesus dewe kudu budal nang Yerusalem. Yesus njelasen nek sesepuh Ibrani, ketuane pengarepe sembahyang, ambek ahli-ahli agama Ibrani kate nyiksa Yesus sampek nemen sarane. Terus Yesus bakale dipateni, tapi pas dina ping telune bakale diuripen maneh.
22 Dadi Petrus nggawa Yesus ngadoh titik teka murid liyane terus maido Yesus ngene, “Guru, orak kira Pengeran ngolehi. Ajo sampek guneme Rika iku mau kedaden.”
23 Tapi Yesus noleh terus guneman nang Petrus, “Budala sira, Iblis! Sira njajal ngalang-ngalangi Reang, merga sing sira pikiren iku memper sing dipikiren menungsa, duduk pikirane Pengeran.”
24 Maringono Yesus guneman nang murid-muride, “Nek'e ana wong sing arep melu Reang, wong iku kudu mburek'en kekarepane dewe. Wong iku kudu siap mati entah wong sing mikul salibe,e terus melu Reang. 25 Wong sing arep nyelameten uripe ning ndunya bakale kilangan uripe ning swarga. Tapikne wong sing kilangan uripe ning ndunya merga melu Reang, wong iku bakale urip slamet ning swarga. 26 Nanak gunane wong sugih dunya brana sak'isine ndunya tapikne uripe orak slamet. Apa tah, dunya brana bisa nebus uripe wong? 27 Reang, Rajane Menungsa, bakale teka maneh bareng malaekat-malaekate Reang, ya sak'njerone kamulyan Bapakne Reang. Pas iku, Reang kate mbales nang saben wong pada karo paran sing tau dilakoni. 28 Gunemane Reang iki bener temenan, pepirang wong ning antarane sira orak bakal mati sak'durunge ndeleng Rajane Menungsa didadek'en Raja ning ndunya.”