Prentahe Pengeran karo adate wong Ibrani
15
Pepirang wong Farisi karo ahli agama Ibrani teka Yerusalem pada marani Yesus. Wong-wong iku pada takon, 2 “Ngapa murid-muride Rika orak ngetuten aturan sing digewehi mbah buyute kene sing urip biyen? Ngapa murid-muride Rika orak wisuh tangane nek kate mangan?”3 Saure Yesus, “Ngapa sira kok nglanggar prentahe Pengeran kepe sira oleh nuruti adate sira dewe? 4 Pengeran guneman,
‘Ajenana bapak karo emakne sira.’ (Keluaran 20:12)
“Terus,
‘Wong sing guneman elek ngenek'i bapak karo emakne kudu dipateni.’ (Keluaran 21:17)
5 “Tapikne sira ngolehi wong guneman nang bapak emakne dewe, ‘Kabeh keduwenane reang orak oleh digawe rika, merga wis tak gewehi nang Pengeran.’ 6 Dadi, nurut adate sira, wong iku orak kudu ngajeni wong tuwek'e dewe. Iku mbuktek'en sira wis ngilangen prentahe Pengeran cekne nuruti aturan gawenane sira dewe!
7 “Sira iku wong sing apen-apen apik! Nabi Yesaya wis bener pas nulis gunemane Pengeran ngenek'i sira sing ngene iki,
8 ‘Bangsa iki ngajeni Reang katek lambene,
tapi sak'benere atine bangsa iki adoh teka Reang.
9 Wong-wong iku sia-sia nyembah Reang,
tapi mek mulang aturan sing digawe menungsa.’ ” (Yesaya 29:13)
Sing najisen
10 Yesus nyeluk wong akeh marek'i terus guneman, “Rungokna karo gatekna iki. 11 Sing gawe wong najis iku duduk paran sing mlebu nang cangkeme wong. Tapi sing metu teka cangkeme wong, iku ngono sing najisen.”
12 Terus murid-muride Yesus nekani Yesus, “Apa Rika wis weruh nek'e wong-wong Farisi iku memoring merga gunemane Rika?”
13 Saure Yesus, “Kabeh wit sing orak ditandur nang Bapakne Reang ning swarga bakale dijebol sak'oyot-oyote. 14 Kepe wae wong Farisi iku! Wong-wong iku pada karo wong picek sing nuntun wong picek. Lelorone bakal tiba ning jublangan.”
15 Petrus guneman, “Jelasna tegese paribasan sing gek entas Rika gunemen iku mau.”
16 Yesus guneman, “Apa sira gek durung ngerti wae? 17 Sira mestine wis weruh nek'e kabeh panganan sing wis mlebu nang cangkem iku bakale ngliwati weteng, terus ditok'en nang kakus. 18 Tapikne guneman sing orak apik asale teka atine wong. Iku ngono sing diarani najis nang Pengeran. 19 Merga paran wae elek sing dilakoni menungsa, iku ngono asale teka njero atine sing jahat, yaiku mateni wong, laku jinah, cabul, nyolong, tuduhan palsu, ambek mitnah. 20 Kabeh iku mau sing najisen wong. Tapi, wong orak dadi najis mek merga orak wisuh sak'durunge mangan.”
Yesus nulung wong wedok sing duduk Ibrani tapi sing percaya
21 Yesus ninggalen panggonan iku terus budal nang daerahe kota Tirus karo Sidon.a 22 Mara-mara ana wong wedok teka daerah iku nekani Yesus, terus guneman gawe suwara banter, “Gusti, Anak'e Raja Daud, mesakna esun. Anak'e esun sing wedok dileboni roh jahat sampek sara uripe.”
23 Yesus orak semaur wong wedok iku.
Maringono murid-muride Yesus pada nekani Yesus terus njaluk nemen, “Kongkonen wong wedok iku budal, merga wong iku terus ngetuten kene mbarek pepelung.”
24 Yesus njawab, “Reang diutus nang wong sing keblasuh teka suku Ibrani wae.”
25 Tapikne wong wedok iku marek'i Yesus terus sujud ning ngarepe mbarek guneman, “Gusti, tulungen esun!”
26 Yesus guneman, “Orak apik njupuk roti teka lare-lare Ibrani, terus nggewehen roti iku nang kerek-kerek.”b
27 Wong wedok iku semaur, “Bener Gusti, tapikne kerek-kerek iku wae mangan kekarene roti sing rotoh teka mejane wong sing duwe kerek iku mau.”
28 Terus Yesus semaur, “Mak, imane sira gede! Reang nglakoni paran sing dikarepen.” Sekala iku uga anak wedok'e wong iku waras.
Yesus marasen akeh wong
29 Maringono Yesus ninggalen panggonan iku terus mlaku sak'pinggire Ranu Galilea. Maringono Yesus munggah nang pusung terus lungguh ning kana. 30 Akeh wong sing pada teka nang Yesus mbarek nggawa wong lara, terus ndeleh wong-wong iku ning ngarepe Yesus. Ana sing orak bisa mlaku, ana sing picek, pincang, budek, ambek liya-liyane. Yesus marasen wong iku kabeh. 31 Wong akeh iku pada gawok nguwasen ana wong bisu bisa guneman, wong pincang bisa mlaku, wong picek bisa ndeleng. Merga iku, kabeh wong pada mulyak'en Pengerane wong Ibrani.
Yesus nggewehi mangan 4.000 wong luwih
32 Yesus nyeluk murid-muride terus guneman, “Reang mesak'en nang wong akeh iku. Wis telung dina bebarengan Reang ning kene, terus sak'iki wong-wong iku orak duwe panganan maneh. Reang orak gelem ngongkon wong-wong iku budal mbarek kluwen merga engko kesambet ning dalan.”
33 Murid-muride takon nang Yesus, “Njare ning plosok iki kene bisa tuku roti sing cukup dipangan wong sing akeh iki?”
34 Yesus takon, “Pira roti sing ana ning sira?”
Muride Yesus semaur, “Ana pitung iji roti mbarek pepirang iwak cilik.”
35 Maringono Yesus ngongkon wong akeh iku pada lungguh ning lemah. 36 Yesus njupuk pitung roti mbarek iwak iku. Sak'wise nedanerima, Yesus nugel-nugel roti iku terus nggewehen nang wong akeh iku. 37 Kabeh wong pada mangan sampek wareg. Sak'wise iku wong-wong iku pada nglumpuk'en kekarene roti sampek oleh pitung wakul bek kabeh. 38 Ana kekira petang ewu (4.000) wong lanang sing mangan ning kono, durung keitung wong wedok karo lare-larene sing melu mangan.
39 Sak'wise wong-wong iku mangan, Yesus ngongkon wong iku kabeh pada moleh. Maringono Yesus munggah nang prau, terus budal nang enggon sing diarani Magadan.